Mapag Lebaran ring Banyuwangi
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 26 April 2023 06:44 WIB)
- Esai

Lebaran wis intep-intep serta puwasa ulih rong puluh dina. Mesjid-mesjid wis siyap kepanggonan jamaah kang i’tikap. Emak-emak wis mulai ebuk nyiyapaken jajan paran kang arep disuguhaken nyang dhayoh kang unjung-unjung. Sing mung jajan. Pawon uga wis mulai diebeki. Isine ceraken wis membret-membret. Kompor lan bengahan siyap dienggo ngulub kopat, lepet, lan olah-olahan liyane, iwak pitik diolah kare, sawur, endhog cit, sambel petis lan nggoreng kerimping kuning uga gerunggung. Manisan asem lan manisan pala wis temata ring topeles kang wis dikorahi lan gemilap, aju diendoh nong lemari rasa. Masiya anane lebaran saben taun taping kadhung sing ana panganan-panganan iku rasane kaya durung cukup. Kelambi anyar wis padha diparoti, diweni karbol makene wangi semebrung. Pokoke siyap mapag lebaran.
Ana hang bida lebaran taun iki. Muhammadiyah wis ngumumaken kadhung lebaran tekane dina Jemuah taping pemerintah durung ngumumaken kapan lebarane. Biyasahe arep namtokaken kapan dina lebaran, pemerintah nganakaken sidhang isbat sulung. Engko asile diumumaken liwat tipi-tipi nasional. Temenan. Taun iki pemerintah ngumumaken lebarane dina Sabtu, bida ambi Muhammadiyah kang wis ngumumaken lebarane dina Jemuah. Taping sing dadi paran masiya bida dinane kang penting adate lebaran ra padha bain. Sembayange padha, unjung-unjung njaluk sepura nyang wong tuwek, anang-adon, uwak, paman-bibik, lan beraya kabeh ya padha. Kadine ngurmati adate liyan magih kenthel ning negara kita iki. Kang lebarane dina Jemuah sing ana takbiran keliling, unjung-unjunge diempet sulung nganteni kisuke.
Lebaran kurang sedina emak-emak mulai tandang nyiyapaken kanggo kesuk. Urung kopat siyap diisi pucusan beras. Pitike wis dibeleh mari sembayang subuh mau. Kelapa diparut kanggo santene jangan kare. Sawur, sambel petis lan endhog cit wis mateng sore. Sambel petis lan endhog cit mung kari ngangeti thok. Gerunggung lan kerimping kuning wis diwadhahi blek pecakane jajan meri. Tape ketan kari nambahi kethote, kang wis dipesenaken. Kolang-kaling kari nggulani. Bapak nutug-nutugaken ngecet tembok lan ngelabur pager. Lare-lare kang wis pereiyan sekolah padha memengan ambi kanca-kancane lan emeh saben dina nyacaki kelambi anyar. Rasane sing serantan nganteni dina kesuk. Mari dicacak, sing dibalekaken nong panggone, langsung ditinggal gemelethak nong ndhuwur peturon. Pungkasane emak ngelepiti lan ambi muring-muring ngelebokaken kelambi nyang parotan maning.
Wis soren kopat magih durung mateng. Jare emak makene taleb kadine sing dientas-entas. Lare-lare nyeriwedi kepingin gancanga buka. Iki buka kang pungkasan kadine kepingin ngerasakaken buka mangan kopat. Toraneya panganan liyane wis mateng kabeh, wis temata ring ndhuwur meja. Ambune jangan kare pitik kang kebrung-kebrung iming-iming nong ngarepe bacot. Nana wih, sirine buka muni, bapak ambi anak anter-anteran madhange. Mari mangan lepet, disambung kopat, sambel petis lan jangan kare pitik. Mulih teka langgar mangan maning kopat ambi sawur lan endhog cit. Sing ketinggalan ana iwak pitik goreng. Ditutugaken mangan kolang-kaling lan tape kethot, sampek wetenge welangkeden.
Mulih sembayang Id, sarapan kopat dibaleni maning taping sing akeh kaya buka nubengi wedi kadhung ceceran nong kelambi anyar. Wis kaya adate, lebaran ring Banyuwangi kurang meriyah kadhung sing kathik unjung-unjung. Kang rumangsa lebih enom keliling marani nong dulur, tangga lan beraya kang lebih tuwek. Biyasahe, nong umahe anang adon, jejeg gedhang godhogan lan kadhung kepingin kari methik.
Minal aidin wal faizin
Sepurane lair lan batin.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.