Mochamad Pungki Hartono Musisi Using ring Lake Toba Music Festival

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 15 Oktober 2021 09:19 WIB)
- Tokoh



Mochamad Pungki Hartono, lulusan STKW Surabaya Jurusan Seni Karawitan hang manggon ana ring Aliyan Rogojampi Banyuwangi bareng ambi “Munsing” milu ring Festival Lake Toba tahun 2021.

“Munsing” yaiku Musik Nada Using salah sijine komunitas musik tradhisional Banyuwangi hang manggon ana ring Aliyan hang diedekaken ambi Pungki lan kancan-kancane sakat tanggal 23 Agustus 2019.

 Sakdurunge liwat wadhah opencall Pungki hang uga saban dinane dadi pengajar ring Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi iki katut ring pemilihan 12 komposer Indonesia hang milu ring Kegiatan Lake Toba Traditional Music Festival hang dianakaken ambi Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan  Riset dan Teknologi hang megawe bareng ambi RKI (Rumah Karya Indonesia) tanggal 1-5 Oktober 2021.

Kelendi saktemene kiprahe wong using aseli iki bisa milu ring ajang bergengsi hang mung bisa dipiloni wong 12 komposer sak Indonesia? Kegiyatan kesenian iki uga bisa ndadekaken wong Banyuwangi bungah lan mongkog. Sakjane ya sing wong Banyuwangi thok naming uga Jawa timur hususe merga iyane kepilih ring antarne wong sak Jawa ki bisa melaku nyang Sumatera Utara kanggo nduduhaken karyane hang diweni aran: “Martamba”.

Ring kene reporter belambangan.com bisa wawancara eksklusip ana ring Kampus KLLC Banyuwangi panggone iyane saban dina mulang tabuhan Banyuwangi.

Assalamualaikum Kang, kelendi kabare. Kapan teka Sumatera Utara iki?

Alhamdulillah kabare apik, dhemen bisa balik maning nyang tanah kelairan. Isun buru teka dina Jemuwah tanggal 8 Oktober 2021 iki.

Ambi sapa bain rika nyang Sumatera Utara nyang acara Festival Lake Toba iki?

Isun bareng ambi lare-lare “Munsing” hang akehe jak wolu sak isun pisan. Ring kana isun sak perlu milu nggawa karya hang dishooting ring Batu Hoda Kabupaten Samosir Sumatera utara.

Saktemene karyane hang kepilih iki paran arane lan nyeritakaken paran saktemene?

Karyanisun iki arane “Martamba” kadhung wong Using ngarani kira-kira ya mertamba utawa golet tamba utawa nambani wong lara. Karya iki saktemene kolaborasi antrane musik-musik teka Samosir hang sunangkat teka ritual adat Si Gale-gale. Adat teka Kab. Samosir hang arupa patung kayu hang dileboni arwah utawa roh alus kaya denen Keboan hang ana ring Aliyan.

Kok bisa rika milih Samosir hang dadi panggonan riset kanggo karyanrika iki?

Sakmarine kepilih ana ring 12 komposer iki, isun ulih kesempatan kanggo riset nyang 3 kabupaten hang ana ring Sumatera Utara yaiku, Samosir, Karo, lan Dairi. Taping  serta sun lakoni nyatane isun milih Samosir hang ana adat Sigale-gale-ne iku mau. Sun pikir Si-Gale-gale iki sing adoh padha ambi Keboan hang ana ring desanisun Aliyan. Sakmarine riset ana ring Samosir sakteruse isun diweni kesempatan 20 dina lawase kanggo mujudaken karya hang ahire sunlkolaborasikaken ambi music Banyuwangi utamane musik nada Using.

Paran saktemene hang kepingin rika omongaken utawa rika udharaken ring karya “Martamba” iki?

Martamba iki sun karepaken hang saktemene kadhung music iku bisa dienggo tamba utawa njaluk tamba (njaluk obat) music bisa dadi mertamba kanggo dunya hang saiki iki lara. Musik iki kolaborasi antrane Using lan Batak. Proses Martamba iki perkawinane antrane Batak lan using. Ring Narasine iku ana 3 yaiku, sakit (lara)-berobat (mertamba)-sembuh(waras).

Wah katone jeru iki karyanrika, pantes bain bisa katut nyang pestival tingkat nasional iki. Sak iki teka karya lan pestival Lake Toba iki kanggonrika.

Iki sun dadekaken pengalaman anyar yaiku bisa njumput kesenian teka luar lan sunolah nganggo rasanisun dadi karya anyar hang bisa diudharaken nyang penikmat musik tradisi ring Indonesia. Lan muga-muga musik Banyuwangi bisa ngambah maning nyang tingkat Nasional.

Kadhung kanggo “Munsing” dhewek mestine iki dadi pengalaman hang masaalah gedhene nyenegaken ati, merga atase wong desa Aliyan bain bisa sampek gadug nyang Lake Toba ambi nggawa kesnian banyuwangi hang saklawase iki dikudang-kudang lan digadhang-gadhang ring raina lan bengi.

Bek.. Sing kanti kepingi weruh pentas Munsing ambi Martamba iki. Kapan bisa ndeleng bareng iki Kang?

Insyallah sing suwe mariki diupload ring kanale Youtube Kementerian Pendidikan kebudayaan Riset dan Teknologi. Engko sunkabari kadhung wis publish.

Iya wis Kang kesuwun muga sukses maning acarine kanggo rika lan Munsing. Assalamualaikum

Iya terima. Waalaikumsalam.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf