Sahuni: Isun Kepingin Ngedegaken Akademi Kesenian Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 18 Oktober 2020 14:32 WIB)
- Tokoh

Kanggo ngurmati Pak Sahuni hang dina iki nemoni pesthine, belambangan.com ngetokaken wawancara Hasan Sentot taun 2018 dienggo majalah Lontar Using hang diterbitaken ring Balai Bahasa Jawa Timur.
Sapa hang sing weruh aran Sahuni, pensiyunan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi. Penata tari utawa koreografer kelairan Singojuruh iki, wis sing kaitung ulihe penghargaan teka tingkat kabupaten, propinsi lan nasional. Getih seniman diwarisi teka wong tuweke, tukang kendhang macem-macem kesenian hang urip ring Singojuruh lan sak ubenge. Saiki Pak Sahuni madeg dadi Kepala Desa Singojuruh, masiya gedigu gemulake ati kepingin ngedegaken Akademi Kesenian sing keneng dibebeng.
Kanggo ngerteni sapa Pak Sahuni lan paran bain labuhe nang kesenian Banyuwangi, iki asile gesahe Hasan Sentot nyang Pak Sahuni:
“Asssalamualaikum Pak Unik, kelendi kabare? Bek saiki serta wis dadi lurah abete kari ayem wis sing direpotaken nyang kesenian yuh?”
“Wa alaikumussalam. Alhamdulillah kabar apik, seger waras kaya hang Sira deleng saiki Lik. Masalah kesenian, sawangane bain Isun sing kaya bengen ubred lan emuk angger ana pentas kesenian ring Banyuwangi. Kadhung sing dadi petugas minangka Pegawai Negeri Sipil hang mbidhangi iku, uga akeh pentas karyanisun dhewek. Saiki iki Isun rada ngunduri kegiyatan kaya iku, makene dilakoni lare-lare enom. Naming aran pikiran iki sing bisa pedhot, nyambung terus nang kesenian Lik.”
“Oh, mekoten. Satemene kepundi sih sampek Ndika iku nekuni kesenian Banyuwangi. Malah karir PNS niku terose dikawiti mulai teka petugas serabutan ring Kecamatan Singojuruh nggih?”
“Bener Lik, Isun sakat umur 9 taun wis milu kesenian hang urip ring Singojuruh lan sakubenge. Isun lair tanggal 22 Agustus 1945, Bapak aran Asri lan Emak Supiyatun. Bapakisun uga PNS ring Kecamatan Singojuruh sakat tahun 1955, taping uga seniman kendhang ring macem-macem kesenian hang ana ring Banyuwangi. Mangkane, Isun kerep diejak tanggapan kesenian sakat cilik. Rada gedhe, Isun dadi tukang njuged, aju dadi pemain Janger Singojuruh. Tepak Isun dadi penari lan pelakon Janger mau, hang tukang ngendhang ya bapakisun dhewek. Gedigu terus, sampek Isun gedhe lan didadekaken tenaga serabutan. Bahasane saiki magang ring kantor Kecamatan Singojuruh, taping kadhung ana tanggapan ya tetep melaku, anak ambi bapak.”
“Sakat taun 1966 Isun megawe nang Kecamatan Singojuruh, aju tahun 1970 Isun ditarik nang Kabupaten. Isun ditarik nang Kabupaten ambi Pak Sungkono, merga labuhisun nang kesenian. Kanggo nambahi kaweruh nang kesenian, Isun disekolahaken nang Sekolah Menengah Karawitan Wilwatikta Surabaya. Lulus aju nerusaken nang Solo, Konservatori Karawitan Indonesia. Terus njuwut Diploma-3 tahun 1975. Buru tahun 1996 transfer nyang STSI sampek lulus tahun 1998.”
“Saksuwene milu pendidikan mau, Isun ya tetep ngayahi tugas PNS lan nerapaken ilmu teka sekolah seni. Aju nyiptakaken Tari Punjari tahun 1985 hang dadi Juwara I Tari Tradhisional tingkat Jawa Timur.”
“Terus angger ana perlombaan tingkat regional lan nasional, Isun kerep makili Banyuwangi. Taun 1988, Tari Paju Gadrung dadi Juwara Nasional. Tahun 1989 karya Musik Layar Kemendhung uga dadi Juwara Nasional. Tahun 2004, Isun mulai sithik-sithik mundur, Nguweni kesempatan nang lare-lare enom, kanggo nerusaken paran hang wis Sun labuhi lan kanca-kanca seniman Banyuwangi liyane.”
“Masalah Seni Hadrah, aju dadi Kuntulan lan Kundaran. Niku ceritane kepundi?”
“Gedigi. Kawitane bengen mula Hadrah, yaiku isine 100 persen dakwah. Tembange njuwut teka Kitab Al Barjanji, isine puja lan puji kanggo kanjeng Nabi Muhammad SAW. Iringane tabuhan Terbang akehe 4, nabuhe bareng. Seni iku wis ana suwe ring Pondhok Pesantren lan kampung-kampung Islam, aju Hadrah mau mujud Kuntulan, isi dakwahe wis kari 75 persen. Iringane tabuhan Terbang, jugedane nganggo ubahe Pencak Silat. Tabuhane tetep Terbang, taping akehe ditambah dadi 9. Pantus, Jidhor lan Rencang, nabuhe wis nganggo tempalan.”
“Kuntulan jaman antarane tahun 1980-an, kang njuged magih lare-lare lanang ambi nganggo kelambi wernane sarwa putih. Mangkane uwong-uwong padha ngarani “kuntulan”, kaya kuntul ring sawah hang wernane putih. Naming kadhung jare ruwahe Fatrah Abal, penganggit gendhing Gelang Alit, “kuntulan” iku teka ujar Basa Arab. “Kuntu Lailan”, tegese Tekane wayah bengi. Merga seni iki magih urip ring njero Pondhok Pesantren lan kampung hang Islame kuwat.”
“Taun 1989-an, Isun nyacak ngelebokaken tabuh-tabuhan tradhisional Banyuwangi. Mulai Kendhang, Gong, Reong (Kenong Janger), Patrol. Sun uweni aran “Kundaran” utawa “Kuntulan dadaran’. Isi dakwah wis kari 10 persen, liyane hiburan kanggo nyenengaken uwong-uwong. Sakliyane tambahan tabuhan tradhisional Banyuwangi, terbang lan jidhor uga ana.”
“Kundaran iki akeh dilakoni lare-lare wadon hang njuged, penganggone magih Islami. Masiya dikerungkub rapet, taping magih bisa ubah lan luwes. Unsur jugedane wis ana ‘pola lantai’, gendhingane sing terima sewates puji-pujian teka Kitab Al Barjanji, taping gendhing-gendhing Using malah hang paling akeh digawakaken.”
“Naming tiyang-tiyang hang nggadhah kesenian kaya mekaten wau, kok mboten ndamel aran ‘Kundaran’. Kathah-kathahe ndamel aran ‘Kuntulan’?”
“Kanggonisun sing paran-paran, embuh ngakoni tah using kadhung iku mau rekadayanisun. Uwong-uwong akeh hang sing ngerti, kadhung jaman semono Isun sampek diceluk lan dilungguhaken anggota Komisi E DPRD Banyuwangi, aran Pak Maksum. Isun dianggep ngerusak kesenian dakwah hang aran Hadrah lan Kuntulan. Serta Sun jelasaken kabeh paran iku Hadrah, Kuntulan lan Kundaran kaya hang Sun omongaken mau, pungkasane gelem nerima. Iku tujuwanisun nguripi kesenian-kesenian dhaerah hang emeh kesilep ring Banyuwangi. Asile weruh dhewek, marek iku kesenian “Kundaran’ iki urip lan akeh tanggapan angger ana wong duwe gawe utawa hajatan. Malah uga akeh hang melebu rekaman, persasat saben desa ring Banyuwangi duwe kelompok Kundaran iki mau.”
“Oh enggih, jaman Ndika mulih nyantrik dugi Bagong Kusudiardjo, kadhung tiyang mboten dhemen. Mergane Ndika dianggep nguwah-nguwahi gerakan juged Banyuwangen dadi njawani kaya dene hang diwulangaken Bagong.”
“Setemene Isun masa nguwahi gerakan mau, kabeh magih Sun jaga keasliane juged lan solah-bawane Banyuwangen. Mula Sun akoni, kadhung ana hang njuwut teka gerakan jugedan Jawa, iku merga jugedan Banyuwangi magih durung duwe alas aturan (dasar sistem). Dadi hang Sun lakoni mau, kanggo nggampangaken piwulangan nang lare-lare hang ajar njuged, uga kanggone wong njaba hang kepingin ajar juged Banyuwangi. Awak dhewek kudu jujur ngakoni, kadhung jugedan Jawa wis duwe ‘sistem’ lan ‘dhasar-dhasar’ jugedan.”
“Kanggo Ndika hang empun suwi dadi “Koreogafer” Seni tari Banyuwangi, kepundi kadhung ningali perkembangan asil karya lare-lare saiki?”
“Terus terang, Isun seru girange ndileng mekar mekroke seni tari ring Banyuwangi. Iku katon teka akehe sanggar-sanggar seni tari hang mecungul ring Banyuwangi. Sing terima ring kampung-kampung Using, uga akeh Sanggar Tari Banyuwangi mecungul ring dhaerah-dhaerah kidulan.
Naming kadhung ndileng ‘mutu gerakan’, kudu diakoni magih akeh kurange. Nana pitung hang mateng (konsep) kabeh ubahe awak lan gerakan tariane mau. Tuladhane, apuwa kok iki solahe hang dienggo, paran lemeke. Gedigu sak teruse. Malah Isun mbiji, kadhung gerakan tari mau ulihe ngelumpukaken teka gerakan-gerakan sak kelebatan, aju diramu lan direnteng dadi karya tari. Iki hang kudu dadi cathetan kanggo “koregrafer” Banyuwangi, merga Banyuwangi tariane wis duwe ciri has. Kari nambahi lan ndhuwuraken nang alas pikire, makene wong njaba uga bisa nerima dudu merga beda ambi liya. Naming ‘olah gerak’ lan ‘olah pikir’ mau, nyawiji nang ujude tarian iku.”
“Hang Pungkasan, napa hang Ndika angen sakat sengen sampek sakniki hang dereng kelaksan? Terus kepundi rencana Ndika hang empun ibuk teng pemerintah desa niki?”
“Sakat bengen, Isun kepingin seru ana Akademi Kesenian Banyuwangi. Iki uga kanggo njejegaken kesenian ring Banyuwangi, makene ana lemeke cara akademis. Kadhung sing gediku, wong njaba ndilenge ambi micek siji. Akademi iki mau, uga kanggo panggone mujudaken ‘generasi penerus’ nang kesenian ring Banyuwangi. Konsep wis ana, uga para pengajare wis ana. Isun uga wis nyawisi lemah kanggo mujudaken Akademi mau, adoh teka kutha Banyuwangi, yaiku manggon ring kecamatan Singojuruh. Njaluk pendongane. Muga agage kelaksan angen-angenisun mau.”
Poto: Taufiq Shaleh
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Lontar Using Jun 2018
Editor: Hani Z. Noor