Gandrung Siti, Nggandrung Sampek ring Pesantren

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Jumat, 04 Februari 2022 09:14 WIB)
- Tokoh



Kesit, telikas lan dhemenane jugedan. Ya gedigu iku tawis polah tingkahe jebeng cilik hang aran Siti Astutik iku sedinane. Tingkahe hang kerep nggawe uwong geregeten iku wangune wis nggarai kepincute Pak Ba’i, juragan gandrung hang umahe hing kari adoh ambi umahe iyane. Merga milu-milu geregeten iku, Pak Ba’i aju nawani jebeng cilik iku ajar njuged gandrung. Ya sing kathik using, Siti sakkal bain nerima kelawan ati girang. Cekake cerita, juragan gandrung iku aju ngajak lan ‘nyerahaken’ Siti nyang Gandrung Suti’ah – anak buahe Pak Ba’i dhewek – supaya mangkat edheng-edheng ngajari nggandrung.

Ya sakat iku, jebeng cilik hang wis diidini ambi bapake hang pegawe Perhutani, hang nong dina mburine aju dikenal kelawan aran: Gandrung Siti. Lare iku aju mangkat diwuruki, diulat-ulet awak lan pikirane sampek dadi gandrung hang sak benere. Guru gandrung hang ngajari iyane yaiku Gandrung Suti’ah hang umahe nong Gambiran. Makene bisa tumakninah anggone ajar nggandrung, jebeng cilik hang kala iku magih ‘diaboti’ ambi emak-bapake iku aju diboyong nyang umahe Gandrung Suti’ah.

Miturut hang diceritakaken nyang penulis, kala iku, merga dianggep tega ngeculaken anake hang magih cilik, ana hang ngelapuraken bapake hang pegawe Perhutani iku nyang ‘atasane’ merga didakwa ngedol anake. “Sak benere bain, hang Sun engeti Isun iku wis dhemen nirokaken jugedan-jugedane gandrung sakat Isun magih kelas 2 SD. Ya magih cilik seru. Sampek pungkasane Isun ditemokaken ambi Pak Ba’i. Jare Pak Ba’i, Isun iki duwe bakat njuged. Ya kerana iku Isun aju ditawani ajar njuged gandrung. Dhung sing salah, kala iku umurisun magih 12 taun, tapi wis leren sekolah,” jare Siti, njelentrehaken kawitane lakon iyane dadi Gandrung.

Masiya kelebu magih lare, naming rekadaya kelendi carane ndadekaken Siti dadi gandrung hang bener lan mumpuni bener-bener dilakoni ambi Pak Ba’i lan Gandrung Suti’ah. “Pak Ba’i iku kadhung ngajari Isun keras lan kejem. Dhung tepak wayahe ajar nggendhing, Pak Ba’i dhewek hang nggosok baolane. Tau bengen, tepak diajari nggendhing iku Isun jelantukan, ngantuk. Byek, aju bolongane bacot iki dilodok ambi penggosoke baola. Ya tau pisan, tepak latihan njuged hang ditabuhi langsung ambi panjak, jugedanisun ana kesalahan sithik. Yaiku, Isun langsung diserempung kayu, pas keneng sikil iki,” jare Gandrung kelahiran 1961 iki nyeritakaken kelendi sarane ajar nggandrung kala iku.

Merga ulihe gurune ngajari keras lan temenanan, sing sampek suwi Siti wis bisa nerima paran-paran hang diajaraken. Sak teruse, hing suwi marek iku Siti langsung diajari wanen melebu kalangan Gandrung Terob hang sak benere. Kawitan munggah genjot gandrung antarane tahun 1973, Siti hang duwe pawakan cilik lan kesit iki sing langsung njuged gandrung, naming kudu nggawakaken jugedan hang diarani ‘topengan’ yaiku jugedan hang dienggo ngawiti tontonan gandrung terob. “Ya merga magih rumangsa cilik iku, Isun sampek rada wedi kala arep dipaju ambi uwong,” jare Siti, hang bakat senine nurun teka kakike hang pemain Wayang Uwong lan bapake hang pemain kesenian Rengganis.

Sakat wis dadi gandrung temenanan lan magih durung kari suwi ulihe nggandrung, Siti aju dilamar lan dikawin ambi uwong teka Desa Sumberurip, Kecamatan Pesanggaran. Naming umah-umahe Siti ambi lakine hang kawitan iku sing sampek suwi. Jare Siti, merga iyane magih bangete dhemen-dhemene nggandrung kala iku, mangkane umah-umahe ya digeningaken melaku sak karepe dhewek. Lan paran hang dikarepaken ambi lakine sing pati direken sampek pungkasane dadi pegatan.

“Kala kawitan kawin iku Isun magih durung kari suwi dadi gandrung. Ya merga iku, merga pikiranisun magih kaya lare cilik lan maning pas banget-bangete dhemen nggandrung, ya Hun geningaken bain. Isun ya sing pati ngereken lan sing tau nurut nang lakinisun iku, sampek pungkasane dadi pegatan,” jare Siti.

Rada suwi sak marine pegatan ambi lakine hang kawitan iku, Siti aju kawin maning ambi uwong teka Dusun Simbar, Desa Tampo, Kecamatan Cluring lan duwe anak siji tapi sing sampek dawa umure. Ambi lakine hang nomer loro iku, umah-umahe ya sing kari suwi, aju pegatan. “Mari pegatan ambi lakinisun hang nomer loro iku Isun aju kawin maning ambi uwong teka Desa Pengatigan, Kecamatan Rogojampi. Lakinisun hang pungkasan iku buru bain ninggal. Ya saikine Isun mung urip ambi emak lan dulurisun,” ngakune Gandrung hang saiki manggon ring Dusun Kedasri, Desa Karangrejo, Kecamatan Blimbingsari iku.

Ngenani kelendi cerita kawitane sampek iyane dadi Gandrung, Siti ngakoni gok iyane kepingin dadi gandrung iku kawitane merga mung kepincut ambi picis saweran hang biyasah diuweni ambi para pemaju. “Sak durunge diajari nggandrung, Isun bengen wis kerep diejak njuged nong kesenian Damarulan. Hang Sun weruhi kala iku, picis saweran hang diterima ambi Gandrung iku lebih akeh timbangane upahisun kala njuged nong Damarulan. Ya iku hang nggarai Isun kepincut kepingin nggandrung, sampek Isun kecaruk Pak Ba’i hang nawani Isun ajar nggandrung,” ujare Siti, hang wis kerep seru main nong njabane Banyuwangi iku. Ngakune, iyane wis tau nggandrung sampek nong dhaerah Sumatra, Sulawesi Tengah  ambi nong Sulawesi Selatan.

Ngenani anggepane kalangan masarakat hang ngarani dhung kesenian gandrung iku ‘gudhange’ maksiyat, nyatane, ya sing nggarai gandrung hang sampek saiki iki magih tetep nggandrung iku lara ati. “Tujuwane dadi gandrung iku kan enggo nyenengaken uwong, dudu dienggo macem-macem. Maninge, kadhung mula gandrung iku maksiyat, apuwa gok ana Kyai hang gelem ngundang Isun main nong Pondok Pesantren?" jare Siti mbalekaken pitakonan. Malahan, jare Siti, iyane wis kerep diundang main nong acara-acara muludan ring sak ubengane desane .

Teka pengalamane munggah mudhun genjot gandrung selawase iki, hang paling apik lan perlu diwigati yaiku kala iyane diundang nggandrung ambi Abah Syarif, pimpinan Pondok Pesantren nong dhaerah Sragen, Solo. Hah..?

“Isun hing weruh nyang arane Pondok Pesantrene Abah Syarif iku. Hang Sun weruhi Pondok Pesantren iku duwene Abah Syarif nong dhaerah Sragen, Solo. Main nong Pondok Pesantren iku, hang ndeleng ya akeh, kelebu para santri-santrine Abah. Malahan jare ana wong hang ndeleng iku nyeja adoh-adoh teka njabane Jawa,” jare Siti.

Miturut Siti, kundangan main nong Pondok Pesantrene Abah Syarif iku sing mung sepisan, tapi wis ping kaping-kaping. “Ya sing mung sepisan, taping wis bolak-balik Isun diundang main nong kana. Buru-buru iku Isun ya magih dihubungi dikongkon main maning nong kana. Naming merga magih ana usume pandemi ambi ana urusan ‘ijin’ hang magih durung mari, jare acarane diunduraken sulung. Lan sak liyane nong Pondok Pesantrene Abah Syarif, sak temene Isun ya wis tau diundang nong pesantren-pesantren liyane ning dhaerah Solo kana,” jare Gandrung hang sampek saiki iki magih mituhu nong dalan kesenian hang dilakoni iku. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor