Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 25 Februari 2024 08:09 WIB)

(Cerita Cendhek) Untung Dhug Gleng (2)


UNTUNG DHUG GLENG (2)

 Dulur lan tangga soren iku padha nggerombol ring arep umahe Man Samhari, ngerandhu tekane Jamali hang mari dirawat ring Kamar Sakit. Lare enom-noman lanang lan wadon uga akeh hang nggerombol-nggerombol milu mapag tekane Jamali. Maklume bain, Jamali lare nggantheng. Kabare bedhug mau iku mula diparani apak lan emake nebas montor pikepe Wak Haji Bodhos, magih berayane dhewek.
   “Eh, suwarane pikep, suwarane pikep….!” Abane Sunalip kanca rakete Jamali. Uwong-uwong padha meneng ambi kaya maspadakaken. Alise kaya emeh gathuk, kulit bathuke padha mengkeret lan akeh hang nemplekaken deriji tudinge ring pipine dhewek-dhewek. Rada suwi pikep njumbul teka bilukan dalan kampung. Damare pikep dikethip-kethipaken.
   “Ayo minggir, minggir sulung………….!” Jare Man Irik Ledep.
   “Ya Rika iku minggira pisan, Man!” abane Mbok Kis. Sing kathik semaur, Man Irik Ledep minggir. Pikep mandheg tepak  ringarep umahe Man Samhari. Ring kampung Sawahan kono iku kabeh magih beraya dhewek. Pikep disupiri dhewek ambi Wak Aji Bodhos. Rabine lungguh ring jok kiwane. Man Samhari lan Mbok Tik Kriwul, emak Jamali, Jamali lan Untung lungguh ring bak pikep hang uwis didelehi kasur Wongsorejo. Galur-galur abang putih, dilemeki kelasa dami. Uwong-wong padha gancang-gancangan mbukak lawang-setengah mburi pikep. Aja takon kemeriyeke uwong hang nulungi. Ana hang melung-melung: ”Amening….amening….amening kesenggol tatune Jamali!”
   Jamali ngadeg ambi nyengkelit egrang, sikile hang kiwa magih diegip lan endhase magih dibelebeti kain putih arang lan tipis. Mbok Tik Kriwul nyulungi mudhun teka iringane pikep. Man Samhari magih ring ndhuwur pikep. Kabeh nana hang inguk ning Untung hang uga magih lungguh ring bak pikep. Sing kereken.
   “E... juwutena kerosi sulung!” abane Mbok Alipah Pethak. Tanpa ana hang iri-iriyan, wis ana hang melayu ring umahe Man Samhari lan nggotong kerosi aju dideleh ring mburine pikep. Jamali dituntun melebu umahe. Ring bak pikep kari Untung lan Man Samhari.
   “Wak Aji, uwak wadon kongkon nganteni ring umah sulung wis. Isun lan Rika ngateraken Untung iki nyang Kelir,” jare Man Samhari.
   “Gedigu?” semaur Wak Aji Bodhos. “Iyara wih!” abane nerusaken kalimahe. Wak Aji Bodhos aju nguripi pikepe maning lan pikep digiring melaku edheng-edheng.
   Serngenge wis ditingguli uwit-witan lan kebonan kelapa. Hawa silir-silir icis. Cenggeret pating ceruwet teka barongane jajang pinggirane dalan hang diliwati pikep. “Kelir enggir endi, Sam?” takon Wak Aji Bodhos setengah melung. “Pertelon kawitan biluk ngiwa!” semaure Man Samhari. Untung meneng thok.

“Elore kuburan Landa!” abane Man Samhari nambahi.

“Bilukan dalan terus nengen tah?” takon Wak Aji Bodhos.

“Iya!” semaur Man Samhari cindhek. Montor pikep terus melaku edheng-edheng merga dalane magih makadam. Watu rejenge wis akeh hang ilang. Dadi akeh jelowokan ring tengah-tengah dalane.
   Adan magerib wis muni teka langgar welit pinggir dalan. Pikep wis gadug ringarep umahe Untung. Untung dipondhong melebu umahe ambi Man Samhari, Wak Aji Bodhos ngetutaken ring mburine.

Man Samhari magih katon akrab ambi umahe Untung, taping magih ditinggul-tingguli cerita. Wak Aji Bodhos uga sing ngarti kadhung Man Samhari tau umah-umah ring Desa Kelir ya ring umah hang samarwulu iku dileboni. Untung uga sing ngarti kadhung hang mondhong iku apake dhewek. Sak uwen-uwen Man Samhari lan Wak Aji Bodhos gesah ring umahe Untung.
   “Emak lan Apakira magih ana tah Tung?” takon Wak Haji Bodhos.
   “Emak tasek. Apak hang empun mboten enten. Paling Emak niki tasik pengaosan ring langgare Pak Kyai Muslih."
   "Gedigi bain wis. Iki picis enggonen ngerumat awake lan picis hang iki uwakena Emakira, yah. Isun nawi kebengen, mulihe repot ambi dalane. Peteng. Polae ring dalan magih ana rampog. Liya dina Isun nak merene marani Sira, nak Sun ejak periksa ring kamar sakit maning. Kadhung jare dokter hang nangani, Sira wis sehat, Sira aja mulih merene wis. Milu Isun bain ngerumat langgar ringarep umah ika,” jare Man Samhari ambi ngelungaken picis rong amplop, kandel-kandel.
   "Ye…..enggih pun kadhung ngoten. Mengke wekasndika niku  Kula gadugaken teng Emak,” semaur Untung polos.
   "Perkara turune, engko ring iringane langgar Sun gawekaken kamar kanggo Sira!” jare Wak Aji Bodhos.
   “Enggih pun. Mugi dawa umur lan sehat wal afiyat. Napa malih enten bocah hang purun ngaos. Kula purun muruk ngaji pun!” abane Untung katon cemeng kopine.
   “Iya wis kadhung gedigu, Isun keloron iki nak pamit mulih!” abane Wak Aji Bodhos ambi ngadeg teka kerosi. Semono uga Man Samhari. Untung katon belajar milu ngadeg taping dipenging ambi Man Samhari. Mari salaman, Wak Aji Bodhos lan Man Samhari metu teka umahe Untung lan langsung melebu pikep. Buru bain pikep melaku ninggalaken latar umahe Untung, Mbok Janeh teka ambi nggawa oncor aju dipateni urube ring pager latare. (Kang Ujik

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor