Kejimen, Rembuge Jagat Alus Lan Jagat Kasar (pungkasan teka telung tulisan)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Mei 2021 07:16 WIB)
- Opini



Ater-aterMerga pageblug, taun iki upacara Seblang hang biyasahe dianakaken sakmareke Idul Fitri, hing ulih digelar. Setemene kelendi wong hang dadi penari sebnalgn iku bisa kejimen? Tulisane Arif Wibowo lare Lulian ring buku Sastra, Seni, Santet (Penerbit SKB 2017) iki nyacak njelentrehaken paran hang ana ring wong hang kejimen kaya penari Seblang iku. Tulisan iki hang hang pungkasan teka telung tulisan.

Kik Saleh lan Mbah Nik: Tokoh “Negosiator”

Setemene kadhung ditelusuri, Kik Saleh lan Mbah Nik iki sing duwe urutan keturunan seblang. Taping wong loro iku nduwe peran penting hang bisa dadi penengah masalah hang diadhepi perangkat adat seblang. Kik Saleh lan Mbah Nik, wong Lulian aseli hang urip sedinane kaya anjerahe wong liyane.  

Kik  Saleh hang umahe ring Dusun Joyosari sing adoh teka Sumber Umbul nduweni kaweruh lan pitudhuh dadi penengahe “konflik” antarane alam alus lan alam kasar. Panggonan hang dipercaya masyarakat sekitar tenget lan nyambeti pungkasane bisa “lulut” dadi panggonan hang bisa dijamah wong kasar. Konsekuwensine, Kik Saleh kudu ngelilakaken rabine, Mbah Sutrani hang angger taun ragane dadi pelantaran rembug antarane wong alus lan wong kasar.

Semono uga, Mbah Nik, wong wadon hang umure kira-kira 70 tahun lebih iki uga dadi penggantine Kik Saleh. Mbah Nik salah sijine wong Lulian hang umahe manggon ring dusun Krajan. Mbah Nik mula wis kesuwur duwe kelebihan kaweruh sakat magih enom. Bengen Mbah Nik iki dadi tuwek-tuwekane wong ewuh, tukang nyekel jangan. Serta tuwek iki, iyane dadi wong tuwek hang bisa dijaluki tulung wong liya nambani wong lara. Sak mungkure Mbah Saleh iki, tibane Mbah Nik dipercaya danyang desa dadi penggantine Kik Saleh. Masiya tah sing ana ucap pesen sedurunge Kik Saleh sampek umur, sapa hang ngganteni iyane mbisukane. Taping danyang desa duwe cara lan karep dhewek milih wong tuwek hang bisa dadi penengah utawa “negosiator” antarane alam alus lan alam kasar.

Peran wong loro iki, bisa disimpulaken kadhung Kik Saleh lan Mbah Nik nduwe peran penting ring antarane perangkat seblang, bisa dadi perantara komunikasi hang tepak. Komunikasi utawa rembug antarane alam alus lan alam kasar mula sing bisa dilakoni sembarang uwong. Ring adate masyarakat Using hang magih duwe kepercayaan anane alam liya seliyane alam kasar iki, mula dadi wujud rasa ngerumangsani nyang kekuwasaane Pengeran Hang Maha Kuwasa. Menungsa hang urip ring alam kasar iki kudu duwe sipat hang gampang nyambung silaturahmi antarane wong alus hang padha-padha mahluk gawenanE, lan wong kasar makene ana keseimbangan ring penguripane.

Teka paran bain hang wis dilakoni ambi Kik Saleh lan Mbah Nik, sak using-usinge awak dhewek bisa njuwut hikmah arupa tuladha sikap. Yaiku ihlas tanpa pamrih njejegaken adat weluri warisane sembah buyut. Kik Saleh hang wis tanpa pamrih ngemih danyang ring Sumber Umbul lan ngelilakaken rabine dadi pelantaran kanggo kelendi apike rembug perangkat seblang iki makene ana keseimbangan alam alus lan alam kasar. Semono uga Mbah Nik, tanpa pamrih lan iklas nganakaken selametan kanggo ucap syukure selamete desa kerana wis bisa ngangkati seblang maning.

Seblang, aja dienggo Rebutan

Kadhung ring bab sedurunge nggesahaken masalah hang diadhepi seblang kerana faktor internal, yaiku alangan nganakaken seblang kerana kahanan ring perangkat adat. Liya maning masalahe kadhung seblang ring jaman moderen mula dadi barang ibarat ”kembang hang melik-melik ring bebentur”. Ring jaman moderen iki, uripe menungsa wis mecageren ambi teknologi lan ilmu pengetahuan moderen. Sing bisa dipungkiri, kadhung uripe menungsa iku dinamis miloni perkembangane jaman lan iku wis dadi sunatullah. Taping kadhung seru-seru nyageraken teknologi lan sampek nguwahi cara ndeleng spiritual uripe masyarakat tradhisi, iku kurang apik pisan.

Cara ndeleng urip modern nyang cara urip hang sipate adat lan tradisi mung sewates “komoditas” hang payu diedol nyang wisatawan. Iki cara hang kurang tepak lan malah mateni adat- tradhisi edheng-edhengan. Pemerintah hang duwe kebijakan utama kudu bijak anane kahanan gedigi iki. Promosi pariwisata hang jor-joran lan program-program revitalisasi adat-tradisi liwat proposal-proposal bantuwan nggampangaken masyarakat akar rumput iki saya mecageren nunggu bantuwan. Dadine kadhung dicekel wong hang sing amanah malah dadi ruwed ring masyarakat, kerana padha rebutan kepingin oleh bagiyan. Anane bantuwan dana hang akeh, masyarakat adat tradhisi dibayar kanggo nganakaken adate dewek. Pungkasane, niyate masarakat adat iki wis beda, ngelaksanakaken adate dudu niat kelawan makene tentrem  ayem masyarakate, desa lan jejeg adate. Naming niyat iku sithik-sithik kegeser niyat kelawan makene oleh picis. Kahanan iki kadhung digeningaken malah dadi boomerang kanggo uripe adat lan tradhisi seblang. Wong-wong hang maune bisa ngadeg dhewek nganggo kekuatan gotong royong kanggo nganakaken adate, sithik-sithik ilang malah dadi penyakit hang ngerusak silaturahmi masyarakat adat akar rumput. Dadine malah ngilangi nilai sakral lan spiritual adat tradisi seblang iki.

Semono uga, gampange nganakaken proposal dana bantuan lan hing katon cetha urusane, ndadekaken njumbule tokoh-tokoh anyar “berpendidikan” hang pinter nggawe proposal kanggo golet bantuwan. Belahine maning, masyarakat akar-rumput iki wis kepincut girang kerana wis kerep diweni bayaran anane milu kegiatan adat. Tambah belahi maning kadhung keluguane masyarakat desa iku dimanfaataken kanggo golet eksistensi lan simpati kanggo tujuan politik. Kahanan iki ibarat bolak buledan antarane adat-tradisi, komoditas pariwisata, kecemburuan sosial sampek urusan politik. Akibate ya iku mau, nilai-nilai adat tradhisi hang akeh muatan nilai spiritual, sosial, kemandirian, lan kedaulatan masyarakat desa kecerabut gara-gara kepentingan kelompok lan individu.

Cekak aose cerita, wis mula dadi tanggung jawabe rika isun kabeh, pemerintah, pemerhati adat tradisi, budayawan, lan masyarakat hususe masyarakat Uli-ulihan (Olehsari) padha-padha mbangun kesadaran njejegaken adat sing mung teka kulite thok, ayo dijejegaken sengkere liwat mbangun pemahaman kemandirian hang wis diduweni masyarakat desa sakat bengen.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sastra, Seni, Santet, Sekumpulan Artikel Tentang Banyuwangi

Editor: Hani Z. Noor