Kelendi Nggawe Sair Gendhing Banyuwangi Hang Enak?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 04 Maret 2024 08:45 WIB)
- Esai
Kelendi Nggawe Sair Gendhing Banyuwangi Hang Enak?
Anggitane: Elvin Hendratha
Cathetan gesah ambi (Ruwahe) Pak Adang CY, penganggit gendhing Using.
Raina hang panas tanggal 14 Mei 2017 setaun kepungkur, Pak Andang CY katon buru tangi turu. Unine tilpune buru bain nangekaken. Kanca sepantaran, Hasnan Singodimayan, ngabaraken, tekanisun nyang Welaran. Peraupane kaya katon pucet, sing patiya sehat abete. Edheng sun rungu, nawani kon lungguh. Arine, anak kemunjilanisun, nyapa ambi uluk salam lan ngambung tangane. Isun rada sungkan, merga ngganggu wektu ngaso lan turu awane.
Sak mareke uluk salam, Isun mbukak omongan ambi pitakon hang nggudha.
“Pak Andang, Banyuwangi nduwe 2 PR (pekerjaan rumah) hang durung rampung, hang ngancam mekar perujuke kesenian.”
“Paran iku?” Pitakon mbalike Pak Andang ambi rada kaget.
“Pak Andang, Banyuwangi mula wis nduwe daya nggawe lare enom njuged Gandrung, taping sayange magih diiringi CD (Compact Disk) utawa wiyaga ambi sindhene. Kelendi kadhung Temu, Supinah lan Koesniah sing kober ngewarahi? Ale noring kesenian Gandrung, njuged lan nembang iku sak paket lan sak bungkusan?”
Iyane katon manthuk-manthuk, ngeleyang adoh pikirane. Isun aju nerusaken omongan: “Hang keloro, apuwa sair gendhing Banyuwangi saiki kurang enak lan sing nduweni nilai seni? Kaya mung methik omongan paran anane ring saben dinane kanggo didadekaken sair gendhing. Sing ana maning wangsalan, karep utawa pilihan ujar hang enak lan pas,” dawa ngelambar isun nyeritakaken rasa kuwatir nang kedadeyan hang ana saiki iki.
Kayane pancinganisun ana asile, iyane mulai kerasa lan nggatekaken paran hang sun omongaken. Siji-siji pitakonisun dijawab lan dijelasaken.
“Gandrung hang mung bisa njuged lan sing bisa nembang, iku PR kita kabeh. Sing terima dadi tanggungjawabe seniman tuwek, taping kudu ngajak kabeh unsur-unsur masarakat. Kelebu pihak Pemerintah Daerah Banyuwangi, tapi sayange pemerintah dhewek seneng-senenge memengan politik.”
“Jugedan kerasa mung dadi seni obahe awak bain, saktemene nyawijekaken ambi nembang malah dadi unik lan njelimet kanggo wong-wong akeh. Sakbenere daya kanggo iku wis kepikir, taping durung ana wujud pegaweyan hang nyata. Noring bidhang politik lan ekonomi wis dilakoni, tapi durung nyemak nang Budaya. Ale iki hang paling ketara,” tambahe.
Seniman hang wis tau jungkir-walik lan akeh ngasilaken gendhing sakat taun 1965 sampek taun 1990-an iki nyeritakaken, hang nggarahi melorote mutu sair gendhing Using yaiku ana kahanan penganggit gendhing hang kepingin gancang ulih picis. Jare Pak Andang, setemene iki wis dadi gejala sak mesthine mecungul merga obahe jaman. Pengaruh teka butuhe urip, singgungan lan campuran teka dhaerah njaba malah teka donya manca akeh mekar ngaruhi kembange kesenian sakteruse.
“Noring pengalamanisun nganggit gendhing Banyuwangi, kudune penganggit gendhing aja diwatesi wektu kudu mari, taping gemantung ambi kahanan lan pikiran hang dadi inspirasi. Tuladhane wayah pengalamanisun megawe bareng ambi BS Noerdian, sak gendhing bisa digarap bareng-bareng sak dhet sak nyet. Taping bisa uga sampek ngalami uwah-uwahan ping loro ping telu. Naming Isun lan BS Noerdian sing ngerasakaken dhung diuber-uber supaya marekaken,” jarene temenanan.
Noring laku megawe bareng nggawe gendhing mau, perlu kudu diedegaken rakete pikiran kanggo nggawe rasa nguripi. Rakete ambi seniman liya kudu dilakoni kelawan cara serawungan lan sanja. “Isun parek seru kaya dulur ambi BS. Noerdian lan Machfud (Machfud Hariyanto almarhum – Red) utawa liyane. Gedigu Isun lan iyane padha tukar kaweruh, merga gendhing lan sair iku dadi siji lan nyawiji hang wutuh. Machfud kadhung nyang umahisun udude mesthi dhedhegan, merga wis parek kaya keluwarga dhewek.”
“Dayane bisa maca pikirane kanca, iku salah sijine hang penting, merga bisa nguweni gampange laku ngejawantahaken unek tabuhan utawa lirik hang dianggit bareng. Embuh iku gendhing hang dianggit sulung, utawa sair hang kawitan digarap. Machfud kerepe nduduhaken nang isun kanggo ngerungokaken ‘sol-mi-sasi' gendhing, Isun mesthi terus paham. Aju dadi gendhing Perawan Sunthi. Utawa kaya tepak Isun nggawe gendhing Umbul-Umbul Belambangan ambi BS. Noerdian. Dikawiti ambi Isun deklamasi ring ngarepe Iyane nguwekaken sair hang Sun anggit, aju BS Noerdian nerjemahaken ambi cara tabuhan (musikalisasi). Isun lan BS Noerdian ketemune temenanan, paran maning wayah nggawe sair. Damakena gendhing iku dhewek, Isun nganggit taun 1974, aju dipopuleraken ambi murid-murid SPG (Sekolah Pendidikan Guru) Pandan, Genteng. Anehe buru anjerah sakuwise 20 taun, wayah digawakaken ambi Tim Bupati Syamsul Hadi almarhum taun 1994 ring Jakarta.”
“Hang paling penting kanggone penganggit gendhing Using, yaiku gelem njugeri hang diduweni arupa ‘kearifan lokal’ Banyuwangi dhewek. Sing perlu adoh-adoh, cukup njuwut lan ngelatih rasa nyang kahanan hang kedaden ring kiwa tengene, cukup teka urip lan penguripan sedina-dina wis akeh hang bisa diceritakaken liwat gendhing Banyuwangi. Penguripan sedina-dina bisa didadekaken sumber pikiran lan angenan. Sambate wong Banyuwangi iku beda, aja gampangan ngelebokaken ukara teka njaba, merga dudu panggone lan beda rohe. Iki penting kudu digatekaken, merga iku dudu unen-unen, seni iku dudu ewer-eweran. Tuladhane gatekena gendhing Padha Nonton, wayah ngomong “Kembang menur, melik-melik ring bebentur Ya.. sun siram alum, sun pethik mencirat ati. Lare angon, gumuk iku paculana. Tandurana kacang lanjaran, sak unting ulih perawan,” iki seru apike unen-unen jaman bengen.
“Sak njerone nganggit gendhing Isun mesthi ngerekadaya nggolet pilihan ujar hang njelimet, hang iku kudu Sun cekel teka penguripan sedina-dina,” sambunge. “Isun mesthi ngoberaken ngerungokaken omong-omongan hang paran anane ring kiwa tengenisun, ring endi bain ring Banyuwangi, kanggo ngelumpukaken pilihan ujar apik lan enak hang arang dirungu atawa dienggo. Saingga engkone bisa ditemokaken ujar-ujar hang mula dadi pilihan. Malah Isun duwe buku husus kanggo nyathet ujar-ujar iku, kerep isun nyathet mung sak lembar kertas bungkus udud aju Sun salin ring umah. Gatekaken ambi cara teliti makna hang beda angger ujar, tuladhane kanggo nggambaraken uwong hang tiba bain, ana akeh ujar hang nduweni makna beda: njekapang, kesereb, kesandhung, kedelinges, keseleyo lan liya-liyane,” tegese.
“Iki hang perlu Sun omongaken kanggo penerus, aja sampek nggolet (tabuhan/sair) teka njaba, ring njero Banyuwangi wis akeh lan kumplit, kadhung njuwut teka njaba iku beda rohe. Paran hang sing ana ring Banyuwangi? Tuladhane ring Temenggungan, panggonan laire kesenian. Kabeh wis ana lan gemelar mulai: angklung, ketoprak, gandrung lan liya-liyane. Iku minangka pesugihan hang seru gedhene kanggo terus dijugeri aju dimekarkembangaken. Hang lebih ngenes ring atinisun, kadhung gendhing kulonan, India, Sunda, tapi diterjemahaken utawa diisi sair gendhing Banyuwangi, yara sing cocog?”
Isun aju ngomong nggeladrah nyang endi-endi, masalah enake mujudaken angenan noring kesenian jaman saiki. Cerita masalah peksaan lan curigane penguwasa nyang seniman wayah jaman bengen. Isun aju terus ngerungokaken, ambi kadhang-kadhang ya nempali. Tepak sun ajak ngalih omongan nang donyane sastera, isun gawok seru sampek metenggengen wayah ngerungokaken puisine WS. Rendra hang diwaca apal ring jabane pikiran: Bukan jalan bertabur bunga. Sebutkan segala penjara yang itu adalah aku.
Rasane sing entek-entek omongan. Abane Adan seru antere hang sun rungu, teka langgar parek umahe Pak Andang, isun kudu mungkasi ketemuan lan nangekaken Arine, anakisun hang keturon ring kursi, merga sing paham gesahisun ambi Pak Andang raina iku. Temekakeken, iku adhep-adhepan hang kawitan lan pungkasan ambi Sang Maestro. Nedha lila nyang lakundika Sang Maestro, sun lila Pak Andang teng lakundika. Donganisun mbarengi Rika ning alam liya, kesuwun hang akeh nyang Ndika hang wis ngabdikaken uripe kanggo Banyuwangi.
Lumajang, 06 Mei 2018 - Elvin Hendratha
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Elvin Hendratha
Editor: Hani Z. Noor