Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 11 Juni 2023 08:14 WIB)

(Cerita Cendhek) Nganteni Payune Sapi


Laire anake kanti selamet nggawe atine Saipul rada lega. Iyane uga bungah nduwe anak wadon hang ayu. Dudu mung Saipul hang ngerasa bungah, Mujaki lan Bik Rohayah uga bungah ulih putu hang ayu. Naming ana hang magih ngganjel ring atine Saipul. Kala rabine adu nyawa ngelairaken anake, emak kandhunge Saipul hang aran Bik Watik, sing katon blas. Bik Watik malah ngelencer ambi emak-emak kampunge ring pesisir.

Sing katone Bik Watik nong umahe bidhan, nggawe atine Saipul rada sing enak ambi mertuwane. Mertuwane lanang, Mujaki, ngaya lan rada maksa teka ndeleng lairane putune. Ale iyane magih lara. Naming kerana girange arep duwe putu, larane sing dirasakaken. Iyane ngaku seger lan ngaya milu ndeleng nong umahe bidhan.

Ambi rada mberebes mili, Saipul ngomong ring jero ati, “Endane emak iki sing girang tah arep duwe putu. Wis weruh dhung rabinisun arep lairan, iyane mbelani ngelencer ambi emak-emak kampung nong pesisir. Endane sing kepingin weruh kelendi rupane putune, lanang tah wadon. Ale wis Sun kabari dhung Onah wis lairan, naming Iyane ya sing mara merene.”

Pikiran iku terus bain nggalo atine Saipul. Ring antarane rasa bungah, magih ana rasa sing enak lan lara ati ambi kelakuane emake. Katon dhung emake sing dhemen nyang rabine, sampek-sampek sing gelem nunggoni mantune lairan ring bidhan. Iyane malah lebih milih kelenceran ambi kanca-kancane para emak-emak nong pesisir.

“Dhuh Gusti... salah paran Isun lan rabinisun, gok Emak sing gelem ndeleng lairan putune,” jare Saipul ring njero ati sakuwise ngadani anake.

Mujaki lan Bik Rohayah seru girange ndeleng putune hang katon ayu, putih lan bacote mancung. Mujaki hang magih lara, sing kerasa maning larane. Iyane seru bungahe sampek lali ambi larane. Keloron katon padha rebutan kanggone nggendhong putu hang kawitan.

“Kang... Rika aja nggendhong sulung. Rika iki magih durung aron yak. Engko kadhung temeblug lan semaput ring kene, sing sekaken ambi putunrika iki tah. Lare iki magih bayi... ajaa temeblug, nggendhong bain sing ulih kasar-kasar,” jare Bik Rohayah ambi njuwut jabang bayi teka gendhongane Saipul.

Ambi rada ngersula, Mujaki nuruti paran hang diomongaken rabine. Mula iyane ngerasa dhung awake magih durung aron. Naming kerana kepingin ndeleng putu, iyane nguwat-nguwataken.

“Iya wis Dhik... Isun bisa ndeleng gedigi bain wis girang. Rasane lega ati iki. Kaya wis jangkep rasane bisa ngerasakaken duwe putu. Sing kaya Apak bengen, sing bisa ngerasakaken duwe putu,” jare Mujaki ambi rada mberebes mili.

Bik Rohayah kemesud rungu paran hang diomongaken lakine. Iyane enget kedadeyan pirangane taun kepungkur, kala iyane magih durung diuwani momongan. Kelendi apake Mujaki njaluk iyane leren megawe supaya bisa cepet meteng. Sampek apake Mujaki madhep ngulon, iyane magih durung bisa nguwani putu. Sing kerasa Bik Rohayah milu mberebes mili.

*  *  *

Sing kerasa Onah wis telung dina lairan. Iyane wis katon seger maning. Isuk iku iyane wis nggendhong bayine hang diuwani aran Sari, ring ngarepan umah. Tangise Sari kaya-kaya mula dianteni ambi Mujaki lan Bik Rohayah. Rungu tangise bayine Onah, wong keloron katon marem. Wong keloron ngerasa uripe sempurna, duwe anak, mantu lan putu.

Ambi nyeka Mujaki hang wis bisa lungguh dhewek, Rohayah takon nong hang lanang.

“Kang... Onah iki wis telung dina lairan, naming sampek saiki Isun sing weruh gok emake Saipul mara merene ndeleng putune. Endane sing kepingin ndeleng putune tah?” takone Bik Rohayah.

“Ya nawi bain magih sing kober kerana akeh garapan ring sawah. Rika ra weruh, apak emake Saipul iku megawene ring sawah ambi ngerumat sapi. Dhung ditinggal, sapa hang arep ngerumat sapine ambi sawahe?” jare Mujaki ndeleng apike.

“Ya endane ngoberaken sedhilut bain ndeleng putune sing bisa Kang. Kadhung raina sedina-dina ring sawah. Dalu yara bisa merene masiya mung sedhilut, hang penting weruh kelendi putune. Isun sing njaluk paran-paran Kang, sing njaluk digawakaken paran-paran. Hang penting iyane teka merene ndeleng putune, iku bain cukup wis,” Rohayah mempeng.

“Rika aja suudon digu tah Dhik. Wong tani iku abot penggaweyane. Dhung sedina wis nong sawah, dalu ya wis kesel awake. Timbangane metu umah, bangur turu makene engkisuke seger maning dhung nong sawah. Paran maning, dalu apake Saipul ya kudu makani sapine. Wis tah Dhik, sing usah mikir hang using-using. Mesthi apak emake Saipul merene, tapi embuh kapan. Nawi bain nganteni lodhange wektu. Nganteni dhung sing akeh pegaweyan nong sawah,” jare Mujaki ngedhem-ngedhem atine hang wadon.

Paran hang digesahaken wong keloron iku, temakaken kerungu ring Saipul. Tepak Saipul ngeliwati kamare mertuwane arep nong cedhing, iyane sing nyangka dhung kerungu gesahe mertuwane perkara emake. Sakkal raine Saipul mberabag abang. Iyane rada bangkel nyang emake.

“Dhuh Mak.. Rika kari nggawe Isun isin. Endane wis telung dina putunrika lair, Rika sing ana kerenteg kepingin weruh putunrika, lanang tah wadon, sehat tah using. Sampek emak apake Onah ngomong gedigu,” jare Saipul ring jero ati ambi melaku nuju cedhing.

Ambi ngucek popoke bayine, Saipul magih enget paran hang digesahaken emak apake Onah. Rasane Saipul kepingin nekani emake, arep takon apuwa sing gelem ndeleng putune. Saipul mikir dhung emake mula sing dhemen ambi Onah, rabine. Mangkane iyane sing gelem teka lan sing gelem ndeleng bayine Onah, ya putune dhewek.

Sing kerasa Saipul wis suwi ana ring cedhing. Teka njaba cedhing Onah takon, “Kang Rika sing megawe tah. Iki wis emeh setengah pitu ya. Engkotah kesulungan Man Dorik nyusul,"

“Iya Dhik.. iki Isun buru marek adus. Mau ngucek popoke endhuk, aju adus. Popoke wis Hun endoh ring temba, kari mepe bain,” jare Saipul nong hang wadon. “Maning, nawi engko Isun mulih rada dalu. Isun nak mampir nong Emak sulung, ana perlu,” tambahe Saipul tanpa njelentrehaken paran perlune ambi emake.

* * *

Soren iku Bik Watik ana ring gedhogan sapine. Iyane ngerijigi kepong hang ana ring kandhang. Kepong-kepong iku dikelumpukaken ring jugelangan sisihe kandhang. Ndeleng emake gedigu, Saipul kang sakat teka penggaweyane wis arep muring, sing sampek ati arep muring. Saipul katon sekaken ndeleng emake rijig-rijig gedhogan dhewekan. Apake hang wis sing enom maning mesthine magih ring tengah tegalan nutugaken ngarit suket kanggo pakane sapi. Merga kesuk isuk apake Saipul sing bisa ngarit, iyane kudu ngancani hang duwe sapi nong umahe hang arep tuku sapine.

