Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 09 Januari 2022 14:29 WIB)

(Cerita Cendhek) Thulik lan Sarung Bundhelan


Salah siji santrine Thulik hang aran Mahmud arep pamitan mulih kerana wis suwi ulihe mondhok.  Ilmune lare iki ya wis akeh, ulihe sinau ilmu agama hang diwulang Thulik. Iyane kepingin nyebaraken lan ngamalaken ilmune ring desane dhewek. “Kang Thulik, kerana Sun rasa wis akeh ulihisun ngangsu ilmu ring kene, masiyatah akeh kurange, Isun pamit mulih Kang, supaya Isun bisa ngamalaken lan ngajaraken ilmu hang Sun duweni iki kanggo dulur-dulur ring kampung. Ilmu iki makene sing mandheg ring kene, makene nyebar lan manpaat ring wong liya. Isun ngucap kesuwun nyang Rika lan berayat hang ana ring kene, nawi duwe salah Isun njaluk sepura hang akeh Kang," Mahmud nyampekaken kekarepane nyang Thulik. Ambi mesem Thulik nguweni jawaban nyang Mahmud, "Kadhung kareprika gedigu ya apik Kang, muga-muga Rika bisa nyebar manpaat kanggo wong liya, ilmu kudu dilakoni lan diajaraken ring wong hang butuh. Aja kuwatir Kang, kadhung bandha donya hang Rika uwekaken bisa kurang, taping kadhung ilmu hang Rika ajaraken sing bakalan kurang malah Rika tambah pinter. Siji wekasisun, ilmu agama aja kanggo golet donya, hang ihlas Rika ngajar, yakina rejeki iku wis ditulis Hang Kuwasa, Malaikat dum-dum sing bakal salah. Sedurunge Rika mulih, Sun sangoni siji ilmu hang larang kanggo sangu urip, ilmu iki bisa mbandhingi  ilmu hang Rika sinau selawase ring kene, Isun arep takon nyang Rika,”

Mahmud balik takon, “Arep takon paran Kang?”

Thulik aju Takon, "Ring umahrika ana setantah?” 

Mahmud ya rada aneh ambi pitakone Thulik, “Ya ana Kang, ring endi bain setan ana yara? Apuwa Kang?”

Thulik takon maning, "Kadhung ana setan hang nggudha Rika supaya sesat, paran hang arep Rika lakoni ngadhepi setan iki?”

Mahmud njawab teges, "Setan iku bakal Sun lawan lan Sun tulak sak kuwatisun. Bener-bener Sun adhepi sampek mati,”

Thulik ngakak rungu jawabane Mahmud, "Hahaha.. Kadhung gedigu carane Kang, umur Rika entek kanggo nulak lan ngelawan gudha lan rum-rume setan Kang. Rika sing bisa ibadah kerana wektunrika entek kanggo ngelawan setan." 

Mahmud bingung rungu jawabane Thulik, "Aju kudu kelendi Isun ngadhepi setan iku Kang?”

Thulik balik takon maning, ”Kadhung Rika arep muruk ngaji ring langgar, ring tengah dalan ana asu gedhi ngadhang Rika, paran hang kudu Rika lakoni?”

Mahmud teges njawab, "Isun maju terus Kang, kadhung asune nyerang Isun ya Sun lawan mati-matian Kang,”

"Hahaha, ya mati temenan Rika Kang, asu sakmono gedhine dilawan, dicakar dicokot sesehan Kang," Thulik saya ngakak.

Mahmud saya bingung ambi ilmu hang diajaraken Thulik iki, katone guyon taping jeru, “Aju Isun kudu kelendi Kang, Isun tambah bingung." 

Thulik gemunyik nyawang Mahmud hang bingung iku, ambi magih gemunyik Thulik wekas ring Mahmud, "Kang Mahmud, Rika aja bingung, asu iku aja dilawan, cukup celuken hang duwe asu, engko ambi hang duwe asu yara digetak, aju asune nyingkrih. Semono uga setan, setan iku mahluke Gusti Allah, Gusti Allah celuken, njaluka pengayoman ring Gusti Allah, A’uudzu billaahi minasy syaithoonir rojiim, Gusti Allah hang bakal ngusir setane. Apuwa njaluk pengayoman ring Gusti Allah? Kerana menungsa sing bakal bisa ngelawan setan, setan bisa nyawang menungsa, taping menungsa sing bisa nyawang setan. Hang bisa ngalahaken setan mung Gusti Allah kerana hang nyiptalaken lan hang duwe setan iku Gusti Allah, setan sing bisa nyawang Gusti Allah, taping Gusti Allah Maha Weruh ring kabeh mahluke, saingga gampang bain Gusti Allah ngalahaken setan. Dadi kadhung Rika ngadhepi gudha lan rum-rume setan, cukup paserahaken awakrika ring Pengeran, mareka ring Pengeran kelawan nambah ibadah hang saya ihlas," 

Mahmud manthuk-manhtuk tandha paham ambi paran hang dadi wekase Thulik, aju Mahmud pamitan mulih.

Kaya adate Thulik mari sembayang bengi aju melaku-melaku nyambangi santri-santri hang magih turu. Bengi iku Thulik kaget lan heran, kerana ana salah sijine santri hang awake metu sunare. Thulik sing bisa weruh sapa lare iku kerana peraupane padhang ana sunare. Sing kurang akal Thulik nyekel sarunge lare iku aju dibundheli. Wayah jam 3 kenthongan ditabuh tandha wis wayahe santri padha tangi kanggo sembayang bengi.  Ana hang sakkal jenggirat, ana pisan hang males-malesan. Jam 4 bedhug Subuh ditabuh, lare hang turu padha gupuh. Ana hang adus ring belumbang uga ana hang langsung wuduk ring padasan. Adane ngungkung, hang males magih turu ngerapetaken sarung, wong-wong desa padha teka runtung-runtung. Ngegung-ngegung Hang Maha Agung, wayah subuh dosane padha dilarung, donya aherat muga ulih untung. Tembang puja lan puji ring Pengeran Hang Maha Suci, ngerandhu kumpule para santri:

"Laa ilaaha illallah. Almalikul haqqul mubiin. Muhammadur rosuulullah. Shodiqul wa'dil amin

Alaihi salatullahi. Tsumma salaamuhuu. Salatan watasliman. Ilaa aakhiril jaman

Ya Alloh ya Tuhanku. Nabi Muhammad ya nabiku. Kitab Al Qur'an ya imamku. Ka'baitulloh ya qiblatku

Alloh tobat kawula tobat. Mugi Tuhan ngapuraha. Wonten donya katah dosa. Wonten akherat dipun siksa

Babatana rancakana. Aja nganggo buding lan caluk. Ngangguha puji lan dikir. Laa ilaaha illallah"

Mari puji-pujian aju komat. Gemerudug lalare santri padha melebu langgar milu sembayang jama'ah. Mari sembayang aju wiridan diterusaken ngaji kitab. Sedurunge ngaji Thulik takon ring santri-santrine, "Sapa hang tangi turu mau sarunge ana bundhelane?”

Salah sijine santri hang aran Yazid semaur, ”Kula Kang," Thulik kaget, kerana Yazid iku santri paling budhuh lan muyab.

“Subhanallah. Iya wis Lik, sinau hang patheng ya. Aja pati muyab!” Thulik nguweni pitudhuh.

“Nggih Kang," jawabe Yazid ambi ngemu rasa heran. Sakat iku Thulik nguweni daman hang beda ring Yazid.

Mari sembayang Lohor lalare santri diuji apalan Qurane. Alhamdulillah kabeh padha lancar apalane. Saiki wayahe Yazid hang apalan Surat Al Kafirun. Kerana wis suwi ulihe ngapalaken, abete Yazid wis lancar. "Bismillahirrahmanirrahim. Qul yaa ayyuhal kaafiruun. Laa a’budu maa ta’buduun. Walaa antum ‘aabiduuna maa a’bud.  Walaa ana ‘aabidun maa abadtum. Walaa antum ‘aabiduuna maa a’bud.  Walaa ana ‘aabidun maa abadtum. Walaa antum ‘aabiduuna maa a’bud.  Walaa ana ‘aabidun maa abadtum”. Yazid apalan Surat Al Kafirun sing mari-mari, muter-muter mbalen-mbaleni. Memeruh ana salah siji santri ngomong sakanter-antere, "Dhooor!”

Santri-santri liyane padha gemuyu cekakakan. Yazid meneng raine abang nggawa ati wirang, awake panas kaya kesiram wedang, gemeter awake ambekane tambah gancang.

“Wis Lare aja diguyu, Sira sing paham sapa iku Yazid, ana ring wektune Sira kabeh bakal pinteran Yazid,” Thulik nasehati santri-santrine.

“Kok bisa Kang, Yazid lebih pinter teka kene kabeh, nyatane saiki apalan Surat Al Kafirun bain sing gadug-gadug, mbulet muter-muter kaya ula," ana salahsijine santri sing terima.

Lalare gemuyu maning, Yazid temungkul tambah isin. Thulik sing bangkel ana santri hang ngomong gedigu, Thulik mesem, "Hemm, Iya wis santri kabeh, mari iki mangan iwake endhog digoreng. Saiki padha njuwuta endhog ambi wadhahe dhewek-dhewek, pecahen ring wadhah, sarate Sira mecah endhog sing ulih ana hang weruh, terus gawanen merene."

Serang girange, lalare padha gancang melayu ring pawon njuwut endhog lan wadhah, semono uga Yazid ya milu ring pawon. Mari njuwut endhog lan wadhah, lalare melayu dhewek-dhewek sakperlu golet panggon sepi supaya sing ana hang weruh nalika mecah endhog. Sing sepira suwi, lalare iku wis ngumpul maning ring langgar ambi nggawa wadhah hang isine endhog hang wis dipecah.

Thulik nyeluk lare santri siji-siji, "Adi, Sira mecah endhog ring endi?”

Adi njawab, "Ring kamar Kang, kamar Sun eneb aju endhog Sun pecah, Alhamdulillahi sing ana hang weruh Kang."

Thulik terus nakoni liyane, "Bagus, Sira mecah endhog ring endi?”

Bagus njawab, ”Ring cedhing Kang, yakin sing ana hang weruh Kang." 

Sakteruse santri siji-siji ditakoni jawabe padha kabeh gok mecah endhoge ring panggon hang sepi hang sekirane sing ana hang weruh.

Thulik nulih ring Yazid, ”Yazid, Sira mecah endhog ring endi?”

Yazid hang mau mari nangis, ambi gemuyu iyane njawab, "Magih wutuh Kang, durung Sun pecah,”

Lalare santri gemuyu ngakak sak antere rungu jawabe Yazid, ana hang nyamah sak enake, ”Yazid kari seru bongole, dikongkon mecah endhog taping magih wutuh. Budhuh budhuh. Perandane jare kang Thulik lebih pinter teka kene ya."

Yazid hang klrungu omongan pedhes iku mau mung gemuyu, Thulik mesem-mesem bain, “Hemm, Yazid apuwa endhoge sing dipecah iku?” 

Yazid hang mula muyab iku ambi gemuyu njawab, "Hahaha, ya mesthi bain Isun sing bisa mecah Kang, kadhung sarate sing ulih ana hang weruh, ring endi bain pasti ana hang weruh. Mung pikirane lare hang cethek nganggep ring panggonan sepi mecah endhog aju sing ana hang weruh. Isun sing wani mecah kerana Isun sadhar ring endi bain sengidan mesthi Gusti Allah ana lan weruh paran hang Sun lakoni. Gusti Allah sing ngantuk lan sing turu, apal siji-siji paran hang dadi laku. Mangka aja gemedhe lan aja semugih, dayatah ilmune mung sepele.   Dadiya wong pinter taping aja keminter, suwarane nggacer cumpune mung dadi uler. Aja nyamah wong budhuh, taping wurukana makene weruh."

Lalare hang maune gemuyu ngakak, saiki meneng cep sing ana abane, endhase padha ditekuk temungkul atine kaya temeblug lan remuk. Yazid nerusaken omongane, ”Dina iki pisan Isun pamit Kang, kerana Isun ngipi dikongkon mulih ambi bapak, Isun dikongkon nulungi bapak muruk santri-santrine, kerana bapak wis sing sanggup muruk dhewekan. Kesuwun hang akeh Rika wis mulang Isun sak suwine Isun ring kene, nawi ana salahisun Kang, Isun njaluk sepura hang akeh. Wis Kang Isun pamit."

Yazid marek nyang Thulik lan salaman diambung tangane Thulik. Thulik ngelus-ngelus pundhake Yazid, "Alhamdulillah, mula wis wayahe Lik Sira mulih, Isun sing bisa nyangoni paran-paran, mung siji wekasisun aja ana lara atinira ring kanca-kancanira iki,” 

Ambi mesem Yazid njawab, ”Mboten Kang, Insya Allah Isun nerima lan sing ana lara ati Kang. Wis Kang Isun pamit." Yazid aju nyalami kanca-kancane siji-siji ambi mesam-mesem.

Yazid wis ninggalaken langgar, lalare magih temungkul wedi nyang Thulik.

“Wis Lare, aja digetuni, Isun paham ring Sira kabeh, ilmunira magih durung sampek mahami kedadeyan iki. Penjalukisun aja maning-maning nyamah wong budhuh, nawi-nawi hang Sira camah iku waline Gusti Allah. Wis cukup semene bain, saiki padha menyanga ring pawon nggoreng endhog hang wis Sira pecah iku."

Lalare padha nyalami Thulik aju metu teka langgar terus nuju ring pawon perlu nggoreng endhog.

Subhanallah, wong pinter padha kebelinger. Padha rumangsa pinter, taping sing pinter rumangsa gok kabeh mung titipan, duwene Gusti Allah. Andum selamet, ayo padha ngempet aja pati mergiyet. Akeh omong  sing ana manpaate, jingkat telikas tandang gawene.

 Bumi Sholawat Badar Banyuwangi; 8-1-2022

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor