Persepenan ring Budaya Belambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 03 Juli 2024 10:12 WIB)
- Opini



Persepenan ring Budaya Belambangan

Ditulis ring Muh. Nur Rofik

    Persepenan yaiku budaya hang ana sakat jaman bengen, kelebu tradhisi kuna, kadhung diartikaken Basa Arab artine khalwat, nyepi kanggone kabeh mahluk lan ngelakoni riyadhah. Tradhisi iki emeh ana ring lelakune para sufi, lan tradhisi iki uga wis ana ring  jamane para Nabi.       

 Setemene menungsa urip ring donya iki diadhepaken nyang pirang-pirang masalah lan kedadeyan. Bisa kedadeyan apik utawa kedadeyan elek. Semono uga masalah, kadhang masalah hang teka nyang menungsa iku masalah hang apik utawane masalah hang elek. Kabeh-kabeh masalah iki mauka kadhung gelem paserah lan nerima, teka lan balike ya mung karepe hang nggawe urip yaiku Gusti Allah SWT.

Agama ngajaraken, ring njerone ngelakoni urip, kudu bisa mikir  lan ngelakoni urip sedina-dina kelawan ajaran-ajaran hang wis diajaraken ring kitab suci.    

Paran iku persepen? Persepen yaiku papan panggonan hang dipercaya ambi mbah buyut, papan panggonan hang suci, papan panggonan hang dienggo madhep mantepaken ati wadul akeh-akehe masalah ring donya iki. Biyasahe persepen iki anane ring njero umah, utawa kamar husus hang sing ulih dileboni sapa bain. Ring abad 18 bengen wong tuwek-tuwek hang cekelan agamane rada kenthel mesthi duwe persepen, kelebu mbah buyutrika lan isun. Anane persepen iki uga ngambaraken kadhung uwong iki mauka dhemen nyepi kanggone nduduhaken dhemene ibadah nyang Hang Maha Kuwasa, hang ring njerone ibadah-ibadah wajib utawane sunnah.

Tradhisi lan budaya persepen iki, jangget kadhung dicantholaken ambi hang aran “suluk”, suluk yaiku dalan-dalan kanggo nyempurnakaken batin.

Wujud hang paling katon lan nyata ambi tradhisi iki yaiku panutan hang nggawe mongkog wong sak donya yaiku, Rosululloh Muhammad S.A.W. Sakteruse para wali uga milu ngelakoni khalwat/persepen lan uzlah, bengene wong Belambangan ring angger-angger umah mesthi ana papan panggonan hang didadekaken lan dienggo persepen kerana persepenan iki bisa dienggo mbantu marekaken ati lan pikiran nyang keagungane Gusti Allah, kerana pirang-pirangane akehe nikmat hang wis diuweni.

 Tradhisi iki setemene wis ana pirang-pirang atus taun kepungkur, sakat jamane Nabi Ibrahim a.s., Nabi Musa a.s., Nabi Isa a.s, lan uga Nabi Muhammad saw, kerana melakune jaman persepen utawane khalwat iki dienggo lan diamalaken nganggo cara-cara hang beda lan macem macem cara uwong hang ngelakoni.

 Ring kerajaan lan budaya Belambangan, hang akeh isi pilosopine yaiku kepingin sempurnane urip kaya dene kupu hang berai, kerana iki perlu anane meneng mejegreg lan sabar kanggo dadi enthung-enthung sulung. Kerana iku sing nyana kadhung ring kerajaan iku sakdurunge raja dadi raja hang jaya, kudu meneng sulung ngelakoni semedi utawane mertapa kanggone njaluk petunjuk lan restu nyang Sang Hyang makene kepemimpinane mangarepe lebih apik.

Odod teka khalwat utawane persepen iki kadhung Wong Jawa ngucape semedi yaiku nganteni ring sepi kanggo tawajuh nyang Gusti Hang Maha Suci, raina bengi sing ngereken lan sing ngenengaken ati iki ngerasakaken uwahe saben-saben kedadeyan ring donya, taping kerana laku iku paran hang dadi ngerandhune sing kira siya-siya, kerana ngerandhu iki ngemu kekusaan, sapa wong hang ngelakoni iku nganggo adab khalwat nyang Gusti Alloh, mata-atine kebukak lan dibarengi rasa kepingin hang kusa aja sampek kelangan anugerah hang mili ring njero ati.

Lakune jaman nuntun lan nduduhaken nyang awake dhewek kadhung budaya luhur iki wis rada ilang edheng-edhengan, ring njerone tradhisi Belambangan, kerana wis mangkat arang umah-umah hang dienggo persepenan, kanggone meneng lan muhasabah nyang Gusti Allah.

Kerana pentinge tradhisi iki, sapa bain hang ngelakoni bisa marek nyang Gusti Alloh, kanggo ngiling-iling, kelendi kawitane dadine alam donya lan menungsa, kerana iku menungsa iki bakal sadhar kadhung iyane sing ana paran-parane nyang ngarepe Gusti Alloh, kerana iku tradhisi persepenan iki bisa ngerijigi ati lan paserah nyang paran hang wis dadi takdire Gusti Alloh Swt.

Semono uga persepen hang dilakoni Rosululloh saw.  bengene, Rosullulloh ngelakoni persepen hang kawitan ring guwa Hira, kanggo marekaken awake lan khekhalwatane nyang Gusti Allah SWT.

Kerana iku tradhisi persepen ring Belambangan iki kudu diuri-uri makene sing kegerus ganase jaman, persepen hang ana ring umah iku ana makna hang jeru hang ngemu pirang- pirang arti lan maknane. Kadhung jare para sufi umah iku ibarate ati, ati hang kudhu dirijigi, lan  makene awake dhewek terus ngiling-iling Gusti Alloh, kaya dene umah, umah iku kadhung rijig maka hang ring njerone ngerasa aman lan tenterem.

              

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muh. Nur Rofik

Editor: Antariksawan Jusuf