“Ana paran Pul. Sira sing mulih sulung tah.. gok Sira magih katon kothor digu. Magih luluh-luluh thok seruwalira ya,” takone Bik Watik ambi nerusaken rijig-rijig gedhogan.

“Iya Mak... Isun teka pegaweyan aju merene. Isun nak arep takon, putunrika wis umur telung dina, naming Rika ambi apak sing katon njumbul merana blas.. apuwa sih Mak?" Takone Saipul rada anter. “Endane sing kepingin weruh putunrika lanang tah wadon, seger tah using. Sapa arane,” tambahe Saipul ambi milu nulungi emake mbuwang romot ring jugelangan.

“Sapa uwonge duwe putu kawitan sing kepingin weruh putune Pul. Emak ambi Apak ya kepingin merana, kepingin ndeleng putu. Naming Emak ambi Apak magih durung duwe paran-paran. Kelendi jare mertuwanira dhung Emak merana sing nggawa paran-paran. Antenana sulung tah sedina rong dina iki, sapine wis ana hang nawa. Mandar muga kesuk iku regane cocok,” jare emake Saipul.

“Iya Pul.. kesuk isuk Isun ambi Man Serad arep marani hang nawa sapine, dongakena bain regane cocog. Dhung cocog, dina iku uga sapine dikongkon ngirim lan picise ditransper,” jare apake Saipul hang teka ambi mikul cingkek isi suket.

“Mak... Pak.. Isun iki sing arep njaluk paran-paran. Sing kathik nggawa paran-paran wis merana, hang penting Emak ambi Apak ngaton... ndeleng putunrika. Putunrika, ayu Mak, bacote rungih, kulitane putih kaya emake. Adate kana sing padha ambi ring kene Mak. Ring kana sing usah nggawa gawan sing paran-paran. Sing kira arep diomongaken uwong, sing padha ambi ring kene.. sing nggawa gawan bisa dadi omongan ring banyu,” Saipul negesaken maning.

“Masiya digu, Emak tetep sing enak Pul dhung marani putu sing nggawa paran-paran. Embuh kelambi sak pengadeg, Emak yara mesthi nggawa. Sing enak dhung mung tayongan bain merana... masiya tah sing arep dadi omongan,” jawabe Bik Watik.

“Wis tah Pul.. Emak ambi Apak mesthi merana ndeleng putu. Kari nganteni payune sapi iki bain ya. Kesuk katone wis paca dituku ambi Man Huri. Iyane wis ndeleng sapine... katone dhemen ambi sapine, katon lemu-lemu. Mung kari nyocogaken regane bain. Selisih sithik bain mesthi dieculaken ambi Man Serad, kerana Man Serad arep tuku embeng maning dirawataken ring apak maning,” jare apake Saipul.

Rungu jawabe emak lan apake, Saipul rada lega. Paran hang ana ring pikiran eleke, temakaken sing bener. Emak ambi apake temakaken seru kepingine ketemu ambi putune, naming iyane kerasa hing enak dhung sing nggembol gawan. Mangka kala iku iyane keloron magih durung duwe picis. Iyane keloron magih nganteni payune sapi.

Sing kerasa ketelon gesah sampek emeh wayah Magerib. Pungkasane ketelon melaku bareng melebu ring umah hang ana ring wetane gedhogan. Saipul langsung njujug melebu cedhing adus. Luluh hang magih katon jangget ring sikile digebeg ambi sepet. Rambute dikeramasi kerana ring pegaweyane raina mau keciciran luluhe Man Dorik.

Marek rijig-rijig ring cedhing, Saipul pamitan nong emak lan apake arep mulih. Kerana Onah ring umah wis mesthi nyepakaken sega tempong dhemenane Saipul. Paran maning sambele pedhes lan ana iwak gerange, sing kerasa mangan bisa rong piring. (**)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor