Pungsi lan Nilai Budaya Basanan Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 Oktober 2024 09:22 WIB)
- Opini



Pungsi lan Muatan Nilai-Nilai Budaya

ring Basanan Using Banyuwangi

Syuhadak
Jurusan Ilmu Linguistik Univ. Jember
 

1.  Ater-ater

Masarakat Using Banyuwangi nganggo basa Using minangka alat nyampekaken bahan lan materi kanggo nggawe karya sastera. Karya sastera hang diasilaken ring para sasterawan Using, taping ring dina-dina iki akeh ahli basa lan pengamat budaya hang ngeramalaken gok mengarepe engko basa dhaerah utawa basa lokal bisa muspra. Hing mung ring telatah Indonesia naming uga ring negara manca.
   Jare  Sariono lan Maslikatin (2002:36) musprane basa lebih gampang kedadeyan ring basa dhaerah merga penuture sithik lan saya sithik.
   Salah siji karya sastera kang diasilaken ring sasterawan Using yaiku basanan. Minangka salah siji karya sastera, basanan iku ragam gurit (puisi lisan) Using hang dadi asile perasaan lan pikiran wong hang nganggit. Penganggit ring karyane kepingin ngelungaken barang hang apik kanggone wong hang gelem ngerasa enak utawa nikmat.
Pemahaman hang kaya iku ditulis ring  Horatius (dikutip ring Sriwidayati, 2001:143) hang ngomong gok karya sastera nduweni pungsi "dulce et utile" ngewani ajaran lan kenikmatan.
   Nganggo pernyataan iku keneng diwarah gok kelawan maca karya satera, wong hang maca ulih pendhidhikan hang digayuh sak jerone kompleksitas hang ditawakaken penganggit. Damono (1999:3) nyatakaken gok karya sastera iku minangka kristalisasi nilai-nilai hang ngatur urip.

2.        Metode

Penelitian iki nganggo metode deskriptif-kualitatif. Bogdan dan Taylor (ring Moleong, 2000:3) nggawe depinisi metode kualitatif minangka prosedur penelitian kang ngasilaken data deskriptip arupa data-data ketulis utawa lisan teka wong-wong hang tingkahe bisa dititeni. Sudaryanto (1992:62) nyatakaken gok istilah deskriptip iki minangka penelitian kang dilakoni mung kerana dhasare nang pakta hang ana utawa penomena hang nengeri kelawan cara empiris urip ring penuture.
   Bogdan dan Taylor (ring Moleong, 2000:79) nyebut analisis data minangka proses kang ngerinci usaha-usaha formal kanggo nemokaken tema lan ngerumusaken hipotesis kaya hang uwis diwekasi ambi data lan minangka usaha kanggo ngewani bantuwan ring tema lan hipotesis iku.
   Dadi kaya hang wis dijelentrehaken nang ndhuwur, data ring kene dienggo ring teknik analisis etnografi model Spradley (1997) kang analisise diangkati teka: (1) analisis domain (ranah), (2) analisis taksonomik, (3) analisis komponensial, lan (4) analisis tema kultural kelawan urut-urut.
   Teknik analisise kurang lebihe kaya gedigi:
   Tahap kawitan analisis domain kang dilàkoni kanggo ulih gambaran nilai-nilai kultural kang ana ring basanan. Tahap kepindho: analisis taksonomik. Ring tahap  iki analisis ditujoaken ring salah siji konsep warga teka konsep hang lebih gedhian maning sampek konsep hang pungkasan. Analisis taksonomik dilakoni kanggo ndeleng struktur internal teka konsep warga, yaiku unsur-unsur paling cilik teka konsep warga iku. Aju peneliti nggoleti persamaan konsep antarwarga, ring siji konsep induk (sak domain). Tahap ketelon: analisis komponensial. Analisis iki nggoleti bedane antarwarga teka konsep warga, lan bedane unsur hang paling cilik teka struktur internal sub konsep warga. Tahap kepapat: analisis tema kultural. Ring Tahap iki ngenceti tema-tema kang diduduhaken ring gejala. Tema-temane iku bisa dideleng kelawan ngerujuk nyang: orientasi nilai, nilai inti, simbol inti, premis, eidos, pandhangan donya (world view) lan orientasi kognitif.
   Teka pemahaman nang ndhuwur iku, sastera utawa ring kene basanan, diasumsi  nduweni nilai kehidupan, mangkane unsur nilai hang ana ring njerone bisa lan perlu dianalisis.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor