Globalisasi lan Muatan Lokal Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 06 Maret 2025 07:28 WIB)
- Opini



Globalisasi lan Muatan Lokal Basa Using
Ditulis ring Hasan Basri
 
Sakat jaman kerajaan bengen, Banyuwangi kang ana ring pucuk wetan tanah Jawa iki dadi rebutan keraton-keraton kang ana ring Pulo Jawa, Bali lan Sulawesi. Malah bangete jaman Demak, Mataram lan Buleleng, kolonisasi iku dudu mong kanggo nambah werane wilayah, taping ya mobilisasi menusa, ekonomi lan kebudayaan pisan.
Jaman Welanda hegemoni iku tambah ndadi. Paran maning serta lurung Daendles kang mandeg ring Penarukan bisa tembus sampek Banyuwangi kutha, lurung Banyuwangi-Jember bisa nyambung. Akibate, meh kabeh pereng Gunung Raung ring wilayah Kalibaru, Glenmore, Songgon, Licin, Kalipuro, kudu dililakaken dadi persil kopi, karet kudu dililakaen dadi duwene Welanda. Ahire migrasi teka endi-endi teka nyang Banyuwangi embuh dadi buruh persil utawa mbabad tanah anyar enggo sawah kebonan lan kampung. 
Emane kedadeyan iku hing ndadekaken penduduk kawitan yaiku wong Using kesirik lan nyingkrih kayadene kasuse wong Tengger, Baduwi, Kajang (Sulawesi), Dayak (Kalimantan) lan liya-liyane. Taping wong Using malah bisa nerima lan nyerawung ambi para migran iku. Teka cathetan kang ditemokaken seprene iki sing ana nyeritakaken congkrahe antarane wong Using ambi para migran iku. Malah ndadekaken kekancaan utawa seduluran hang raket kang wujud asimilasi. Mulane akeh para ahli kang nulis, kadhung Banyuwangi iki kaya pethetan utawa taman mini Indonesia, teka agamane, etnise, kebudayaane. 
Pengalaman sejarah kang dawa iku nyinauni wong Using mbangun lan ngetrapaken nilai-nilai, norma-noma, lan kaidah-kaidah kang dadi dhasar urip bareng ambi wong liya. Para peneliti ngarani wong Using iku komunitas kebukak (terbuka) kang pinter serawungan hang dinamis ambi kelompok sosial liyane ambi tetep nguwati gok dheweke iku wong Using ambi ngetrapaken nilai, norma, lan kaidah hang diarani local knowledge utawa local wisdom kang diterjemahaken nyang basa Indonesia dadi “kearifan lokal”.
Lebih teka sak abad “kearifan lokal” Using iku diterapaken, diwarisaken, lan ditapsiraken teka  generasi siji nyang generasi seteruse. Taping, kayadene dhaerah-dhaerah liyane wong Banyuwangi sing bisa mbujrahaken puketan gandaruwo kang aran globalisasi lan pengaruh transnasional liyane. Rembesan globalisasi iku saiki merasuk nyang belung sumsume wong ning endi baen, hing kelalen ya wong Banyuwangi pisan.
Globalisasi iku kaya kang disampekakaen William K. Tabb dadi proyek ideologis modal transnasional kang merakaken pengaruhe liwat privatisasi, liberalisasi, lan deregulasi ekonomi kang dikontrol ambi Dana Moneter Internasional (IMF) lan Organisasi Dagang Dunia (WTO). Globalisasi hing mung nguwah tataan ekonomi bain, taping globalisasi ya nguwah non-ekonomis pisan; kaya kang kedadean saiki iki yaiku subure pragmatisme, individualisme, kompetisi kang keliwat-liwat kang hing menungsani, konsumerisme, hedonisme, lan liya-liyane.
Ndeleng kari gedigu serenane globalisasi, transnasional iku, aju local knowledge iku apa mageh bisa ngadeg jejeg ring dina mburi? Ana penulis kang ngarani gok globalisasi ekonomi wis nggawe uwah-uwahan tap-tapan dhasar tatanan kebudayaan.    
Kang hing keneng disepelekaken pisan serenane transnasional agama kang diarani radikal, ekstrim, lan ekslusif. Gerakan-gerakan iki duwe cap hing toleran nyang lokalitas agama. Kepingine ngilangaken ritual-ritual kang wis ana ning masyarakat ambi nyangking alasan kanggo murnekaken agama.
    Ndeleng kedadeyan kaya iku, bisa dimaklumi kadhung ana hang kuwatir sedhilut engkas kabeh “kearifan lokal” kang wis merujuk lawas lan nyata nguweni manpaat nyang masyarakat bakal ilang lan ganti ambi barang hang anyar kang durung mesti cocog ambi wong Banyuwangi hang terbuka, inklusif, egaliter, majemuk, multikultural.
Kanggo rekadaya ngimbangi globalisasi iku salah sijine kang bisa diarep-arep yaiku wulangan “Muatan Lokal” Basa Using. Wulangan basa Using strategis ubege kerana diarep-arep  bisa nyangoni lare-lare kesadaran, sikap, pengetahuan lan bisa ngetrapaken nilai-nilai, norma-norma, kaidah-kaidah kang wis diwarisaken ning “kearifan lokal” kayata sikap terbuka, toleran, egaliter kompetitif kreatif, mituhu nyang weluri leluhur. Kabeh iku keneng ditelusur ning seni budayane wong Using kang ketela-tela kadhung diwaca lan dipahami. Mulane iku Pelajaran Basa Using nyangga amanat nginternalisasi local knowledge, local wisdom kanggo sangu urip tuweke para murid lan dina mburine kebudayaan Using lan Banyuwangi umume ngadhepi gonjang-ganjinge globalisasi.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.