Edy Hariyanto: Beasiswane Dienggo Bandha Jaranan

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 17 September 2021 10:15 WIB)
- Tokoh



Jaranan kanggone wong-wong Banyuwangi umume pancene kelebu seni pinggiran. Seni hang kurang prestise, jare lare saiki kurang gengsi. Arep sing diarani kurang gengsi kelendi barang maine bain ana ring latar dudu ring panggung kaya kesenian-kesenian liyane. Keneng panas lan udan kadung wayahe jugetan. Paran maning ana hang ndadi katone kothor.  Wayahe ndadi gulung koming ana ring lemah kadhang uga ana ring belethokan. Wistah pokoke sing ana apike kesenian iki, kirane gediku opini masarakat awam hang sing paham temenan nyang kesenian rakyat iki.
    Naming iku kabeh sing ndadekaken wong lanang nom-noman hang aran Edy Hariyanto lare kelairan Kedaleman Rogojampi iki sing gelem marek nyang jaranan. Sakat magih sekolah ana ring SMK iyane mangkat dhemen temenan nyang jaranan. Serta wis melebu dhemene mauka arep diwujudaken nggawe grup kesenian jaranan. Tekade hang kuwat nggawe iyane urip gemi. Nyelengi sithik-sithik dienggo tuku pekakas kanggo main jaranan.
    Sing padha ambi wong liyane hang urip kecukupan Kang Edy hang wis ditinggal mati wong tuweke sakat cilik mung bisa urip milu nyang paman lan uwake. Untunge bain iyane bisa ulih kesempatan kuliyah teka  Bidik Misi, yaiku programe pemerintah kanggo lare-lare hang gelem temenan nerusaken sekolah masiya sing ana ragate. 
    Beasiswa teka pemerintah hang metu saban ulan iku iyane hang ulih teka pemerintah sithik-sithik dienggo bandha nguripi jaranan. Untunge bain iyane katut ana ring program beasiswa kanggone njaring mahasiswa hang gelem nerusaken kuliyah nyang Perguruan Tinggi iki. Sing sak daman-daman ulihe picis mauka dienggo mbandhani kesenian jaranan sakliyane dienggo mbayar kuliyahe. 
    Edy Hariyanto hang lair ana ring Banyuwangi, 20 Oktober 1997 iki pungkasane pulet ambi jaranan. Meh sing keneng dipercaya anggone lare mahasiswa kalasemana gelem nyang kesenian tradhisional jaranan. Atase lare enom hang ulih didikan kuliyahan naming gelem pulet temenan ana ring jaranan. Kang Edy, gediku iyane diceluk, mesthi bain ulih alangan teka dulur-dulure, naming kerana getih senine hang mili teka ruwahe emake iyane sing keneng dipenggak maning. 


Sing cilik ati iyane masiya sing diulihi ambi dulur-dulur liyane. Iyane sagah ngadhepi omongan-omongane dulure.  Wong tuweke hang wis ninggalaken Kang Edy sakat magih umur telung ulan iki dadi piyandele kanggo urip bareng nyang kesenian. 
    Naming saiki kabeh dulur-dulure wis sing bisa menggak maning. Ulihe gemi lan tekun nyang kesenian saiki wis bisa ulih ganjarane. Sakliyane ulih restu teka dulur-dulure, Kang Edy saiki uga wis bisa ngedegaken jaranan hang diarani “Sekar Jagat”. Kawitane jaranan iki manggon ana ring Kedaleman Rogojampi naming saiki digawa nyang Desa Lemahbang Kulon nong panggonan hang saiki iyane panggoni sakat umah-umah hang alamat benere ana ring saiki Desa Lemahbang Kulon RT. 01 RW. 02  Kecamatan Singojuruh Banyuwangi.
    Dina iku Jemuwah, ring tanggal 10 September Jaranan Sekar Jagat ulih kesempatan gelar Aktualisai Seni Budaya 2021 ana ring Disbudpar Banyuwangi. Masiya mung kanggo kalangan terbatas merga magih ana ring mangsa pageblug iyane bisa dhemen bisa gelar bareng ambi kancan-kancane. Beda ambi juragan-juragan jaranan liyane hang mung nyawang teka kadohan andhahane main,  Kang Edy iki milu nyebur pisan main dadi wayange. 


    Hang penting urip ana ring kesenian iku kudu gelem guyup lan gelem ngguyupi, gediku jawabe Kang Edy hang saiki wis lulus teka Pendidikan Tinggi Politeknik Poliwangi Banyuwangi jurusan Teknik Mesin iki serta ditakoni kelendi carane iyane bisa ngumpulaken nom-noman kanggo sinau bareng nyang bab kesenian jaranan.
    Kanca-kanca jaranan kabeh hang wis serawungan ambi kang Edy iki ngakoni gok Kang Edy iki wonge andhap asor lan sing menteri masiya iyane iki kelebu pinter sing mung ana ring bab kuliyahan naming uga pinter ring bab kesenian utamane wayang lan tabuh jaranan.
    Ring pungkase cerita kang Edy uga duwe kekarepan hang gedhe kelendi carane “Sekar jagat” bisa main ana ring njaba kabupaten. Masiya saiki buru bisa main ana ring Aktuaslisasi Seni budaya 2021 ring kutha Banyuwangi naming iyane wis milu seneng lan tambah jenggirate kanggo ngopeni kesenian jaranan hang wis dipiloni sakat iyane magih SMK, ana ring SMK Ihya’ Ulumuddin Padhang Singojuruh Banyuwangi.
   Wis diweni hang kaya gediki iki anggone ketua Jaranan “Sekar Jagat” Singojuruh iki sing ndadekaken iyane lali ucap syukur nyang Pengeran lan lan ucap terima hang gedhe nyang kancan-kancane hang wis gelem milu urun rembug lan urun pikiran sampek urun paran bain kanggone ngadege kesenian jaranan Banyuwangi iki. Sing lali iyane uga njaluk kritikan lan masukan kelendi pergelarane sak marine iyane lan kanca-kancane nggelar keseniane. Iku kabeh makene bisa dadi uger-ugere iyane kanggo mbecikaken kesenian jaranan hang dibangun bareng sak kancaan iki. 
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf