Paran iku Kekayaan Intelektual Komunal?
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Sabtu, 18 November 2023 06:49 WIB)
- Laporan
Sakmarine dianakaken diseminasi lan promosi Kekayaan Intelektual Komunal (KIK), peserta kang rata-rata seniman lan budayawan padha paham perlune ndhaptaraken KIK. Paran maning kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata nyanggupi milu ngajangi usulan makene KIK kang ana ring Banyuwangi padha didhaptaraken nyang Kementerian Hukum dan Hak Asasi Manusia (Kemenkumham) makene dicathet minangka dadi KIK kang sing bisa diuthik-uthik paran maning diaku dhaerah liya. Polae wis ana contone KIK kang wis diaku ambi negara liya masiya tawis dudu teka Banyuwangi. Conto KIK kang diaku Malaysia antarane: Reog, tari Pendet, pencak silat, lan wayang kulit. Kadhung KIK nong Banyuwangi sing agage didhaptaraken nyang Kemenkumham, bisa bain budaya kang wis ana lan jejeg ring Banyuwangi diaku ambi dhaerah liya.
Iwuh kang dianakaken Kantor Wilayah Kemenkumham Jawa Timur nong Villa Solong ring dina Kemis, 16 Nopember 2023 lan dibuka ambi Nur Ichwan, SH. MH, Kepala Divisi Pelayanan Hukum dan HAM Jawa Timur iku njuwut tema Perlindungan, Pelestarian, Pengembangan, dan Pemanfaatan KIK Sebagai Modal Dasar Pembangunan Daerah kelaksan lancar, santai tapi ya temenanan. Nara sumbere sing mung teka kementerian taping ditambahi teka Banyuwangi yaiku Bramuda, S.Sos, MBA, MM, Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi lan Drs Hasan Basri, Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Banyuwangi. Ketelon nara sumber nyampekaken makalahe ambi ciri hase dhewek-dhewek.
Nalika mbukak acara, diakoni ambi Nur Ichwan kadhung Banyuwangi iki sugih KIK. Iyane nyampekaken kadhung KIK iku sing mung kesenian lan adat thok taping ana sumber daya genetik, indikasi geografis, pengetahuan tradisional (sipate turun temurun), lan ekspresi budaya tradisional. Iyane njelasaken kadhung duren abang iku ya melebu KIK kerana sing ditemoni nong dhaerah liya. Taping kerana kang hadir nong acara iku akeh wong-wong teka komunitas kesenian, kadine paling akeh digesahaken masalah kesenian pisan.
Bramuda njelasaken kesenian tradhisional paran bain kang ana ring Banyuwangi iki bisa didhaptaraken dadi KIK. Ana gandrung terob, jaranan buta, angklung paglak, janger, kuntulan, barong, lan patrol. Cumong ya gedigu kesenian-kesenian iki hing tambah mekar malah, tambah suwi emeh ilang (punah). Masalahe ya macem-macem, antarane: lare nom-noman saiki kurang pati minat ring kesenian iki, durung dadi daya tarik wisata, lan kesenian kang ana ring desa magih durung dipahami kadhung duwe potensi ekonomi. Ndileng kahanan kaya gedigu kadine pemerintah dhaerah Banyuwangi njuwut kebijakan antarane: mbrandhing kesenian tradhisional dadi atraksi pestipal, Ana pestipal gandrung sewu, BEC, pestipal kuntulan, pestipal patrol, lan pestipal kesenian liyane kaya Festival Gendhing Using kang dianakaken kanggo ngelestarekaken gendhing-gendhing Using. Sedheng adat kang dijugeri lan aju didadekaken pestipal antarane: barong ider bumi, tumpeng sewu, ngopi sepuluh ewu, kebo-keboan Alasmalang, keboan Aliyan, Seblang Olehsari, Seblang Bakungan, Puter Kayun, Pencak Sumping Tamansuruh, kang wayahe digelar ditemtokaken dhewek ambi masarakat kang duwe adat. Durung maning saiki kang duwe sanggar embuh iku sanggar tari utawa sanggar liyane padha nganakaken pestipal. Ana kembang sulur, damar art, tabuhan soren, lan serawong seni uga liyane.
Bida maning kang disampekaken Hasan Basri. Iyane njelenterehaken masalah budaya lan pengetahuan tradhisional kang ana ring Banyuwangi. Sakliyane seblang lan kebo-keboan magih ana budaya ritual liyane kaya endhog-endhogan, macaan, mantu kucing. Musik ana gedhogan, angklung caruk, lan serakalan, aju keris, umarmaya, uga modhel umah lan macem-maceme panganan. Jare Hasan, bengen umahe wong Banyuwangi iku keneng dicoplok. Engko kadhung tanggane duwe repot, sing kathik bingung ambi latar merga umah-umah kang ana ring sakubenge padha dicoplok gedhege, aju keneng dienggo latar lan terob.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.