Padha Nginang, Jenggirate Belambangan Nuju Banyuwangi Saiki
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Mei 2024 07:33 WIB)
- Opini

PADHA NGINANG, JENGGIRATE BELAMBANGAN NUJU BANYUWANGI SAIKI
Ditulis ring Hasan Sentot
Waktu jamane Bupati Banyuwangi Kang Samsul Hadi, ana unen-unen (tagline): “Banyuwangi Jenggirat Tangi”. Mesthi akeh hang takon, sapa hang nggawe lan nemokaken unen-unen iku? Temakaken ring gendhing “Padha Nginang” hang dianggit ruwahe Endro Wilis, alias J. Elman alias Pak Busairi hang uga nganggit gendhing “Ulan Andhung-andhung”, sedurunge tahun 1965-an wis ana unen-unen mauka.
Gendhing “Padha Nginang” iki nyeritakaken Perang Puputan Bayu, aju sakteruse teka perang iku hang dijumput tekade kanggo nemtokaken dina laire Kabupaten Banyuwangi. Pak Endro Wilis hang uga tau dadi serdadu, gabung ring Pasukan Bajul Buntung (Bengen kompine manggon ring Sukowidi), seru apale ngeja istilah-istilah perang lan mbakar tekade uwong-uwong Blambangan saiki.
Penganggit hang mula dhemen nyang sejarah, uga dhuweg nganggo Basa Inggris. Mangkane, gendhing-gendhing asil karyane uga akeh ulihe maca teka buku-buku hang nyeritakaken Belambangan jaman bengen. Aju diramu ambi buku-buku lawas, Babad Tawangalun hang njelentrehaken Perang Puputan Bayu. Apuwa gok diarani Perang Puputan Bayu? Jare ruwahe Pak Hasan Ali, “puputan” iku artine entek-entekan. Bayu iku aran panggonan hang saiki melebu Kecamatan Songgon. Bengen ring kana, panggon jumenenge Prabu Tawangalun lan keluwargane serta peneruse.
Kadhung rika kabeh kepingin weruh kelendi sejatine Perang Puputan Bayu, bisa ngeja teka gendhing iki mulai kawitan sampek pungkasan. Kadhung kepingin jelentrehane hang ‘obyektif’, ya kudu maca dhewek Babad Tawangalun lan buku sejarah liyane. Merga Pak Endro Wilis kepingin ngangkat kedadeyan Perang Puputan Bayu mau kanggo ngurubi tekad rakyat Belambangan lan wong Banyuwangi saiki, mesthi bain dipilih hang apik-apik, makene keneng dienggo tuladha.
Ukara ‘Dalem Puger’, ‘VOC’, ‘Kapiten Rech’, ‘Banyualit’, ‘Jagapati’, ‘Sayu Wiwit’, ‘Sayu Geringsing’ ‘Bayu’, iku ngengetaken nyang jaman Landa magih nguwasai Nusantara. Durung ana aran Indonesia, paran maning Banyuwangi. Jaman semono magih kasebut aran Belambangan. Acak simaken sulung gendhing ring ngingsor iki.
PADHA NGINANG
Padha nginang wong Belambangan nulak penjajahan
Dalem Puger nyerbu VOC Perang Puputan
Kabeh mati dadi kembange Banyualit
Kapiten Rech sing ngira ngeleg idu pait
Padha nginang saya warang rakyat Belambangan
Saya mberanang, saya murub perlawanan
Agung Wilis langsung mimpin perang gerilya
Nora mundur awak ajur ilang kubure
Aja ngira perang leren rakyat wedi, paman
Tetes getihe Agung Wilis ngobong ati
Makene Landa tambah edan nyebar pepati
Rakyat Bayu lanang wadon bela pati
Jagapati, Sayu Wiwit, Sayu Geringsing, paman
Kembange lobok paserah nyawa wangine Bayu
Careme gendhing karang abang bumi gonjang ganjing
Saingga ludhes umah sawah dadi awu
Aja dikira rakyat leren nginang
Dhem-dhem ati mbeledhos sing tahan
Masiya udan mimis banjir rah
Bangura mati timbang nyerah
Aja dikira wis mandhek semene
Selawase wong cilik melarat uripe
Tekade ati ngungkuli rasa elom
Wong-wong Belambangan saya meromong
Aja dikira rakyat terus turu
Aja dikira rakyat mendhem candu
Buktine wawa murub ring Belambangan
Wong Belambangan gurit gujreh dubang
Wis wayahe ayo jenggirat tangi
Ngobong setan alas ring endi-endi
Kabeh kanca ayo berjuwang
Rakyat Belambangan kudu menang
Wis wayahe kembang mawar
Wis wayahe kembang mawar padha mekar
Wis wayahe Belambangan
Wis wayahe Belambangan katon rumang
Ayo kanca dadi siji
Ayo kanca dadi siji gegandhengan
Makene gelis Belambangan
Makene gelis Belambangan tentrem aman
Belambangan, Belambangan, Belambangan ..
Syair/Lagu : Endro Wilis/BS Noerdian
Tahun Cipta/Populer : 1960-an/.....
Intrumen Pengiring : Angklung
Produksi Rekaman :
Link : https://www.youtube.com/watch?v=SgVaNBlHcWY
Ukara “Padha Nginang” hang dadi judhul gendhing iki, wis ngemu teges simbol. Kudu dipahami lan disurasani temenan, kadhung kepingin weruh hang dikarepaken penganggite. Iki emeh mareki ambi judhul gendhing Seblang “Padha Nonton”, aju diartekaken nong Bahasa Indonesia “Lihatlah”, dudu “sama melihat”. Semono uga “Padha Nginang”, mesthi dudu “sama mengunyah sirih”. Kinangan iku ngasilaken idu hang rupane abang, nawi karepe kelir abang iku kanggo nggambaraken tekade wong Belambangan kanggo ngusir Landa lan nerusaken madege dhaerah hang aju ganti aran dadi Banyuwangi.
Gendhing iki dikawiti ambi ukara “wong Belambangan nulak penjajahan”, iku hang dadi karep intine penganggit. Ceritane dikawiti teka ‘perlawanan dalem Puger nang VOC, lila mati kanggo kembange Banyualit (dhaerah iki saiki ana ring Belimbingsari). Kapiten, utawa punggawane tentara Landa hang kepingin nangkep urip-urip penguwasa lokal mau pungkasane kepilis (ngeleg idu). Teka bait iki, hang ngerungokaken kaya langsung disodhog, iku delengen wong-wong bengen wanen lan toh pati kanggo mbela dhaerahe. Karepe, makene keneng dienggo tuladha ambi lare-lare saiki.
Weruh pimpinan mati, dudu ndadekaken rakyat Belambangan wedi. Malah sebalike, tambah mberanang tekade, saya gedhi wanine. Malah diceritakaken, kadhung Agung Wilis minangka pimpinan paling dhuwur, aju telikas mimpin ‘gerilya’ (ngelawan). Jare penganggit, bela patine Agung Wilis mau nana pamrihe, sampek diceritakaken ilang kubure. Lila kadhung mbisuke aju dilalekaken.
Bait telu sakteruse, nggambaraken semangat wong-wong Bayu sak pungkure Agung Wilis. Nora kathik wedi, taping malah nyawiji wani nyerbu kompeni. Penganggit uga nyeritakaken labuhe wong-wong Bayu, nerusaken perjuwangane Agung Wilis ambi dulur-dulure hang aran Jagapati, Sayu Wiwit lan Sayu Geringsing. Serang nemene perang mau, sampek aran umah lan sawah diceritakaken ludhes dadi awu.
Penganggit bisa nyeritakaken kahanan perang Puputan Bayu, kaya keneng disawang, kaya keneng dideleng ambi mata. Gedhine tekad hang murub ring dhadhane rakyat, digambaraken jelas. “masiya udan mimis banjir rah, bangur mati timbang nyerah”. Pilihan ujar (diksi) ‘rah’ mau mula dipikir temenan. Padahal artine ‘rah’ mau padha ambi ‘getih’, naming penganggit milih ‘rah’ kanggo nyeritakaken akehe getih. Sak liyane iku, bisa madhakaken unek (persamaan bunyi) nyang baris sakteruse ana ujar ‘nyerah’. Iki salah siji, kelendi penganggit gendhing iki mula milih temenanan endi ujar hang dienggo lan endi ujar hang dibuwang. Sing terima padha uneke, taping ngemu teges hang beda.
Penganggit uga nyeritakaken, kadhung rakyat Belambangan iku sing keneng dipadhakaken ambi dhaerah liyane. Landa ulih seneng lan gemampang bisa ngalahaken rakyat ring dhaerah liya. Naming ring bumi Belambangan sing bisa, rakyat malah wani lan sing duwe wedi ngadhepi kompeni, Masiya beda seru akehe tentarane lan gamane kalah modheren, naming tekad hang murub nana hang bisa ngebes. Malah ring sejarah, Landa kentekan pasukan akeh ring Perang Puputan Bayu iki, uga entek picis akeh kanggo mbandhani perang entek-entekan mauka.
Kahanan rakyat hang melarat lan sara uripe, sing arepa ditutup-tutupi ambi penganggit. Malah pengganggit bisa ngetokaken hang sengidan ring awak hang keloman mau, wani lan wani hang ndadekaken rakyat Belambangan katon meromong utawa gemilap. Tekad perang lan ngelawan, terus diurubi nang endi-endi. Sampek digambaraken ‘ngobong setan alas nang endi-endi’. Istilah-istilah iki lanyah diceritakan penganggit hang tau dadi tentara.
Masiyatah ring buku sejarah laskar Belambangan diceritakaken kalah perang ambi kompeni, naming ning gendhing mau dipungkasi ambi menang lan ndadekaken Belambangan (Banyuwangi saiki) dadi rumang. Iki bisa digawe gesah. Masiya kalah merga akeh hang mati, naming nana hang nyerah lan tetep minggat ambi nggawe kelompok-kelompok dhewek. Mangkane aju jare ana ringkesan omong, kadhung wong Using iku ring saben desa wis beda carane ngomong. Merga bengene pecake Laskar Belambangan, lan sing gampang diiming-imingi donya rajaberana. Bangur urip melarat timbang nyerah nyang musuh hang tau mateni pimpinane, uga ngerusak dhaerahe.
Iki hang bisa dijelentrehaken teka gendhing “Padha Nginang”. Mangga kadhung ana penemu liya, embuh beda utawa kanggo nambahi, isun malah ngucap kesuwun hang akeh. Mayo bareng-bareng ngeregani asil ciptaane para penganggit bengen, hang apik keneng dijuwut kanggo tuladha. Hang ala dibuwang, lakunrika makene sing kedhungsang-dhungsang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Sentot
Editor: Antariksawan Jusuf