Lebaran Jaman Bengen ring Banyuwangi

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 22 April 2023 08:54 WIB)
- Esai



Taun 1970an bengen, ring Banyuwangi saben puwasaan wayah soren ngarepaken magerib, tepak ngerandhu buka, wong-wong lan lare-lare mesthi nganteni unine belanggur. 
   Belanggur iku mercon guedhi (kira-kira diametere ana nawi 20 senti) hang disumet ring Taman Sritanjung ngarepe mesjid jamek. Kadhung wis disumet, belanggur iku aju cemelorot sampek mucit nong awang-awang aju meledhos nong ndhuwuran minangka tandha gok wis wayahe melebu magerib. Wong sak Banyuwangi rungu kabeh lan pating buka puwasa.
   Belanggur hing mung ana ring sakdawane ulan puwasa naming tepak mudhun sembayang Ied ya disumet pisan. Belanggure cemedhor ping telu. 
   Wong-wong ring kutha utamane, biyasahe dina pungkasan puwasa wis pating ubred. Singkrih, rijig-rijig umah, ngecet, ngelabur pager lan ngetap toples-toples isi maneka jajanan garing lan jajan pabrik hang wadhah omplong dhirik nong ndhuwur meja lan uga olah kopat sak uba rampene, paling using olah jangan manisah ambi endhog cit. Hang rada duwe ya kadhang olah kare pitik, kadhung hang lebih sugih malah ana hang olah sega kebuli jangkep ambi gule wedhus lan satene. Jaman bengen pisan tepak sedurunge takbiran minangka buka puwasa pungkasan wayah soren-soren, nepaki wis mari olah-olah, emak-emak ngongkon lalare hang wis rada gedhi menyang umahe tangga lan dulur sakperlu ngirim kopat sak uba rampene hang diolah mauka kelawan diwadhahi ring katrol susun (ana hang ngarani elang), kadhung cilik katrole jangane ya diwadhahi katrole taping kadhung katrole gedhi jangan ambi uba rampene diwadhahi piring sulung aju dicangking ning njerone katrol gedhi. Kadhangane ya wis dirujak uni ring piring aju digawa nganggo talam dikudhungi serbet tah godhong gedhang lan diateraken nyang tangga-tangga hang parek. Ater-ater sak tanggaan lan sak duluran iku wis dadi tradhisi jaman bengen, ngatonaken guyub lan rukune wong-wong nyang dulur lan tangga.
   Nong wilayah kutha Banyuwangi hang sun weruhi, tepak lebaran lalare cilik padha nganggo kelambi anyar (jaman bengen biyasahe tukune kelambi anyar ya mung wayah ngarepaken lebaran). Aju marek sembayang Ied lalare cilik pating melibeng, biyasahe jak akehan unjung-unjung nang umahe tanggane. Biyasahe hang dituju kawitan ambi lare-lare cilik ya tanggane hang sugih, hang paceke ngepeli picis nyang lare-lare cilik. Lare-lare cilik iku pating cerita gok nong pak iki diwani seringgit kadhung pak ika ngewani limang rupiah. Kadhung ana lare bayi kadhangane ya emake hang nggendhong hang nampa picise. Jajan lan ombenan hing ana hang ngereken masiya katon ngawe-awe dhirik nong ndhuwur meja. Polae jajan hang paling didhemeni lan paceke dienggo rebutan ya mung hang ana ring omplong jajan Khong Guan yaiku mapres (basa saikine wafer) lan biyasahe mula wis mesthi gemet sulungan. Kadhung sing dijuwut lalare lancing, ya dijuwut sulung ambi anake hang duwe umah. Sakliyane mapres, hang diincer biyasahe kacang goreng ambi jajan plikenik, kaya roti mari garing hang nong ndhuwure ana gula beku maneka werna. Jaman bengen, wong-wong nggawe dhewek jajan lebarane, hing kaya saiki maneka macem jajan bisa tuku dadi nong endi-endi. Bengen kabeh umah sak tanggaan jajane emeh padha. Hing maido, tepak nggawe jajan biyasahe emak-emak semayanan. Siji nulungi tanggane gentenan, malah open hang dienggo mbakar, biyasahe melaku teka umah siji nyang umah liyane. Sangking guyube ambi tanggane ya gedigu iku.
   Mari unjung-unjung nyang tangga aju ambi wong tuweke lalare padha digawa menyang nang umahe dulur-dulure. Kadhung magih ana embahe ya aju kumpul nong umahe embahe. Jaman bengen hang aran dhongkar ambi becak ya padha panen merga akeh uwong hang nunggang merana-merene.
   Sarta wis mari melibeng unjung-unjung aju mulih nong umahe dhewek-dhewek biyasahe emeh bedhug. Lalare cilik padha nyekel picis. Ladak lan anggak polae wis nyekel picis dhewek, hing teka wong tuweke. Hang garus ya wong dodol es lan tukang nyuknyen (saiki arane bakso) hang sing milu lebaran taping malah rejekine kecaruk ring dina lebaran. 
   Kelawan nyekel picis dhewek, lalare cilik iku siji tuku nyuknyen kabeh milu tuku nyuknyen. Hing sampek bedhug, tukang nyuknyene wis bisa mulih merga dagangane gemet, kukut. Engko soren-soren iyane balik dodol maning, ngadhang lalare hang picise durung entek.
   Hang magih akeh picise bisa tuku mercon litik utawa mercon bantingan lan barang-barang liya hang saben dinane hing bisa ketuku taping mendhem kepingine.
   Dalune akeh wong-wong  hang melaku-melaku nang Boom. Biyasahe ana THR, ana tontonane lan wong dodolan sembarang kalir sak bajeg. Ana maneka jajanan, memengan lan liya-liyane. Arane wong dodol lan hang tuku kaya hing keneng dipiyak. Picis lebaran entek nong Boom.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf