Jalan Jalan Budaya

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Jumat, 24 Mei 2024 07:54 WIB)
- Opini



Dina iku nong Pesinauan Adat Banyuwangi Kemiren akeh lare nom-noman padha kumpul ngerungokaken paran kang disampekaken panitiya. Acara kang disepakati aran Jalan Jalan Budaya (JJB) iku kelaksan kelawan lancar. Pesertane padha lega, seneng masiya awake padha lisuh. Penulis milu ngetutaken ya milu lisuh pisan malah kira-kira kang paling lisuh mergane peserta kang milu Jalan Jalan Budaya iku akeh lare-lare pelajar lan mahasiswa, didhampingi lare welasan Jebeng Thulik taun 2023. Sing mung mahasiswa teka Banyuwangi thok. Ana kang teka Jember lan teka Malang.

Arane bain acara Jalan Jalan Budaya, ring acara melaku-melaku iku kang kawitan diparani yaiku makame Buyut Cili ambi liwat ring sawah-sawahan. Pak Suhaimi, Ketua Adat Kemiren, kang mandhu lare-lare njelasaken kadhung ana repot paran bain ning Kemiren iku ngawitine ambi nganakaken selametan nong makame Buyut Cili. Kanggo wong Kemiren Buyut Cili iku dianggep tokohe wong Kemiren. Ning kono saben selametan, mangane nganggo pecel pitik. Sapa kang tandang nggawe sega lan pecel pitik iku kang penting sarate kudu uwong kang wis rijig, wis sing haid maning. Nggawene sing ulih ditiliki. Jare kadhung ditiliki sulung padha bain ambi nguweni sisane. Mung kadhung ditakokaken wong Kemiren, sapa Buyut Cili iku sing ana kang weruh. Iyane teka endi ya sing ana kang weruh. Pokoke ditokohena digu thok jawabane. Lan kang wadon jarene kang ngawiti nggawe Barong. Ana cerita kang unik ring kene. Bengen Seblang uga anane ring Kemiren. Taping kerana waktu iku kang dadi Seblang kejimen kadine Seblang sing ulih maning dianakaken ring Kemiren. Sedheng Barong magih ulih dianakaken sampek seprene lan mesthi hadir ring acara Ider Bumi kang dianakaken saben lebaran ulih sedina.

Sakteruse peserta nuju umah adat Kemiren. Ring panggonan iki ana kira-kira sepuluh umah adat Kemiren kang mula dibangun kanggo para wisatawan. Dadi saupama wisatawan kepingin nginep, cukup ring umah adat iki. Ning kono ana genjot kang keneng dienggo nampilaken tontonan kaya Barong. Aju ana paglak kang dhuwure sekira sepuluh meteran kang biyasahe diuweni angklung loro lan kendhang loro. Kang nabuh angklung munggah andha kang diarani andha lanang. Andha iki mung siji jajang dawane. Cekelane ya timplikane andha. Aju mendhuwur, nabuh angklung lan kendhang kanggo ngibur wong-wong kang sedheng megawe ring sawah, embuh iku tepak panen utawa tandur. Ring kene uga dijelasaken ngenani desa Kemiren, kang dijuwut teka ucap kemiri lan duren. Bengen panggonan iki akeh uwit kemiri lan duren kang masarakate aseli wong Using, jare sisane teka masarakat Belambangan kang dipimpin Walik minangka kepala desa. Masarakat Kemiren sugih adat, tradhisi, kesenian, uga panganan kang unik lan macem-macem kang sampek saiki magih tetep dijaga. Peserta aju melaku maning nong umah adat liyane taping kang dideleng ring kene sakliyane umah lan perabotan umahe wong Using uga ndileng wong nyangar kopi ring bengahan. Peserta kang kepingin nyangar diweni kesempatan ambi kang duwe umah supaya nyacak nyangar pisan.

Metu teka umah adat Using, peserta dijak melaku maning nyang tukang pandhe. Peserta nyeja diejak nyang tukang pandhe mergane saiki wis angel wong kang pegaweyane nggawe lading, arit, utawa budhing nganggo cara jaman bengen. Ring kene akeh tumpukan areng kanggo genine lan nujahi wesi makene tipis lan bisa dienggo ngiris, nugel utawa mbacuk.

Sakdurunge balik maning nyang pesinauan, lare-lare dikenalaken pisan carane mbathik lan ngerungokaken Kang Purwadi maca lontar.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor