Plagiat ring Gendhing Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 01 Juli 2024 08:41 WIB)
- Opini



Plagiat ring Gendhing Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)

Ditulis ring Mas Robin

 

Ring grup Facebook kapanane ana hang ngunggah pideo hang nduduhaken wong lanang loro hang nembang lagu basa Medura, terus disandhingaken ambi pideo lagu Banyuwangi kelawan pitakonan “Plagiat tah iki?”
   Kerana isun diguthit, sun setel loro-lorone. Buru sun puter sak kelebatan bain wis ketara kelawan aturan Undang-Undang lan nganggo wawasan ilmu musik, lagu ring pideo iku mau plagiat. Aju sun jawab singkat “Yap”, hang maknane, jelas lan terang pideo iku mau plagiat teka pideo sijine maning.
   Masalah plagiat iki mulai bengen sampek saiki sing ana putuse. Ring bidhang seni musik utamane, mesthi dadi gesah hang ‘sing ana matine’. Sakat lagu dhaerah/lokal sampek lagu internasional sing luput teka kisruh hang aran plagiat sampek tuntut-tuntutan ring pengadilan.
   Undang-undang plagiat ring Indonesia njelasaken, lagu plagiat yaiku lagu hang sak sithik-sithike 8 bar/birama padha ambi lagu liyane. Masalah 8 bar iki ya kadhang magih rada mbingungi. Pungkasane ana UU hang anyar njelasaken kadhung ana kemiripan hang bisa ditengeri ambi ana bagiyan lagu hang nggarai enget ambi lagu liya wis bisa dinyatakaken lagu plagiat.
   Taping sak durunge tambah jeru gesah iki dulur, ayo sulung digenahaken lan dipadhakaken pangerten ngenani istilah plagiat iki sulung. Makene sing sewang-sewangan, jare Nang Aljin.
   Plagiat iku arti basane: njiplak, nurun, niru, ngeblad, lan sak padhanane.
   Lha kadhung njiplak, nurun, ngeblad iku yara sing dadi masalah. Merga kabeh iku mau lumrah lan umum dilakoni kabeh menungsa. Ana paribasan ring Basa Inggris, ”Nothing new under the sun.” Setemene hing ana hang anyar ring donya iki.
   Ya bener. Hing dadi perkara kadhung wong ngelakoni njiplak, ngeblad lan sakpiturute mau kanggo wong-wong hang belajar. Taping dadi perkara hang gedhi kanggo seniman profesional. Paran maning kadhung melebu ring wilayah Industri musik. Salah sijine hang masuk wilayah Industri musik  yaiku VCD/CD hang diedaraken nang masarakat aju pihak produser ulih keuntungan ekonomi kelawan adol VCD/CD iku mau.
   Lakon plagiat iku dadi masalah kanggo seniman profesional lan ring industri musik. Naming kadhung rika magih sinau ya sing dadi paran. Malah kudune kadhung rika sinau iku liwat dalan njiplak sulung. Kadhung engko wis pinter terus nggawe karya, melebu industri musik utawa profesional, njiplak mauka kudune ditinggalaken. Kudu kreatip lan inovatip kadhung wis propesional.
   Apuwa kudu gedigu?
   Hang sepisan, seniman propesional hang plagiat, ngerugikaken dunia musike dhewek. Polae musik merujuk teka kreatifitas lan inovasi seniman musik. Sedheng laku plagiat iku bisa ngendhegaken lan malah bisa mateni perkembangan ring musike dhewek. Arah ahire nyebabaken musik lan keilmuane seniman musik hang plagiat iku mau dadi mandheg. Kadhung wis mandheg, asil pungkase, musik iku mau dadi diremehaken lan bisa uga musna utawa ilang digerus musik liyane hang terus nduwe inovasi lan kreatip nang lingkup budaya.
   Hang kepindho, pencipta asli karya iku mau dirugikaken. Iyane ngelairaken karya iku mau teka olah aluse rasa, hang butuh wektu, tenaga lan pikiran hang sing asal-asalan lan sing angger uwong bisa, aju wong liya hang ngundhuh asile lan hang diregani. Kelendi rasane kadhung rika njungkel walik nggawe lagu, serta wis dadi diaku wong liya, aju wong liya iku mau oleh imbalan picis hang akeh lan dipuja-puji kerana anggitanrika hang diaku utawa dijiplak mau?
   Karuwan kaya mbah buyut penganggit tembang jaman bengen hang sing gelem diweruhi wong akeh gok iyane hang nganggit. Iyane wis muji syukur hang gedhi kadhung rungu gendhing anggitane ditembangaken seniman-seniwati lan semebar gadug endi-endi.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Mas Robin

Editor: Hani Z. Noor