Memengan Pelencatan

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 14 Oktober 2021 08:24 WIB)
- Opini



Pelencatan, sapa hang magih enget endane? Tau tah ngerasakaken menganan iku?

Aran pelencatan mesthine diweruhi ambi masarakat Banyuwangi hususe lare-lare cilik. Bengen jamane durung ana hape, memengan mung nganggo alat paran sak anane. Dadi dhasar memengan iku mbelayu, akas-akasan, akeh-akehan, dhuwur-dhuwuran. Kabeh mung latihan awak (pisik). Semono uga memengan pelencatan. Karet gelang hang ulih teka bungkusan-bungkusan wong tuwek tepak tuku paran digu, dikelumpukaken aju dibente makene bisa dienggo lomba dhuwur-dhuwuran. Kadhung hang duwe picis, bisa tuku karet pentil sepidhah hang dawane sak kilan aju dironce sampek dawa, dadi karet pelencatan. 

Kaya arane, pelencatan dijuwut teka cara memengane hang mula kudu melencat ngeliwati wates hang wis digawe teka karet mauka. Mari digu saben lare padha golet kanca utawa nggawe grup hang kudu ana paling sithik rong kelompok. Naming ana hang cara maine sing nganggo grup-grupan alias dhewek-dhewek.

Cara maine mung sukur ana hang mbacangi tali hang digawe teka roncenan karet gelang mauka nong kiwa-tengene (kadhang gantenan). Dhuwur-endhepe wis ana wates-watese. Wates melencate ana pirangane macem:

  1. Sikil/Mata Kaki
  2. Dhengkul (ambi ngogrog)
  3. Tim (sak kemaluan)
  4. Udel
  5. Dhadha/Kelek
  6. Janggut
  7. Kuping
  8. Endhas
  9. Kil (ndhuwure endhas hang ditambahi sak kilan tangan)
  10. Merdheka (tangan diedegaken sampek mendhuwur). Kadhung marek hang pungkasan iki bisa ulih sawah

Ring sebagiyan desa nawi ana bedane bab ukuran-ukuran dhuwure pelencatan mauka.

Ring saben mangkat kanggo ulih tujuwane yaiku ulih “sawah” teka kawitane kudu bisa ngeliwati rong ujian.

  1. Ujian kawitan iku kudu bisa melencat kelawan nyemplok anane tali karet gelang.
  2. Hang kepindho, kudu bisa melencat naming hing ulih nyemplok anane tali karet gelange.

Saben bagiyan wates kudu bisa dilencati ping pindho utawa bolak-balik. Uga dhung wis bisa miloni aturan iku kabeh bisa wenak lan lancar ngulihaken hang aran “sawah”.

“Sawah” iku bisa sunartekaken nganggo cara liya yaiku bisa ulih biji siji utawa ring permainan (game modheren kaya dene wis nggape misi). Sawah artine wis marek ngeliwati kabeh tantangan utawa aturan memengane. Biyasahe maning dhung wis marekaken tantangane kabeh lan kanggo ngulihaken sawah siji, kudu bisa marekaken tantangan utama hang digawe lan disetujoni ambi kabeh para pemain. Tantangan utama hang tuwuk dienggo umpamane:

  1. Muter kayun ring panggonan naming posisi siji tangan ana ring tengah-tengah dadi punjere. Uga posisi tangan iku nyekeli tali makene rada kebatek mengingsor. Posisi tali ya tetep dibacangi ambi pemain liya ring kiwa-tengene, dadi kaya hurup “v” dhung disawang. Sikile uga terus melencat mubeng ya muter sampek akehe puteran hang disepakati. Dhung bisa dilakoni sepisan cacakan, ya resmi ulih sawah siji.
  2. Ngeliwati tali hang dibacangi kiwa-tengene, naming hang melencat mung sikil bagiyan dhengkul mengingsor utawa mung pokange thok. Posisi pemain iku ya meneng ring tengah tali hang terima ngubahaken sikil sijine kanggo melencati taline. Cara melencate kaya dene cara wadonan yaiku ditekuk memburi dhung arep melencat. Aseline iku ya hing bisa diarani melencat merga posisi awak hang meneng uga posisi sikil hang siji ya meneng ring tengah-tengah. Dadi bisa diarani sikil hang ngeliwati tali mung sukur diliwataken thok. Jumlah pelencatane ya disepakati bareng-bareng sedurunge.

Memengan iki hing kanggo mung lare wadon  naming lare lanang ya ulih milu.

Kerana ana rong jenis kelamin hang main, cara melencate ya beda utawa dibedakaken, yaiku:

Dhung melencate wadon, celukane “Cara Wadonan” carane gedigi:

  1. Kawitane dhung wis melencung ngarepaken ring dhuwure tali karet, posisi sikil ditekuk memburi.
  2. Dhung wis nekuk, posisi kabeh awak bisa dikira-kira ana ring dhuwure pas ring tali karet, awak lan sikil diputer 180 derajat.
  3. Posisi sikil hang tepak ring dhuwuran karet tepak melencat, manut ring aturan. Aturane kadhung tangan ulih nyemplok ya ulih nyemplok, kadhung hing ulih, bisa keneng ukuman yaiku “mati” artine lare iku hing ulih mangkat main maning utawa nerusaken gilirane.

Kadhung kanggo lare lanang, arane“cara lanangan”.  Cara iki bida adoh ambi cara wadonan, yaiku:

  1. Kawitan arep melencat sakmarine melayu golet awalane, posisi awak ya tetep madhep mengarep nong tali karet.
  2. Dhung wis melencat, posisi awak lan sikil cukup melencat kaya dene melencunge jaran dhung ngeliwati gawang ring salah siji olah raga, utawa melencunge kaya dene olah raga atletik hang jenise “lari lompat gawang”.
  3. Cara lanangan lebih gampang ketimbang wadonan.

Rong cara iku ya hing kudu dienggo utawa disesuaikaken ambi jenis kelamin. Taping ya balik maning kelendi kesepakatane sedurunge main. Kadhang. Pemain lanang ya ulih nganggo cara wadonan lan sebalike.

Pelencatan ya nduweni bantuwan kanggo saben tim utawa pemain hang sing bisa-bisa ngeliwati tantangan. Bantuwane iku ana telu:

  1. Dudingan, cara iki carane deriji nduding dibuledaken nong tali hang posisine tepak ring tengah, aju  dhung wis kebuled (hang penting bisa dicoplok), taline mauka bisa diered mengisor aju awak lan sikil bisa melencat ngeliwati tali mauka.
  2. Kupu-kupu, cara iki yaiku posisi rong tangan didhaplangaken, aju dbuledaken nong tali karet mauka. Bulede ya hing ngawur, ya mung sukur diputer bareng nong tangan hang sekirane hing kari nemen-nemen (bisa dicoplok maning). Mari digu, posisi tali hang ana ring ngarepe dhadha utawa awak bisa ditarik mendhuwur ngeliwati endhas. Uga tangan hang kebuled mauka bisa dieculaken teka buledan tali. Posisi iku mari digu weruh-weruh wis ngeliwati tali dhang-dhangane.
  3. Nganggo tangan, cara iki beda ambi hang loro mauka. Yaiku saben melencat, bisa nganggo tangan kanggo narik tali karet mauka mengingsor. Dhung wis tali ketarik mengingsor, sikile pemain mauka bisa gampang ngeliwati tali karet gelange.

Iku dulur hang bisa sunedum, memengan jaman magih lare Banyuwangi. Kadhung ring Sekolah Dasar, memengan iki mesthi ana  paran maning tepak wayah ngaso.  istirahat ring sekolahan. Lalare padha ana hang memengan pelencatan iku. Memengan iki apike kanggo ndhidhik lalare cilik makene bisa naati peraturan, bisa nduweni rasa wanen, lan biyasah ngadhepi tantangan, kudu jujur, uga kudu apikan, akur nyang kanca-kancane. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor