Keboan Aliyan, Adat Hang Kudu Kuwat (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 04 September 2024 08:56 WIB)
- Opini
Keboan Aliyan, Adat Hang Kudu Kuwat (Bagiyan 1 teka 2)
Ditulis ring: Moh. Syaiful
Keboan iku wujud sukure wong desa Aliyan hang dianakaken setaun sepisan. Selametan desa iki dikarepaken minangka dadi tandha ucap sukure wong desa hang wis diweni keselametan lan berkah saksuwine setaun anggone ngopeni urip tetanen.
Keboan Aliyan bisa digambaraken ambi carane wong Aliyan ngeregani leluhure hang wis mbabat alas kanggo desa Aliyan. Para Leluhur hang dipercaya sampek saiki magih njangkungi desa, ring dina iki arep ditekakaken nyang alam hang nyata. Mesthi bain sarat lan ubarampene sakdurunge kudu digawe lan dianakaken. Tekane Mbah Buyut lan para leluhur iku biyasahe mung melebu nyang jasade wong desa hang wis dipilih.
Wong desa hang wis kepilih iku aju kelebonan sakmarine diweni suguhan, tetabuhan, lan panggonan hang kaya biyasahe dianakaken.
Polah lan tingkahe wong desa hang ketekanan mau sakteruse wis sing padha ambi polah lan tingkah kaya ring uripe sedina-dina, naming kaya wong hang kejimen.
Menungsa hang wis ketekan lan kelebon barang-barang teka alam liya mau sakteruse bisa polah lan tingkah kaya dene kebo, matane abang, nyerudhuk lan ngepros-ngepros. Kadhung wis padha ketekan, kebo-keboan mau aju diarak keliling desa sak teruse aju melebu guyang nyang kedhokan tengah sawah.
Mula sing ana niyat semulane ndadekaken adat iku barang tontonan. Yong barang iku wujud selametan desa utawa bersih kampung. Barang rituwal hang sakral hang dianakaken wong kampung dienggo ngalap berkah lan keselametane desa ring taun mbisuke sak marine taun hang iki. Naming kelendi maning saiki wujude dadi gedigu. Kirane kabeh iku saiki uga bisa dadi tontonan masarakat ring ajang festival.
Adat hang Meh Sekarat
Ritual adat kebo-keboan ring Banyuwangi saiki kari mung rong desa hang ngelakoni yaiku desa Aliyan lan desa Alasmalang kecamatan Rogojampi. Bengen sakmarine perang kemerdhekaan antarane tahun seketan magih akeh desa hang nganakaken ritual iki, kayata Gladag, Wonoreksa, Lemahbang, Tambong lan Bubuk. Saiki ring desa-desa iku mau wis sing nganakaken maning.
Tanggal sepuluh ring ulan Sura mesthi dadi tanggal hang dipilih. Tanggal iki uga dianggep tanggal hang suci lan keramat anggone ngangkati ritual adat kebo-keboan. Kanggone wong Banyuwangi Ulan Sura mula ulan hang penting lan dianggep ulan hang suci kanggone ngangkati niyat lan ndonga nyang Pengeran. Keboan ring Aliyan lan Kebo-keboan ring Alasmalang uga milih dina tanggal sepuluh ngelakoni gawene.
Campur tangane Dinas Pariwisata Banyuwangi ring taun-taun iki nyatane bisa nambah nguripi maning adat iki. Sakusinge masarakat bisa nekani ring karo-karone adat desa iku.
Paling sing iki penting ring bab promo wisata bisa nambahi urun kabar nyang masarakat liya makene bisa nekani ring gelaran iki. Tambah anter beritane mesthi bain nambahi akeh hang nekani. Mesthine bain iki bisa nambahi bandha anggone panitiya, bisa teka karcis melebu bisa uga teka retribusi parkir nyang panitiyane.
(ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor