Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 18 Februari 2024 07:00 WIB)

(Cerita Cendhek) Wis Sun Ihlasena


Serngenge wis mangkat melethek. Sun sawang anak perawanisun wis mangkat denden arep melaku megawe. Mesem-mesem nang ngarepe kaca nyawang iyane dhewek hang katon ayu. Ngelus-ngelus tangan lan sikile kang diborehi handbody. Kulit kuning langsat percis kaya kulitane apake. Apak kang mung bisa disawang teka kadohan. Kerana wis lawas dijuwut wong wadon liya.

“Pia, aja lali engko mulih megawe mampira nyang umahe Mak Uwek Patiyah!”

“Ana paran sih Mak mampir merana?”

“Uwekira sore wekas, Sira kongkon merana. Arep diuweni asile kebonan jatahe Apakira nawi. Wis meranaa nawi rejeki.”

“Enggih pun Mak.” Ambi mobat-mabiteken rambute kang lurus dawa sak bokong.

Lawas, wis ana sepuluh taun, apake Pia ninggalaken isun. Dhung dienget-enget perihe lara ati iki sing ana kang bisa nambani. Abot lan susahe gudhane wong umah-umah sun terima kelawan ati legawa. Kang penting urip magih bisa rukun tentrem. Taping, gudha kang siji iki nggawe isun kudu ngelilakaken apake Pia pisah ambi isun. Kerana iyane wis digandholi wong wadon liya. Dhung cuma digandholi nawi isun magih bisa nyadharaken. Taping dhung wis ngerogoh sukma isun bisa paran.

Isun wong wadon kang sing duwe wong tuwek maning, bingung arep melung njaluk tulung nyang sapa. Hang sun sawang mung Pia, muga bisa terima dhung apake wis urip ambi wong wadon liya.

Wis telung Lebaran iki sun rasakaken, apake Pia sing ana katon. Biyasahe dhung Lebaran, iyane sak anak lan rabine salam-salaman keliling nyang tangga-tangga. Maklum bain isun lan apake Pia mula sak tanggaan, mung ngelencat banyu. Katon seneng lan tentrem ika umah-umah. Sing kaya isun, mung nyidhem anane welas nyang rika.

“Mak….Mak !” ulihe Pia nyeluk kari geregeten.

“Ngelamun paran Rika iki Mak, Sun celuk sakat mau sing semaur.”

“Astagfirulloh, Tik… Pia, paran… paran… kari sampek kongos-kongos Sira iki?"

“Mak, Pia dugi umahe Mak Uwek. Apake kadheman wis rada lawas tirah nyang kana, mari ngamar ring rumah sakit, lara lambung akut kudu dioperasi.”

“Ya Allah.” Ambi ngethip-ngethipaken mata makene iluh sing temetes.

“Mak, suwarane abot ika nyapa Pia. Njaluk sepura ambi rada kesandhet-sandhet.”

“Iya wis Pia, sambang-sambangana terus Apakira. Kelendi rabine nyang Sira, nyapa tah using?”

“Sakat bengen dhung ana Isun iku, mesthi nyingkur ya Mak. Kaya wong suker nyang Pia.”

“Duweya ati kang jembar ya Pia, aja ana lara ati, kabeh Gusti kang anani.”

“Enggih Mak,” abane ambi moset iluh nang pipine.

Ya Allah mugi Ndika paringi jembar atine anak kula Pia. Sakat cilik sing tau disambang apake kerana sungkan rame ambi rabine. Lare nyidhem kangen, pingin gesah ambi apake kaya lare-lare seumurane.

Kaya biyasahe, mudhun sembayang Subuh isun nyandhak kain-kain jahitan. Kerana wis wayahe dimarekaken dadi kelambi. Pesenan kang arep dijuwut engko soren. Taping, serngenge sing njumbul-njumbul. Kaya mendhung tapi angine kaya sing enak nang awak. Apatah kerana sewengiyan isun sing bisa turu? Mikiraken Pia.

“Mak Pia berangkat medamel," abane ngelungaken tangane njaluk salaman.

“Ati-ati ya Tik..”

Kelambi pesenan wis padha mari. Kari masang kancing edheng-edhengan. Sun pasang bolak nang edom dondom. Dengaren kari luput-luput. Kerana wis biyasah nganggo alat bantu ngelebokaken bolak nang edome. Kene mau alate rusak, ya luput kabeh wis. Bangete mendeliki bolongane edom, isun dikagetaken HP kang muni kari anter. Sun deleng, Mak Uweke Pia. Ati tambah sing karuwan.

“Assalamualaikum.” Sun uluk salam.

“Waalaikumsalam, Dhik meriniya saiki nyang rumah sakit. Apake Pia kritis. Pia gawanen pisan merene,” omonge Wak Patiyah.

“Enggih Mbok, tapi Pia magih medamel," isun semaur.

“Iya wis kabarana, kang penting Sira sulung meriniya.”

“Enggih pun.” Awak lisuh sekala iku.

Ulihe isun sing bisa nunggang sepidhah, dadine bingung golet ojek kang bisa ngaterakan isun nyang rumah sakit, sampek melayu-melayu.

Tekane nang rumah sakit, buru nyang ngarep lawang, dulur-dulurane rabine apake Pia padha meluk lan njaluk sepura nyang isun. Kerana weruh dhung dulure hang ngerusak rumah tangganisun. Isun mung bisa meneng ngiluh.

Isun mareki nyang apake Pia kang wis sing usik. Isun ngomong lirih nyang kupinge.

“Kang.. Isun wis teka, Isun wis ngelilakaken paran hang ana. Sun sepura kabeh paran hang tau Rika lakoni. Ayuk, semangat Kang. Sing kepingin nyawang anakrika laki rabi tah? Ayuk, hang kuwat ngelawan lara.”

Apake Pia sing semaur, taping iluh temetes teka matane kang merem. Ati sing tega nyawang. Rabi lan anak-anake magih cilik-cilik.

Sekirane sak jam ana engkono. Kahanane apake Pia magih sing ana perubahan. Isun metu teka kamar lan usik arep pamitan mulih.

“Apak… apak…!” Jerite lare cilik-cilik seru ngagetaken.

Sak njerone kamar padha tangisan. kaya sing percaya. Rika ninggalaken sekabehe uwong. Ati iki saya keiris-iris, ngalah-ngalahi tatune ati bengen. "Masiya ati lara, Isun sing tau ngarepaken Rika sing ana, Kang."

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor