Hasnan Singodimayan: Wirid Pesugihan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 27 Juni 2023 06:20 WIB)
- Esai



Ater-ater

Ruwahe Wak Hasnan Singodimayan dhemen niteni paran bain hang seliweran nong ngarepe, ngewani cathetan. Iki salah sijine.

Wirid Pesugihan

Ana kanca hang rada mbenu, arane Banu, diceluk Ban. Gubabe akeh, ceritanane dawa, duwe wirid, hang diarani "Wirid Pesugihan“. Sarate kudu apal, diwaca lan dilakoni, merga wiride cendhek-cendhek lan gampang dienget-enget, tapi kanca-kanca padha kaboten, nalika ngelakoni, merga sing cocok sak jero atine, jare ilmu hang jeru, jaman now “kurang pancasilais."

Banu, kanca siji iku, seru disenengi ambi kanca-kancane. Dikerubut lan dipancing ceritane. Ambi golongan tuwek sing pati disenengi, merga ceritane nyulungi kahanan, kahanan hang durung ana.Tapi “Wirid Pesugihan“ hang diwaca, kaya maca tahlil, seru disenengi sapa bain.

“Wirid Pesugihan" kudu diwaca ping kaping-kaping sak jerone ati, kudu dilakoni “sing perlu ati”. Atine kudu diseleh ning Bank, sampek bangkrut, merga wirid pesugihan, mung ana telung kalimah, gampang diapal lan dilapalaken, yaiku “tega, mentala, kolu“ diwaca terus-terusan kaya wiridan.

“Tega, mentala, kolu, tega, mentala, kolu, tega, mentala, kolu, tega, mentala, kolu“, ukurane sampek lambe njelu lan terus dilakoni, jare kanca-kanca wiride gampang diucap sampek ewonan bisa, nalika ngelakoni, sak repotan.

“Sapa tega, ndeleng dulur durung mangan, bisa kecap-kecap?”

“Sing duwe ati,“ jawab liyane.

“Mentala mangap?”

“Kolu ngeleg?”

Kadadeyan iku, tau dilakoni kanca. Dari, nalika diutangi kanca Nisyam. Dari, kanca hang kecukupan lan awehan. Nalika ngelungaken picis nang Mbok Atun, Nisyam, katon dhompete Dari. Picis atus-atusan. Nalika ning warung mangan sega tempong, Nisyam nyilih picise, limang atus, dibayar sak njerone telung ulan, mari panen.

Ambi Dari, mung disilihi telung atus, merga janjine mung telung ulan. Nalika jangkep telung ulan, Nisyam magih durung mbayar, dianteni sampek papat, limang ulan. Utang durung dibayar, Dari nganggep lali. Sing ditagih lan sing dilakoni. Dhasar Dari, kanca awehan lan sing tega takon.

Kocapa, sampek enem ulan, ketemu Nisyam ning warung tempong. Nawi lali temenan ambi utange, Nisyam njaluk disilihi picis ambi Dari rong atus rupiah. Dari langsung jawab “Sing ana... sing duwe...sing nyekel."

Perkara iki, diceritakaken ambi Banu, supaya bisa ngatasi lan bisa  mikir. Banu, hang pinter ngomong iku, aju nguweni dalan Dari. Dari kudu nyilihi maning rong atus, ambi akad nang Nisyam, kadhung utange totale dadi limang atus ambi hang sulung.

Dari sing mentala ngomong gedigu, aju dipaserahakaken Banu hang nambahi utang lang ngomong: "Kapan asil, dipaserahaken Banu, dijuwut kabeh."

Banu dhewek, hing bisa gomong, sing tega ngomong gedigu nyang Nisyam. Tetep bain aran wirid "Tega, Mentala, Kolu" sing bisa dilakoni, dadi wirid Tega, Mentala, Kolu mung bisa digesahaken, sing bisa dilakoni. Merga kurang pancasilais.

Tapi wong hang bisa ngelakoni iku katon sugih-sugih.Tapi mung katone thok. Ceritane gedigi. Nalika dulure butuh picis, kanggo nyekolahaken aneke, dijawab sing duwe, sing ana picis tapi kadhung ambi anakan beda. Nalika sing bisa nganaki lan sing bisa mbayar, barange dulur mau dirampas.

Hang dirampas keris naga eluk lima, rangkane ana tulisan cara Using hurup pegon, unine “Bal gedubalbal masiya gedhene sak bantal, kapan keneng diuntal, hukume halal". Hasyim, hang duwe keris pusaka iku, kanca raket ambi Banu, kenal apik ambi Dari. Padha seniman propesional sing pati ngarti picis.

Bida ambi pengusaha, ambi pejabat, ngartine picis lebih teka picis. Picis iku bisa ngomong bisa ngerik, bisa bisik.

“Wirid Pesugihan“ iku bisikane setan “Tega, Mentala, Kolu“ Sapa hang bisa ngelakoni? 

Ditambah saiki Donga Kesugihan, “Bal Gedubalbal, masiya gedhine sak bantal , kapan keneng diuntal, hukume halal”.

Buktine, akeh para pejabat hang sugih-sugih. Pira bayarane pejabat? Emeh saben taun tuku umah, tuku tanah, ganti sepidhah montor, ganti mobil. Dilengen seniman. Saben dina mung berseni, seni macaan, gendhingan, laik-laik. Hang dilaiki, mung awake dhewek hang pas-pasan. Aju nggawe cerita hang sing-sing.

Mung arane watek, watek hang elek, aju diarani wirid “Wirid Pesugihan" kabeh wong percaya, tapi sing ana hang bisa ngelakoni. Ditambah maning saiki  hang aran “Donga Kesugihan. “Bal Gedubalbal, masiya gedhine sak bantal, kapan keneng diuntal hukume halal“.

“Donga Kesugihan“ iku akeh wong hang bisa ngelakoni, arane korupsi. Banu, Dari, Nisyam, Hasyim lan kanca-kanca liyane para seniman. Merga kurang paham artine korupsi, mung ngarani Koruptor, bangsane  Thuyul. Anake setan, hang rambute gundhul. Merga hang aran “Wirid Pesugihan lan Donga Kesugihan“ iku lakune setan. Merga menungsa sing bisa ngelakoni.

Tega, mentala, kolu, tega, mentala, kolu, tega, mentala, kolu, tega, mentala, kolu“ ping kaping-kaping. "Bal gedubalbal, masiya gedhine sak bantal, kapan keneng diuntal hukume halal" diwaca ping kaping-kaping. Kabeh iku dudu wirid lan donga tapi iku wirid lan dongane Thuyul anake setan gundhul.

Banyuwangi 27 April 2018

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor