Ngerandhu Ganda Wangi Nasibe Petani Kopi Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 28 April 2021 07:36 WIB)
- Opini



Ater-ater redaksi: Tulisan iki disusun kang Hariyono Ha'O, petani kopi lan Manajer Internal Control System ring Kelompok Tani Lerek Gombeng Kalipuro. Priatin ambi nasibe petani kopi, iyane nduwe penemu hang dikarepaken bisa ngangkat nasibe petani kopi.

* * *

Kayadene nasibe petani kopi liyane, ring Jawa lan njabane Jawa, petani kopi Banyuwangi uripe hing kaya wangine bisnis kopi. Hang nggawe beda, petani kopi Banyuwangi magih ana hang nduwe kebonan kopi dhewek. Dudu nandur ring lahan duwene Perhutani. Utamane ring Kalipuro. Dene ring Kalibaru, Jember lan Pasuruan akeh-akehe kebonan ana ring lahan Perhutani. Kadhung Kalipuro murni kopi rakyat hang ditandur ring tanahe dhewek ana kira-kira 4300 hektar.
   Kadhung ngomongaken kuota ekspor setemene wis bisa melebu itungan. Sekali ngirim 20-24 ton. Itungan iki kadhung asumsi saben hektare ngasilaken 500 kilo. Iku buru Kalipuro, durung kopi hang diasilaken  Wongsorejo, Kalibaru, Songgon, Krikilan lan  Glenmore.
   Naming nyatane regane kopi wis nggadug generasi nomer telu magih bain murah. Taping sepira murahe, petani kopi hing tau mberak, beda ambi petani komoditi liyane. Rega emes larang bain, padha berak-berak merana-merene. Alae kopi iki kelebu komoditi tuwek. Merga bengen petani iku tujuwane mung cukup bisa nunut urip. Kadhung uripe wis cukup ya wis, hing ana penjalukan rega kopi hang larang. Saiki mangsane wis beda, petani hing mung nunut urip, taping bisaa kopi nambel kebutuhan uripe rakyat. Kebutuhan hing mung mangan, taping ya nyekolahaken anak lan liya-liyane.
   Rega kopi 20.000 sekilone, merga ring lahan tumpangsari asile mung 500-700kg per hektare. Kelawan rega semono iku, biyaya operasional hing imbang. Kadhung diitung, hing nutut.
   Dene pengusaha kopi, hang duwe cafe, nggawe rega sak cingkir 10.000 bain bisa dadi akeh. Sekilo bisa dadi 100 cingkir. Itungan goblog-goblogan sekilo kopi bisa ulih picis sakjuta. Iku cafe hang kelase menengah meningsor. Hang cafe kelas dhuwuran tambah edan maning. Dadi ana hang sing melebu itungan kadhung mbandhingaken petani lan pengusaha. 
   Kahanan lan masalah iki perlu solusi.
1. Usulanisun pemerintah ngewani subsidi rega. Kadhung masalah emes, petani kopi wis bisa ngatasi dhewek. Merga rata-rata ngerawati wedhus. Pupuk kandhang bisa dienggo ngemes. Dadi subsidine hang mesthine dibalekaken liwat rega emes, diwakaken petani ring rega kopine. Merga petani hing bisa ngunggahaken rega greenbean (wiji hang wis siap sangrai). Kadhung hing ana cawe-cawene pemerintah lan kepedulian pengusaha, petani hing bisa paran-paran. Carane, subsidi pemerintah diwakaken liwat pengepul hang tuku kopi nong petani ring rega hang wis disepakati sedurunge. Cara iki uga kanggo nggawe awete komoditi kopi mengarepe ring Indonesia. Kelawan rega hang disubsidi, artine regane rada bisa nggawe atine petani lega, generasi peneruse petani magih gelem dadi petani kopi.
2. Indonesia kadhung hing seru kepepete, aja impor. Taun sore ana impor teka Vietnam merga regane lebih murah. Kadhung ngomongaken kuwalitas lan citarasa, kopi Indonesia ngalahaken negara liya, kayata Vietnam, Kamboja, Brazil, merga lemahe hang subur ngasilaken kopi hang citarasane apik.
3. Sapa hang nguwasani pasar saiki? Yara perusahaan gedhe. Produke arupa kopi sachet, wis dikonsumsi teka ngingsor sampek ndhuwur. Teka angkringan, hotel, restoran, warung kopi. Laris merga rega kopi sachet melebu ring itungan kanthonge emeh kabeh uwong. Hing ngomongaken gok iku mula kopi temenanan tah sing, kopi murni tah sing. Nong endi posisi petani? Penikmat kopi wis ana. Kelendi carane ngalihaken penikmat kopi pabrikan nyang kopi murni lan sehat?  Paling using mesthine konsumsi antarane kopi pabrikan lan kopi industri umahan iki makene padha seimbang. Carane, petani diwani dalan lan kesempatan kanggo nawakaken produke.
Umpamane ring hotel, bupati bisa ngongkon hotel kudu nyiapaken produk kopi lokal nong kamar-kamare.
   Sorene maning isun milu pelatihan tingkat nasional, diwani wawasan ekspor, taping ana pasar lokal hang perlu digarap. Hang sing kalah pentinge, ngunggahaken kelase UMKM lokal. UMKM bisa munggah kelas, kelendi carane kebijakan pemerintah bisa ngewani dalan makene produk UMKM bisa disesep pasar lan ajeg.
   Kala-kala nggawe kegiyatan edukasi, sakat budidaya, proses lan penyeduhan makene tambah akeh wong hang kenal ring kopi murni, makene ilate wong Indonesia kenal ambi citarasa kopi hang sakbenere. Yaiki salah sijine, apuwa konsumen kopi sachet magih akeh, merga pengetahuan konsumen Indonesia nong kopi magih cethek.
4. Usulan nang pemerintah: petani ngasilaken produk kopi teka pethik sampek ngolah. Kadhung budidaya wit-witane sampek pethik, petani wis padha pinter. Hang perlu dibantu yaiku pengolahan, merga perlu mesin hang gedhi. Minangka mbukak lawang, kelendi carane pemerintah mbantu ngewani alat paska panen nong kelompok petani dhaerah. Dadi hing mung produksine bain hang ditingkakaten taping uga perlu alat hang standar tepak marek panen.
5. UMKM diwani dalan ambi pemerintah. Umpamane kantor pemerintah nyedhiyani kopi sachet lokal. Apuwa mesthi sachet? Praktis, takerane wis pas. UMKMe diajari kelendi carane produksi kopi sachet hang bener. Merga kadhung digeningaken, UMKM hing bisa saingan ambi pengusaha gedhi. Taping merga masarakat wis dikenalaken nang kopi murni, suwi-suwi bisa ngeregani kopi sachet produksi UMKM.
   Perlu pisan ana event ngombe kopi lokal gratis, gunane kanggo edukasi publik. Event Ngopi 10.000 iku kayane mung festival ngopi tapi hing ana edukasine. Kudu diwarahi gok kopi hang bener hing nganggu kesehatan. Kadhung ana wong kadheman biyasahe hang dikongkon prei ngudud lan ngopine. Setemene, hang ngganggu iku essens, hang bisa dadi penyalit kadhung keneng lambung. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor