Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 07 Juli 2024 07:43 WIB)

(Cerita Cendhek) Nempuhi Welas


Pari ring sawah elor umahe Mak Inah katon wis melecuti, wiji -wiji pari katon kaya jugedan merga magih durung ebeg isine. Manuk-manuk padha selamberan kaya milu girang memengan, miber lan temencok ring uwit pari hang katon seger ijo seru godhonge.
Mak Inah lungguh ring paglak, saben dina gedigu. Wayah serngenge melethek iyane melaku melipir turut galengan. Kadhang disambi methik kangkung hang ngelantar ngetan ngulon ring pinggire banyu cilik wates mburi sawahe. Mari-mari dhemen ndeleng sawah, ngerasakaken hawa desa hang seger sing ana polusi. Kadhangane ndeleng tegalan cilik ring ngarepe paglak, nawi ana rambanan tah woh jambu utawa poh hang bisa dipethik. Kadhung wis ulih cukup rambanane Mak Inah aju balik lungguh ring paglak ambi methiki kangkung tah genjer, kadhangane gundha utawa semanggi.
Nyawang sakubengane, gedhang Saba abang katon emeh nyuluh, tadhah udane wis katon mempeg tandhane mula wis tuwek. Ring kulon paglak ana gedhang lempeneng ya wis katon gedhi ontonge. Terong welut wis katon ngembang, lobok litik mulai berai kelire, ana hang magih ijo, kapuranta lan ana pisan hang wis abang. Rantine ya wis bisa dipethik pirang iji keneng dienggo sak sambelan. Engko nak njaluk tulung Kang Urik ngametaken lucu ring tegalan kidul, nak nggawe sambel lucu, gedigu njero batine Mak Inah.
Mak Inah mula dhemen tandur-tandur, bengen magih jaya awake ya gelem juger-juger lemah dhewek nandur paran bain. Saiki wis sing sanggup mulane ana Kang Urik, rewang magersarine hang awake magih kusa lan mula pegaweyane dadi petani.
Katon ring latar umah tikele, maneka pethetan godhong lan kembang werna-werni katon subur lan endah. Ngatonaken gok hang duwe umah mula dhemen lan kepingin hang sanja merono bisa pernah.
Lungguh ring paglak, Mak Inah metenggengen kaya ana hang dipikir, ngelayung, angenane nyerambah nyang endi-endi. Kaya ana hang dirandhu, ana hang dianteni. Ya, mula anak putu adoh teka penyawangan, manggon ring negara liya, golet sangu tuwek jarene.
Sedhilut engkas emeh ulan puwasa, bengen magih bisa tangi bareng, sahur lan buka puwasa bareng anake. Ketang anak mung siji-sijine, ondhal-andhil. Bengen Mak Inah ya gedigu, ngumbara ring kutha liya golet sangune tuwek. Serta anake umah-umah Mak Inah aju mulih nyang tanah kelairan. Mula wis impene ngantekaken mangsa tuweke ring desa, parek sawah parek tegalan. Masiya sawah sing sepira wera, tegalan ya semono uga. Taping umah tikel hang diedegaken parek sawah nepaki iyane jak loron lakine magih jaya bisa nggawe atine ayem.
“Aja ngelayung bain Dhik, kesambet jim wit gedhang kayu engkotah,” mara-mara ana suwarane lakine. Man Nawawi katon munggah timplikan nuju paglak. Biyasahe iyane mari subuhan nyang mesjid lan nderes Quran aju maca buku, dhung using ya nulis, wis mula dhemenane. Kadhung nepaki hing maca utawa nulis ya ngancani Mak Inah ndileng sawah lan tegalan, ndelengi pethetan tah tanduran hang ana ring latar umah. Njabuti suket utawa meriksa nawi ana tanduran hang keneng hama. Jak loron mula padha dhemene nyang tanduran. Mulane katon gok semono akehe tandurane padha seger lan temata endah.
“Yaiku Kang, wis emeh Romadon yak.. Pitri wis rong taun sing balik teka Korea, ndane sepira gedhine wis putune awak dhewek iku?” saute Mak Inah.
“Iya yuh, Isun ya wis kepingin kecaruk.. tapi ya wis kelendi maning, aja pati dipikir seru-seru engkotah nggarai awake warang,”
“Iya yuh, taping kadhang mula sing bisa diapusi ati iki masiya tawis diselimuraken merana-merene,” abane Mak Inah keranta-ranta.
Jak loron aju nerusaken gesah tuwek, ambi kadhang nyawang sawah, nyawang wit-witan hang ana ring sakubengane paglak. 
***
Sing kerasa Romadon wis mareki malem likuran, jajan lebaran wis dhirik nong lemari kaca, engko dhung wis lebaran aju padha metu temata dhirik nong ndhuwur meja. 
Mulih teraweh, Mak Inah ambi Man Nawawi melaku jak loron. Mula mesjid desa sing sepira adoh teka umah, maningan melaku nyang mesjid yara saben jangkah ana ganjarane.
“Montore sapa iku Kang?” takone Mak Inah nyang lakine, merga katon ana montor mandheg nong ngarep lawang kori umahe.
“Sapa ndane merdhayoh wayahmene yuh?” saute Man Nawawi padha bingunge.
Gadug ngarep umah, parek montor mandheg mauka, buru arep mangap takon nyang dhayohe, ana uwong metu teka montor mauka.
“Amit Pak, Buk.. benertah niki geriyane Pak Nawawi?” abane wong iku, katone kaya supir kongkonane uwong.
“Enggih Pak, Kula tiyange,” semaure Man Nawawi.
“Eh, enggih.. Kula Saperik,” abane wong iku mau ambi ngejak salaman. Man Nawawi aju ngelajokaken dhayohe lungguh nyang kursi gelondhongan kayu hang ana ring teras umah.
“Enten napa nggih?” takone Man Nawawi mbukak gesahan.
“Niki, Kula dikengken pak bos ngateraken titipan dugi Korea, terose yogandika hang ngirim. Pak bos nedi sepunten, polae setemene dugine empun sederenge puwasa nika ya.. taping pak bos dadakan mangkat teng Jakarta, cumpune dugi Jakarta pak bos aju teng Singapur. Kerana mboten ganti koper nepaki mangkat teng Jakarta niku dadi titipane katut pisan. Pungkasane merga pak bos kesah teng Singapur titipane dikirim paket, niki wau buru nggadug,” jelentrehe pak Saperik nyang Man Nawawi. Mak Inah milu lungguh ngerungokaken sakwise nggawekaken wedang kopi.
“Yeeh… kiriman teka Pitri iku Pak,” abane Mak Inah.
“Enggih Buk, niki titipane,” saute pak Saperik ambi ngelungaken bungkusan kira-kira gedhine sak kerdus banyu gelas nyang Man Nawawi.
“Terami nggih Pak, empun nyampekaken titipane anakkula,” Man Nawawi nampani kerdus iku.
“Eh.. diinum kerin kopine Pak, mumpung magih panas,” Mak Inah manggakaken nyang dhayohe.
“Enggih pun, Kula pamit.. niki magih ajenge ngateraken titipan teng emake pak bos,” pamite pak Saperik.
“Enggih Pak, sepisan malih, terami nggih..” saute Man Nawawi.
Sakuwise dhayone mulih, Man Nawawi mbukak kerdus kiriman teka anake. Mak Inah nganteni ning pareke.
Isine ana kelambi dienggo lanang lan wadon, pantese ya dienggo Man Nawawi ambi Mak Inah engko lebaran. Ana jajan pirangane macem, embuh paran iku wacanane jak loron padha sing pahame  merga tulisane nganggo aksara kanji Korea. 
Ana amplop soklat kayane surat.
“Apak, Emak hang Sun welasi, rong taun Pitri nahan kangen nyang Ndika jak loron. Nedhi sepuntene sak dhuwure gunung sak dawane lurung, lebaran niki Pitri nggih dereng saged wangsul teng tanah air. Merga negarane hang kathah niku sanes tiyang Islam pendhudhuke, pereine mboten kaya teng Indonesia. Pitri saged cuti taping Kakang dereng angsal giliran perei. Nedhi redhane Apak, Emak.. Pitri mung saged kirim tandha welas dugi kadohan. Mula kabeh niki sing keneng dibandhingaken ambi girange ati kadhung bisa kumpul lebaran Pak, Mak.. taping niki mung tandha gok Kula enget lan kangen nyang Ndika jak loron kelawan welas hang gedhi. Mugiya Apak Emak terus seger waras, lan Pengeran ngabulaken pendongane Pitri makene gancang saged kepanggih Ndika jak loron. Nedhi pendongane, mugi kabeh digampangaken.”
Ring njerone amplop iku ana picis akehe rong ewu dolar amerika.
Sing bisa diempet maning iluh deredesan, Mak Inah nangis mbesesegen. Man Nawawi ya ngembeng iluh, meluk rabine hang saiki tangisan. Mula tekane anak iku sing bisa diganteni ambi sepira akehe barang tah picis hang dikirim, tapi kelawan cara gedigu nduduhaken gok anak enget nyang wong tuweke iku hang nggawe sekeluwarga kepuket rasa welas.
***
Allaahu Akbar Allaahu Akbar Allaahu Akbar
Laa ilaahq illallaahu Allahu Akbar
Allaahu Akbar wa lillahilkhamd…
Mak Inah ambi Man Nawawi goncengan sepidhah montor sembayang nong Taman Blambangan. Mula wis adate sakat bengen kala wong tuweke jak loron magih ana lan urip ring tengah kutha.
Ngerasakaken kahanan lebaran mula beda, wong pating salaman  nepaki kecaruk uwong hang dikenal ring lapangan. Kayane sing ana maning wih pecake tukar tah bengkerengan sabene. Kabeh pating nyepura lan njaluk sepura, guyub, rukun.
Balik nyang umah, Man Nawawi ambi Mak Inah ya sing bisa gancang. Melaku sithik mandheg, melaku sithik mandheg maning merga kecaruk kanca lan tangga hang diliwati. Mula gedigu adate kadhung lebaran. Kabeh salam-salaman masiya kecaruk nong tengah dalan.
Sampek emeh gadug umah katon ana montor ring ngarepane lawang kori.
“Kang, iku dudu montor hang sore ika tah? Pak Saperik hang ngateraken titipane Pitri?” takone Mak Inah nyang lakine.
“Eh, iya Dhik.. sanja lebaran nawi ya?” saute Man Nawawi.
“Yeeh.. iya paling Kang,”
Merga ana montor, sepidhah montore Man Nawawi diparkir nong lawang cilik mburine montor. Jak loron wis siyap-siyap arep mbukak gembok lawang ngelajokaken dhayohe.
Ana abane lawang montor dibukak,
“Mak… Apak…” suwarane lare wadon gemeter ngempet tangis.
“Pitri? Pitriiii…” sing keneng ditahan maning, bencah tangise Mak Inah meluk anake, Man Nawawi metenggengen ngembeng iluh.
***
“Dadi Pak, Mak, kerana kalih taun mboten saged wangsul, ulan puwasa wingi bapak kalih emak maratuwa marani teng Korea. Kadine niki nggih dadakan Kula dikengken wangsul masiya dhewekan. Putune Ndika setemene ajenge Kula ejak, empun diidini kalih Kakang, tapi angsale tiket mung setunggal. Kula kiyambek pungkasane hang balik, niki Kula mbayar kangen, mbayar welas Ndika jak loron hang mboten kira sanggup Kula bayar sedawane uripkula,”
***

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf