Jula lan Juli, teka Surabaya menyang Banyuwangi

Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Selasa, 11 April 2023 06:45 WIB)
- Esai



Dina iki sing olah jangan

Mergane wis tuku matenge

Amit dulur isun gendhingan

Gendhing Jula-Juli iku arane

Gendhing has Jawa Timur, Jula-Juli, kawentar ring endi-endi panggonan, antarane Surabaya, Jombang, Mojokerto, Medura, sampek Banyuwangi. 

Kaya omonge pelawak Ludruk, gendhing Jula-Juli iku enak "dipangan" isuk, soren, utawa bengi, saben wektu cocog lan pas dienggo ngerungokena gendhing has kesenian Ludruk iki. 

Maknane, gendhing Jula-Juli mula temenan unik. Merga musik paran bain iku, akeh-akehe mung cocog dirungokaken nong wektu husus, embuh iku isuk, lohor, utawa wektu liyane.

Tokoh hang kesuwur ring bidhang iki salah sijine ana Cak Kartolo, seniman teka Kutha Pahlawan Surabaya. Mula sangking kesuwure, Cak Kartolo iki nong babagan Jula-Juli, muncul ragam kidungan persine dhewek, hang umum diarani "Kidungan Gaya Kartolo". 

Iyane bisa kesebut maestro Jula-Juli hang duwe suwara has, lega ning ati, bisa-bisa keneng ditenger kadhung iku kidungane Cak Kartolo. 

Ana Jula-Juli persi Cak Kartolo, beda maning persine Kang Awik Badhut. Hang katon jelas bedane yaiku larase, antara selendro Banyuwangi ambi selendro Jawa. Lebih jeru maning, cengkoke uga beda.

Kang Awik iki badhut andhalan nong Banyuwangi. Iyane kerep nggawa gendhing Jula-Juli bareng grup Sekar Tanjung Semalang. Mula Kang Awik sepesialise ngidung ring kesenian Angklung Caruk.

Kadhung kendhang wis muni tungtaktong, mesthi alat musik liyane aju nyauti, thuthukane kudu rampak, antarane saron, selenthem lan pekinge. 

Tabuhan mandheg, Kang Awik mulai angkat suwara, ngunekaken basanane, aju disambung keplakan kendhang lan thuthukan alat liyane. Uni sak uni wajib digatekaken, makene ulih carem lan rasa enake.

Gendhing Jula-Juli persi Angklung Caruk kesebut Céko, bisa uga Surabayaan. Aju pitakonan hang paling dhasar, apuwa kok mesthi Surabaya? Dudu Jombang, Malang, Mojokerto, hang padha-padha duwe Jula-Juli. 

Miturut tapsirisun, nawi kerana bengen wetara tahun '80-'90an tokoh-tokoh tabuhan Banyuwangi akeh hang ngangsu kaweruh nong dhaerah hang kesebut Kutha Pahlawan iku. 

Kaya tah Kang Sunardiyanto, hang wis bolak-balik diceluk merana dikongkon ngendhang. Jaman semana mula durung ana pengendhang Banyuwangi ring Surabaya. Makane uwong-uwong Dinas Pariwisata Provinsi kerep ngebon Kang Sunar. 

Sing mbuwang kesempatan, Kang Sunardiyanto aju istilahe 'nyilem mesisan ngombe banyune'. Iyane nyerep sak akeh-akehe ilmu teka para maestro tabuhan Jawa Timur kanggo diterapaken nong Banyuwangi.

Kejaba Kang Sunardiyanto, ruwahe Pak Sahuni lan Pak Sayun uga tau ngangsu kaweruh nong Surabaya. 

Sak wetara ruwahe Pak Sahuni iku alumni Konservatori Karawitan Indonesia Surabaya (sewijine sekolah setingkat SMA husus karawitan hang saiki dadi SMKN 12 Surabaya), Pak Sayun tau kuliyah njuwut Jurusan Tari nong STKW (Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta) Surabaya. 

Pantes bain, aran lan tabuhan persi Surabaya kerep disebutaken lan dadi punjer rujukan seniman nggawe gendhing-gendhing tradhisi Banyuwangian.

Contone, thuthukan saron gendhing Krucilan grup Angklung Caruk Semalang, kayane ulih inspirasi teka thuthukan saron Gaya Jawa Timuran (Surabaya).

Semono uga kendhangan remang utawa remane grup Sekar Tanjung hang umume ditabuh tepak gendhing Belabakan utawa Embat-Embat, nawi ya ulih ngundhuh teka Surabaya pisan. 

Sing mungkir, mula toros antarane Surabaya ambi Banyuwangi iku seru rakete. Teka Jula-Juli bain bisa kewaca, kelendi lakune gendhing hang bisa kesebut has Surabaya iku gadug lan kesebar sampek nyang Telatah Belambangan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : berbagai sumber

Editor: Hani Z. Noor