Nyelametaken Basa Dhaerah Hing Sakderma Nguri-uri
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Februari 2024 10:00 WIB)
- Opini

Ngenani masalah basa lan penganggonane, umume Masarakat Using, Banyuwangi, akeh-akehe mung dikanggokaken minangka ‘Tradhisi Tutur’ timbangane ‘Tradhisi Tulis’. Merga iku, akeh istilah utawa ungkapan-ungkapan hang njumbul noring gesah Using sedinane, hang sing ana utawa durung kecathet nung kamus Basa Using hang ditulis lan disusun ambi Pak Hasan Ali.
Sak liyane iku, Basa Using hang dienggo gesah ambi masarakat sedinane ya nduweni logat hang macem-macem. Lebih teka iku, akeh ‘kosa kata’ utawa istilah-istilah hang biyasah dienggo nung lingkungan Masarakat, uga akeh hang beda-beda masiya nduweni makna hang padha.
Kaya umpamane, ngarani waktu "rong dina kepungkur", warga Masarakat Using hang ana ring Kelurahan Boyolangu, Kecamatan Giri, ngucape; "Sore Bin Sing".
Ana maning conto ungkapan-ungkapan Basa Using hang kayane kuwalik. Umpamane, kala ngomongaken lakune montor utawa sepidhah montor hang ngebut seru antere, ucap hang dienggo yaiku; “Byeek, edhenga apuwa..!”.
Semono uga adhung ngomongaken wujud barang hang gedhine sing kira-kira, ucap hang dienggo yaiku; ”Byeeek, cilika apuwa..!,”. Lan magih akeh ungkapan-ungkapan ‘aneh’ liyane hang kaya conto nong ndhuwur iku.
Werna-maceme logat utawa dialek Basa Using hang dikanggokaken masarakat – kaya contoh nong ndhuwur – mula durung kabeh kecathet. Mulane iku, istilah-istilah hang ana lan biyasah dienggo ambi masarakat sedinane iku magih perlu terus ‘dijugeri’ lan dicathet minangka ‘nyelametaken’ Basa Using – hang uga kecathet minangka salah sijine ‘Kekayaan Budaya Nasional’ – supaya sing ilang.
Kaya dene data hang disiyaraken ambi Badan Dunia Unesco, noring 30 tahun keliwat iki akehe ana 200-an basa nong donya hang wis ilang. Nong Indonesia dhewek, data teka Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi (Kemendikbudristek) ana 718 basa dhaerah hang wis kecathet. Akeh-akehe, basa-basa dhaerah iku wis perlu diselametakan makene sing sampek ilang.
Miturut asil penelitian, hang dadi ancaman ilange basa-basa dhaerah iku merga hang nganggo umume wis umur 20- tahunan mendhuwur lan sing pati akeh. Paran maning, akeh-akehe wong-wong tuwek wis sing nganggo utawa sing ngelungsuraken basa dhaerah iku nang anak-putune. Iyane mung nganggokaken basa dhaerah ambi uwong hang umur-umurane sepadhan.
Kedadeyan hang ana ring Banyuwangi, Basa Using umume mung dienggo gesah ambi uwong utawa kanca hang sak umuran. Sedheng saben dinane, akeh-akehe wong-wong tuwek dhemen nganggo Bahasa Indonesia kala ngomong ambi anak lan putune hang umure magih 7 taun mengisor. Kahanan hang kaya iku ya jelas nggawe prihatin, Mula iku, usaha nyelametakan Basa Using perlu dilakokaken liwat ‘Kebijakan Strategis’ Pemerintah Daerah kelawan cara ngajaraken nang lalare sekolah mulai SD sampek SMP.
Kanggone masarakat Using, Basa Using iku padha ambi "Bahasa Ibu" hang mesthine lebih gampang dipahami kala dienggo omong-omongan. Mula iku ngajaraken basa Using nang lalare sekolah uga kudu nganggo cara-cara hang padha yaiku ngomong lan gesah langsung kelawan ngewani conto-conto kalimat hang diperlokaken.
Mula iku, usaha ‘Nyelametakan” Bahasa Daerah – kelebu Basa Using – sing mung sak derma nguri-uri warisan tinggalane para leluhur, naming uga nyelametakan lan njaga supaya masarakat sing sampek kelangan hang aran ‘Jati Diri’.
(Eko Budi Setianto)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Eko Budi Setianto
Editor: Hani Z. Noor