Mudhun nyang Desa Nunggang Sepur
Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Jumat, 21 April 2023 06:34 WIB)
- Esai

Selasa lohor (18/4) isun mangkat mudhun nyang desa. Merga sedhela engkas arep lebaran.
Teka semono akehe pilihan transportasi hang ana, sun putusaken nunggang sepur bain. Mergane, kawitan, nyantai seru. Timbangane bis lan sepidhah montoran, kanggonisun, sepur lebih marem ring ati. Kejaba bisa ayem, ya enak kahanane.
Kaping pindho, sepur saiki iku beda ambi sepur jaman bengen. Kadhung jaman saiki masiya kelas paling ekonomis iku wis dicawisi AC (alat dienggo ngatur hawa makene adhem). Wong jaja jajan, sega, ombenan (kesebut cangcimen) ya wis nora ana, dilarang kelawan peraturane PT. KAI hang ketat lan jejeg.
Liyane iku, pelungguhane, hususe kanggo rute adoh hang ngeliwati saben kutha, wis diatur jelas kaya nong kapal miber aliyas pesawat. Saben tuku karcis penumpang bakal asil nomer hang wis ditata papan pelungguhane. Dadi, saiki tukar perkara rebutan kursi, sulung-sulungan teka makene ulih panggonan lungguh wis sing usum ning sepur.
Kadhung rika kabeh duwe karep nunggang sepur, karcise bisa tuku langsung ring setasiyun, bisa uga tuku liwat online. Naming, sedurunge tuku rika kabeh kudu weruh maceme aturan iki. Merga PT. KAI (Kereta Api Indonesia) minangka pihak penyelenggara salah sewijine Badan Usaha Milik Negara (disingkat BUMN) iki duwe aturan anyar babakan karcis lan vaksin.
Kawitan, karcis go show utawa tuku karcis aju langsung berangkat. Sakat pirang-pirangane wektu kepungkur, tuku karcis nong setasiyun iku diwatesi kanggo hang tuku dadakan thok. Maknane, rika tuku karcis merga arep langsung berangkat nalika iku pisan.
Naming, kadhung rika niyat tuku tepak ring adoh dina (sedurunge dina menyange), mangka wajib tuku macem karcis hang sijine, yaiku karcis online. Carane, ngundhuha aplikasi KAI access sulung ring Play Store, mariku ndaptar, buru bisa pesen karcis.
Dawane wektu pesen kelawan dina menyange kira-kira kacek 90 dina sedurunge (H-90). Lebih wutuhe rika kabeh bisa langsung mbukak website PT. KAI.
Hang kaping pindho, kudu wis vaksin booster (utawa vaksin hang ketelu). Sakat mari ana gempuran penyakit covid-19 ika, hususe penumpang rute antar kutha, diwajibaken ngelakoni vaksin booster. Mula kadhung rika durung disuntik vaksin iki, bangur aja ngimpi nunggang sepur timbang dipenging melebu tepak ngecek karcis.
Beda teka babakan sedurunge, kanggo rute tujuwan Surabaya-Banyuwangi lan sebalike, KAI wis nyawisi sepur maneka pilihan. Ana Sritanjung, Probowangi, Wijayakusuma, sampek hang paling anyar yaiku Belambangan Express.
Teka petang macem sepur hang sun ucap iku sepur Probowangi dadi primadona lan andhalan masarakat umum kerana murah regane. Teka Banyuwangi nyang Surabaya utawa sebalike iku mung keneng rega 56 ewu thok. Yara murah.
Hang nomer loro, dibiji teka murahe rega pisan yaiku sepur Sritanjung. Rutene Banyuwangi Ketapang-Lempuyangan (Yogya). Teka Banyuwangi nyang Surabaya utawa sebalike keneng rega 88 ewu. Kadhung nunggange teka Banyuwangi bablas Lempuyangan malah lebih murah maning, keneng 94 ewu. Maknane, Surabaya-Lempuyangan yara kacek mung 6 ewu.
Sakwetara, sepur Wijayakusuma lan Belambangan Express mau ika bisa diucap lebih larang timbangane Probowangi lan Sritanjung. Regane kira-kira satus ewu mendhuwur hang kelas ekonomi, sedheng hang eksekutip keneng 200 ewu - 300 ewu lebih. Kalingana paran bedane kelawan sepur Probowangi lan Sritanjung? Cumpu sak liyane regane, kelas lan wektu gaduge ya lebih cepet (nawi 1-2 jam lebih gancang).
Lebaran wis kari engkisuk, malah ana hang dina iki. Kanggo hang arep mudhun nyang desa, nunggang paran bain iku hang ati-ati ya, lur. Karepe mulih, gadug umah aju kumpul keluwarga. Merga iku, hang penting selamet bain wis, sing usah gupuh. Kadhung isun yara mulih nunggang sepur, kira-kira rika kabeh mudhun nyang desa padha nunggang paran? Aja ngomong nunggang Burok!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : -
Editor: Hani Z. Noor