Kelapa, Jaran lan Man Tohak

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Rabu, 21 Juli 2021 12:32 WIB)
- Esai



Saiki wis sing tau tumon. Bengen nong Kalipuro iku ana 'atraksi' wong-wong nunggang jaran. Isun dhemen ngetakaken. Jarane cemeng, soklat. Kesat-kesat. Melayu ketepak-ketepok katon memehi sagah. Masiyatah kelambine hang nunggang - yong wong desa, wong tani - sak anane, sak kenenge.

Isun dadi enget nong pilem-pilem luwar. Koboi - nong pilem - adhate ambi nyekel pistul utawa bedhil. Nong Kalipurnia (Kalipuro, maksude), kene koboine nyengkelit arit, muthik, utawa budhing; jarane dipasangi pikulan padhane cingkek - isun sing paham ana arane dhewek tah sing - makene akeh nggawane kelapa teka kebonan mulih nyang umahe utawa nyang gudhange. Jaran merono-merono mung dienggo ndhungkar, nong Kalipuro ambi enggo awot kelapa.

Ngomongaken jaran lan kelapa, karo-karone padha pentinge. Sakat kawitane jaman, kewan hang paling penting lan didhemeni menungsa sing liya ya jaran. Rekene - sedurunge ana montor - jaran iku montor. Sing mbuwang-mbuwang montor, jaran uga akeh maceme, kaya asale, jenise, rupane, wernane, gedhene, pelayune, regane.... Golongane wong sugih bengen - tosene raja-raja - duwe koleksi jaran kaya dene wong sugih saiki ngoleksi montor. Wong-wong iku duwe istal - gedhogan gedhe - njerone jaran-jaran pilihan. Menungsa sing bisa mungkir, salah siji kesenengan donya iku kadhung bengen jaran, kadhung saiki montor. Gusti Allah ngungkap - ring Al Qur'an - isi atine menungsa, antarane iku. 

Kelapa, sekabehane sakat bonggol sampek janure manpaat. Cikale digambar, dipilih dadi simbule Pramuka. Maksude - kayane, miturut isun - ngajari lare supaya sakat cilik patheng golet ilmu sak akeh-akehe, makene duwe potensi kaya cikal, makene tuwuhe, gedhene, dadi menungsa hang akeh gunane kanggo menungsa liyane, kaya wite kelapa. Temenan, kelapa sing ana hang kebuwang. Parane bain kanggo. Banyune keneng dienggo werak, werake keneng dienggo rujak kecut, rujak kecut doyanane Wong Using. Kauw! Diwarah.

Sepete, bengen disepelekaken mung kanggo korah-korah. Saiki aja takon. Sampek ana pabrik pengolahane. Ana regane. Pokoke wakeh kanggone. Hang sing tau dititeni, yaiku kanggo naleni awake dhewek. Nong kebonan, mari diundhuh, kelapa biyasah ditaleni sakgandheng-sakgandheng. Nganggo paran? Kuwasane Allah, kulite alias sepete iku keneng disuwek, dicukit sithik nganggo pucuke arit utawa budhing, ditarik dadi tali. Hing ana tali hang cocok nggo nyangking utawa ngerenteng kelapa sakliyane tali teka awake dhewek. Dhadhung pisan akeh hang teka sepet. Sempurna muls Gusti Allah nyiptakaken kerambil alias kelapa.

Kalipuro sakat bengen sampek saiki wis kawentar sumbere kelapa. Pengepule katon ana pirangane panggonan. Nong panggonane mesthi katon kelapa lan sepet munjung tumpukane. Cuma, ping pira-pira liwat kono, isun sing tau tumon maning koboi cap kelapa. Sing tumon maning jaran dicancang nong pinggire dalan. Anane saiki montor pikep lan trek. Tau weruh siji ndhil - mugane isun dadi enget 'old' Kalipurnia - wis rada lawas, marek iku nana maning.

Padha nyang endi endane jarane? Dhungkar siji belaka ya sing katon semeliwer. Nawi tah jarane  dienggo ejeg? Abete, torek wis mungguhe uwoh. Entek wis gunane Pengeran nyedhiyani jaran nong donya. Nong Kalipuro kene maksudisun. Salin jaran-jaran wesi teka luwar, teka Jepang. Rasane, lare-lare percil saiki sing tau weruh rupane jaran. Weruhe paling teka gambar, utawa nong wong ewuh hang nanggap jaran kepang.

Ya wis kelendi maning? Sing keneng dipenging, kahanan - edheng utawa anter - terus berubah. Kelemben kelemben roti roti, bengen bengen saiki saiki; jaran kesuwen menungsa sing kanti. Jaran, dhungkar, paran maning cikar wis sing nutut, sing kanggo. Jaman saiki jalukane sarwa cepet lan canggih. Sing berubaha ping suwidak jaran, canggiha kaya paran, menungsa tetep sing bisa ngelalekaken jaran. Buktine ana montor diarani 'Colt' - jare wong kene kol - artine yara jaran, anake jaran. Yara iya? Ana montor hang kewela-wela ditempleki aran: Kuda. Nong luwar, montor hang regane milyaran, salah sijine ya diteploki gambare jaran, simbule. Lan, montor paran bain mesine mesthi nganggo tenaga jaran, tenaga kuda, 'n power', istilahe.

Nong kene, magih ana jaran goyang, ambi wong celathu 'tingkahe kaya jaran'. Pendheke, sing ketang kari arane, jaran tetep diceluki menungsa. Jarane dhewek - sunggane wayang - wis melebu kothak. Jamane wis ganti.

Lakone ganti sedherek Pak Tohak, wong aseli Kalipunten, bengen cekelane ya kelapa. Pegaweyane - magih enome - nyumbat kelapa nong gudhange Pak Dul. Pak Dul sapa? Ya, Pak Dul 'kelapa'. Aran kadhung akeh hang nunggali mula mbingungi. Anehe mesthi terus duwe celukan. Kaya aran Dul - mula pirang-pirang - ana Dul 'kelapa', Dul 'tukang', Dul 'wedhus', Dul 'cengkok', Dul 'gembuk', ....Dul 'piero'.

Pak Tohak - lawas milu Pak Dul 'kelapa' - pawakane gedhi dhuwur, gegel, cemeng. Percaya gok nom-nomane jaya, sing mohal kadhung saben dinane jare paling akeh ulihe nyumbat kelapa. Ndhuwure sewu iku biyasah, p

Lahan tepat untuk iklan anda di sini.

Hubungi: skb@belambangan.com atau WA telp 0811843457


alae kelapa iku abot, sepete kandel, njerebet, jangget. Isun arep nyacak siji bain awang-awangen. Nyekele thok kekok. Cumpu ndelisip tangan kejojroh, sing indaluwih. Mbek! Sepet bain sewelan paran maning tangan. Tahuk, jare sumbate.

Ring desa-desa hang dienggo nyumbat linggis. Aseline sumbat ana dhewek, lebih wera bagiyan landhepe, lebih tepak nggo megawe. Nganggone, sumbat utawa linggis diadegaken nong lemah; hang papag nong ngisor, dipendhem rada jeru makene sing obah, landhepe nong ndhuwur. 

Carane nyumbat: kelapa dicekel tangan loro, diangkat pas ring ndhuwure sumbate aju dituncebaken sampek meh keneng cangkoke, terus dipetek mengisor ambi diselongket sepete makene ngelongkop sakwerane. Mari iku kelapa diangkat maning, dituncebaken maning kenceng sepete hang magih jangget nyang cangkoke, terus dipetek lan diselongket maning sepete makene saya wera ngelongkope. Aju dibaleni gedigu maning nganggo tenaga sampek coplok, ngelonthak kabeh sepete, kari cangkoke utawa bathoke. Gampang, katone.

Naping mula gampang kanggone Pak Tohak sak kancaan, kerana mula wis cekelane. Sing kaitung pirangane kelapa wis hang digundhuli ambi tangane. Memehi cepet gok tandang. Kelapa siji paling telung sumbatan mari. Kelapa sewu sing sampek sedina beres, sewelan kabeh sepete. Jaya mula. Arep sing jaya kelendi? Sekali madhang gok imbuh sampek ping lima. Lengene merongkol meh sakpokang, mugane kelapa sing ana abote, sing ana atose. Tahuk kabeh, anggepane.

Pak Tohak dhasare mula wis cemeng, panase serngenge sing mempan, sing kira nambahi cemeng, sing dirasakaken. Alan-alane mesin, siji-siji kelapa dicandhak, disumbat, diuncalaken. 'Ritme'-ne cepet, lancar, langsam, kejaba wayahe apes. Ana siji hang gawene nggarai macet. Kelapa wis kadhung dicekel pleg, kok beda rasane? Eh, sing weruha gobod najis. "Celeng...! Tembelek...! Najis!" Abane gok celathu, ambi gupuh golet banyu nggo wisuh. Maklum, ring gudhange kelapa iku kadhang pitik selamberan, kucing uber-uberan.

Pak Tohak - tulisane Toha naping uneke mesti mateni 'k'. Toha ketemu dadi Tohak. Tahu ya dadi tahuk - saiki wis umur. Iyane iki setemene bapake kanca, lan kanca iku tau hun takoni,

"Bapake Rika sapa arane?"

"Toha," abane gok semaur.

"Ha-ne pira? Siji tah akeh?"

"Maksude kepundi, Pak Aji?" Ngomonge besiki nyang isun, lan nyeluk 'pak aji'. Gara-garane, magih buru kenal ika, merdhayoh nyang umah, isun bangete kethuan putih. Disawang, pikire isun wis aji. Sakat iku gok nyeluk isun pak aji. Pak Tohak, rabine, lan tanggan-tanggane sampek saiki milu-milu nyeluk isun pak aji. Iyok, aji salam, aji salah paham.

"Toha?" hun baleni. "Kadhung ha-ne mung siji ya sing lucu. Ha-ne kudune hang akeh, gena dadi Tohahahahaha....!"

"Ha ha ha....! Alaah....Ndika niki, Pak Aji!"

Kegawa umur lan berubahe jaman, Pak Tohak ahire ngunduri, leren teka Pak Dul Kelapa. Ngundur-ngunduri tuwek, tenagane suda, sing kari kuwat merekesi kelapa. Maning, ketepakan taun-taun iku usum rame-ramene ojek, goletane picis gampang. Lan, mula pegaweyan gampang. Pak Tohak ganti ngojek. Garus, nggoncengi penumpang - wang weng wang weng - nyang Gombeng lan endi bain.

Meh endi-endi perapatan dadi janggolane ojek. Rungu-rungu, ojek iku ana persatuane, ana peraturane. Sing ulih wong njaba mara-mara milu ngethet, milu nganteni penumpang ring kono. Anggotane diwatesi, sing ulih nambah maning. Wong anyar bisane melebu nganteni ana hang leren utawa metu. Lan ngganti iku kudu tuku, sampek jutaan. Percaya. Tandhane ngojek mula ngasilaken. 

Ting, suwi-suwi jamane berubah maning, alan-alane rodha, terus gemelindhing. Tambah taun tambah akeh wong duwe kendaraan dhewek, nyang endi bain uwong bisa nunggang sepidhah utawa montore dhewek. Wong ngojek nyelot sepi, termasuk ring ojekan Kalipuro, sepidhahe katon dhirik padha parkir. Uwonge lungguh-lungguhan, anten-antenan, ambi sewo, embuh ambi nggesahaken paran. 

Nong pinggire lurung, nong ngingsore akasia, Pak Tohak mangok-mangok, lungguh dhewekan - kipa mari guyon sak kancaan - 'stand by', nawi mara-mara ana penumpang kari 'greng', berangkat. Sakat isuk iyane durung ulih penglaris. 'Muga-muga marek iki uliha rejeki', dongane nong ati. Lungguhe dienakaken, tangane njengku nong setire sepidhah. Dikipasi silire angin, sedhela-sedhela selongoban; cangkeme mangap wera, matane saya kiyep. Ngantuk, jelantukan. Kaya ngipi kaya nyata, ana wong Gombeng langganane ojek teka. Pak Tohak - weruh rejeki - mberejag. Sing kakehan ngomong, sing kathik nulih memburi maning. Blegh! Kerasa wong iku nyingklak, gonceng, ambi nabok pundhake. 'Go!', pikire. Sepidhahe agage dikontak, disetater. 'Ngoeeng...!' Berangkat!

Teka janggolane ngalor sithik ana pertelon, lurus terus nang Secang, Wangkal, Papring. Iki penumpange wong Gombeng, berarti pertelon biluk ngiwa, ngulon. Serta wis biluk, ngulonaken iku lurunge kenceng, aspale anyar, alus kaya ungkal. Perseneleng sepidhahe dioper mari loro nang telu, digas maning pelayune saya ngetepeng. Buru arep dipindhah nong papat, cumpu penumpange semanta,

"Isun iki arep Rika gawa nyang endi, Hak...?"

"Alak! Celeeenngg....!! Jerangkooong....!! Najis!!!" Pak Tohak kelunjuk seketane, melek sakwerane. Sing kathik nulih mula wis apal temenanan nang suwarane hang digonceng. Temune dudu wong Gombeng langganane. Temakaken kancane sewi padha-padha wong ojekan...

Pak Taho.... Eh! Pak Tohahahahaha....!!!

(Sepuntene hang kathah teng sinten mawon hang keleresan nggadhah nami sami)

(Bwi,0721.1.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Antariksawan Jusuf