Ndeleng Penganten Nusantara
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 12 Juni 2023 08:06 WIB)
- Esai
Gedigu ana kabar kadhung arep ana Festival Pengantin Nusantara ning Purwoharjo, isun gancang kepingin ndeleng merana. Tepak wis, dina iku isun arep ngadiri acara reuni alumni SPG ’80 kang manggon ring Purwoharjo pisan. Mula anggotane pangsiyunan kabeh. Taping masiya wis padha lansia acara gedigi eman kadhung ditinggal. Dadi karo-karone sun tekani. Jare paribasan kelendi ika, sekali merengkuh dayung dua tiga pulau terlampaui. Kadine mumpung ketemune alumni nong Purwoharjo, sedheng pestipale nong Purwoharjo pisan, mulih reuni mampir sulung ndeleng Festival Pengantin Nusantara.
Pestipal penganten taun iki minangka salah sijine rangkaian acara Festival Budaya Blambangan. Mari Festival Pengantin, aju diterusaken Festival Jaranan Buto Cilik lan Pagelaran Wayang Kulit kang dianakaken ring Cluring. Kanggo acara pestipal penganten iki ditambahi karnapal, kang melakune teka RTH Karetan nuju lapangan Purwoharjo. Jeh, tepak berangkat nyang panggonan pembukaan, penonton wis padha dhirik ning lurung kang arep diliwati peserta karnapal. Prahoto lan montor kol buntung kang didandani kanggo lungguhe penganten wis jejer siyap berangkat. Toraneya isun mbatin kok pestipale kari adoh, maksude kok adoh teka kutha? Ketangana jare panitiya makene kecamatan liyane milu ngerasakaken ramene pestipal.
Pestipal kang dibukak bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani iki saktemene terusane pestipal penganten sedurunge. Kerana covid-19 pungkasane pestipal penganten iki mandheg rong taun. Mangkane serta dianakaken maning, penonton mari-mari kepingin ndeleng pestipal iki. Temenan, lapangan RTH Karetan kang diebeki pisan ambi tendha-tendha UMKM nambah ramene penonton. Masiya pesertane mung welasan ranting HARPI, kumpulane ahli rias pengantin Indonesia taping kerana saben ranting ngetokaken penganten sak pengiringe kadine acarane meriyah.
Sakdurunge mberangkataken peserta, bupati lan hadirin disuguhi tari Sorote Lintang lan gelar ngundhuh mantu penganten Using. Ngundhuh mantu utawa ngundang mantu ring Banyuwangi dianakaken pihak keluwarga penganten lanang. Penganten lan keluwarga wadone teka, dipapag, dikalungi, diuweni ngombe aju sembur uthik-uthik beras kuning. Ring sambutane, bupati njaluk nyang peserta supaya lebih kreatip maning. Kadhung bisa mbukak pusat konsultasi kang ring njerone ana periyas, ana tukang dhekor, tukang sewa kelengkapane penganten lan liya-liyane makene uwong kang arep duwe gawe kawinan bisa konsultasi ring kono.
Kang ngawiti tampil ring pestipal penganten iki peserta teka HARPI Ranting Banyuwangi. Arane bain penganten, mesthi bain larene ayu lan nggantheng. Paran maning kang ditampilaken penganten Bali Agung lan Jogja. Kemeredepe kelambi lan makutha nambah ayu lan ngganthenge penganten. Disusul teka Ranting Genteng kang dipimpin Bu Nurjanah, nampilaken penganten Sunda Jawa Barat. Peserta kang mari tampil nong ngarepe bupati aju melaku karnapal nuju lapangan Purwoharjo. Pengantene padha numpak prahoto utawa kol buntung kang wis dihiyas. Sedheng kang sing uman kendharaan ya padha melaku. Nana serta gadug tengah melaku, padha nyoploki sandhale kang hake dhuwur-dhuwur, diganti sepatu utawa sandhal kang terepes.
Penampilan penganten teka Benculuk sing gelem kalah ambi liyane. Nampilaken enem pasang penganten Jawa dilengkapi gunungan lan dikawal tarian wayang wong sakdurunge pengantene tampil. Kebayake macem-macem modhel lan macem-macem kelire. Teka Pesanggaran nampilaken penganten Sumatra kang mewah yaiku penganten Palembang, Riau lan Lampung. Peserta liyane uga milu ngeramekaken ambi nampilaken penganten Medura, Bugis, Aceh, lan Padang. Kadine kanggo wong-wong kang duwe calon penganten teka dhaerah liya, saiki sing kathik adoh-adoh nggolet penganggo lan paese. HARPI Banyuwangi dadi jujugane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.