Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 02 Juni 2024 07:22 WIB)
(Cerita Cendhek) Rejeki Wedhus
Mak Ijah urip keloron ambi anak lanange hang magih cilik, Salim arane. Lakine wis ninggal donya sakat Salim magih bayi. Kerana iku, iyane seru temenanane ngerumat Salim makene padha ambi rewange. Makene sing kurang-kurang welas asihe nang wong tuwek, masiya wong tuwek kari siji.
Saikine Salim wis umur wolung taun. Lare cilik kang patheng angon menda tinggalane apake. Saben soren nggiring menda-mendane golet suket nyang kebonan. Iyane sing tau ngersula ngelakoni kabeh iku. Iyane seru girang atine dhung wayah angon menda.
Dina Jemuah, sak mudhune uwong jumatan. Salim sing nganteni wayah soren arep angon menda. Kerana ngerti saikine wis mangsa rendheng. Rada soren sitik mesthi udane mudhun.
Sing lali pamitan ambi emake, Salim aju melaku angon menda. Ambi gendhingan sedawane dalan, iyane melaku nggiring mendane nyang kebonan. Dina iki, iyane golet panggonan rada adoh. Merga suket hang ana nyang kebonan elore banyu kang biyasah iyane parani wis entek, durung merujuk maning.
Salim melaku ngulon. Ambi ngati-ati nggiring mendane melaku nggolet suket kang magih kandel godhonge.
Weruh suket kang katon ijo lan gembel, iyane aju ngeculaken menda-mendane makene bisa mangan suket sak warege. Serngenge panas kementhang. Salim lungguh ring ngingsore uwit epoh kang erob. Dirasak-rasakaken angin semilir kari icis. Sing kerasa, Salim keturon ring kono.
Rada suwi, langit uwah dadi mendhung. Gibese angin saya anter. Geludhug celepretan. Salim kang kesirep ring ngingsor uwit epoh jenggirat tangi. Kepungun-pungun iyane nggiring mendane mulih. Banyu udan wis mangkat cicir. Digancangaken melakune. Ring tengah dalan, iyane nyawang menda-mendane kang padha keruntelan melaku. Iyane buru kerasa gok ana kang kurang. Kalingana mendane kurang siji.
“Astagfirulloh, mendanisun kurang siji.”
Sekala iku, iyane melayu ngalor, ngidul, ngulon, ngetan nggoleti mendane kang kurang siji. Taping, sing ketemu. Salim, ambi nangis mulih nggiring menda kang magih ana. Sing dirasakaken maning banyu udan kang cicir saya deres.
“Nyang endi, mendanisun iki. Sing biyasahe kok nyingsal siji. Mak, sepurane," Salim nggeremeng dhewek.
Ring ceracabane lawang, Mak Ijah wis nganteni tekane Salim. Katon ring kadohan anake lan segerumbul mendane melayu mulih. Atine mak Ijah kerasa lega nyawang anak lanange mulih masiya keblesan banyu udan. Mak Ijah wis nyiyapaken banyu gemulak kanggo aduse Salim. Mak Ijah ngerti dhung anake mesthi gemigilen kerana kudanan ring dalan.
Ambi mbukak lawang, Salim uluk salam “Assalamualaikum”
“Walaikumsalam, wis Lik, gancang adusa, makene sing masuk angin.” Semaure Mak Ijah.
Salim ambi rada lendhu melebu nyang cedhing. Mak Ijah rumangsa kaya ana kang ngganjel ndeleng anake lanang kang lemes melaku nyang cedhing. Sing gancang ditakoni ana paran. Mak Ijah aju nyiyapaken mangan.
Sak marine adus lan ganti kelambi, Salim melaku nyang panggonan mangan. Nyawang emak wis nyepakaken sega lan iwak ring ndhuwur meja. Esem lambene ngajak gesah ngawiti cerita.
“Lim, mangana wis kang wareg. Engko bain dhung arep cerita,” ujare emake kalem.
Atine Salim kang arep melung, saya srep ngerenyes.
“Nggih mak.” Ambi ngedhuk sega ring kemarang.
Sak marine mangan, Mak Ijah sing sekala iku nakoni kedadeyan paran kang mari dilakoni. Taping Mak Ijah ngejak anak lanange iku geredhoan. Ambi muni gendhing-gendhing lucu kang bisa nggawe anake gemuyu.
Lamat-lamat, Salim ngawiti cerita.
“Mak, sepurane kang akeh. Salim sing bisa njaga amanah.”
“Apuwa Lik?" Semaure Mak Ijah alus.
“Mendane apak, ilang siji Mak.”
“Kelendi ceritane gok bisa ilang?” Takon Mak Ijah edheng.
Salim cerita sekabehe kang dilakoni mauka sampek ilange menda. Iluh mili sing keneng dibebeng. Ati ngenes kerasa-rasa.
Mak Ijah mula uwong kang tatag. Rungu ceritane Salim, iyane sing gupuh. Iyane aju ngedhemaken atine anake.
“Sak kabehe kang awak dhewek duweni ring donya iki mung titipane Gusti. Dhung mula iku magih rejekinira mesthi sak lawas-lawase bakale balik maning. Tapi dhung Gusti wis nakdiraken dudu duwenira, Sira kudu ihlas ya Lik?. ” Pituture Mak Ijah saya ngadhemaken atine Salim.
Salim mandheg nangis, meluk emake saya rapet.
Dina tambah dina. Ulan wis ganti ulan. Salim lak Mak Ijah ngelakoni urip kaya biyasahe. Salim angon menda, Mak Ijah adol ijon-ijon nyang pasar. Ijon-ijon kang ditandur dhewek nang buri umah kaya dene kangkung, sawen, sawi lan kundur kang merambat nyang pagerane umah.
Isuk iki, Mak Ijah berangkat gawa panenan sawi kuning nyang pasar. Akeh uwong kang padha dhemen nyang sawi tandurane Mak Ijah kerana panganane enak.
“Emak melaku nyang pasar sulung ya Lik.” Pamite Mak Ijah nyang Salim.
Serngenge magih durung kuntup. Mak Ijah wis gadug pasar. Sawi lan untingan ijon-ijon kang digawa teka umah dietap rapet. Uwong tuku padha semilir. Ana kang tuku kangkung mung sak unting. Uga ana kang tuku sawi rada akeh kerana wis langganan.
“Alhamdulillah, hang Sun gawa mauka wis entek. Mugi berkah.” Mak Ijah ngucap sukur nang Pengeran.
Kerana wayah wis mangkat panas. Mak Ijah rijig-rijig panggonane dodolan. Paran bain hang digawa mau wis entek kabeh. Picis ulihe dodolan aju dienggo tuku beras ambi iwak. Uga sing lali nukokaken anak lanange susu wedhus.
Mak Ijah melaku mulih ambi rasa girang. Hing ana rasa kesel kang temepel nang awake. Ngenget-enget kabeh wis dadi takdire iyane, kudu bisa nguripi keluwarga dhewekan.
Edheng-edheng Mak Ijah melaku nuju umahe. Ring kadohan katon uwong lanang rada tuwek melaku serendengan. Saya suwi saya marek-marekaken. Tepak wis parek, uwong iku aju nyeluk Mak Ijah.
“Mbok, sepurane Isun milu nyerintungi Rika.” Ambi suwara kang emeh entek uwong lanang iku ngomong nyang Mak Ijah.
“Nggeh Wak, Ndika napuwa?” semaure Mak Ijah.
“Isun ulih njaluk banyu kang Rika gawa iku, sithik bain. Picisisun ilang, cicir embuh nyang endi. Wis Sun goleti taping sing ketemu.”
“Nggih niki banyune.” Ambi ngelungaken banyu sak wadhahe kang ana ring keranjange.
Sekala iku banyu hang diuweni Mak Ijah diombe ambi uwong iku.
“Rika tiyang pundi Wak?” Takone Mak Ijah.
“Isun manggon ring pinggir banyu gedhe kampung wetan kana. Adoh teka engkene. Aranisun Syairik. Celuken Wak Ilik.”
“Mangga kampah teng geriya, makene rada suda kesele," ajake Mak Ijah.
“Iya wis Mbok kesuwun.”
Sak gaduge Mak Ijah lan Wak Ilik ring umah, katon Salim kang wis nganteni emake mulih teka pasar nang ceracabane lawang.
“Mak… ulih paran?” takone Salim nyang emake.
Arane bain lare, saben dina dhung emake mulih teka pasar mesthi takon paran kang digawa.
“Iki Lik, susu dhemenanira.”
“Iku sapa Mak gok sing tau weruh Isun nyang uwong iku?” ambi madhep nyang emake.
“Uwis engko bain takone, Emak olah-olah sulung ya makene bisa gancang madhang.”
Sakuwise mateng kabeh, Mak Ijah ngajak Wak Ilik mangan bareng ambi anake. Bangete padha mangan, Wak Ilik nulihi Salim kari seru welase. Lan uga kaya tau weruh nyang peraenane lare cilik iku.
“Salim, Wak Ilik milu takon, Sira tau tah memengan nyang kebonan kulon kana?”
“Lawas wis Wak, sing tau merana maning kerana adoh,” semaure Salim.
“Napuwa Wak? Kaya ana kang ngganjel nyang atinrika," takone Mak Ijah.
“Isun kaya tau weruh lare cilik iki turu nyang ngingsore uwit epoh nyang kebonan kulon kono. Wayah iku, Isun gupuh nggiring wedhusisun mulih kerana wis mangkat udan. Gadug umah, Sun lebokaken wedhus-wedhus iku nyang kandhange. Naming gok ana menda kang milu nyang gerombolane wedhusisun," Wak Ilik cerita.
“Menda? Mak mendane Salim niku Mak.”
“Mendanira ilang siji tah Lik?” takone Wak Ilik.
“Nggih Wak," semaure Mak Ijah lan Salim emeh bareng.
“Wis lawas Sun selabar-selabaraken menda iku nyang uwong kampung. Taping sing ana hang rumangsa nduweni.”
Sing kerasa iluhe Mak Ijah mili nyang pipine. Kerana ndeleng anak lanange kang metenggengen, hing nyangka dhung mendane ketemu. Kerana iyane wis ngelilakena menda iku.
“Ayok, Ijah ambi Salim milu nyang umah," Ajake Wak Ilik.
Mak Ijah, Salim lan Wak Ilik melaku lirih-lirih nuju umahe Wak Ilik. Adoh mula antarane umahe Mak Ijah lan Wak Ilik. Nyaberang banyu kang wis ana sasake.
Gadug ring pelataran umahe Wak Ilik, Mak Ijah lan Salim jengah. Ndeleng umahe Wak Ilik kang gedhe lan apik. Sing nyangka dhung ndeleng jegregane Wak Ilik kang biyasah bain.
Mak Ijah lan Salim sing dilebokaken nyang umahe taping wong loro iku diejak nyang buri umahe Wak Ilik. Kalingana ring buri umahe, Wak Ilik nduwe kandhang wedhus kang gedhi lan wera. Ring kana wedhuse Wak Ilik seru akehe.
“Salim, goletana wis endi mendanira,” jare Wak Ilik.
Ulihe Salim ndeleng sekabehane wedhus, sing katon sithik belaka kang aran menda.
“Mak sing ana ya mendane,” omonge Salim nyang emake.
“Man!” Wak Ilik melung nyeluk aran.
Metu teka kiwane kandhang, lare lanang gering dhuwur nuntun ring tangan tengene menda lan tangan kiwane wedhus cilik. Melaku mara nyang Salim.
“Lim, iki mendanira. Sun balekaken ya. Lan kang siji iki wedhus cilik. Rumaten kang apik sampek gedhi. Iki Wak Ilik nguweni ira. Mbesuk dadiya lare kang patheng lan bisa nentremaken atine wong tuwek ya Lik.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.