Sanggar Seni Sekar Tanjung Semalang Becik-Becik Umah

Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Jumat, 17 Maret 2023 07:24 WIB)
- Esai



Kira-kira dina Ahad ring minggu kawitan ulan Januari, ana kabar ring grup WA (WhatsApp) Sekar Tanjung perkara bangunan sanggar hang emeh rubuh. Merga iku uwong-uwong padha gupuh ngetokaken barang-barang kaya tah rong perangkat tabuhan, kanggo ngales teka kedadeyan hang sing dikarepaken. 

Sanggar Sekar Tanjung duwe rong perangkat tabuhan angklung. Sak perangkat tabuhan lawas, sak perangkat liyane tabuhan anyar ulih sumbangan teka Pemerintah Kabupaten dienggo kegiyatan adat Kebo-Keboan.

Sak marine mingseri barang lan tabuhan, anggota Sekar Tanjung dibantu masarakat sak ubenge sanggar aju mangkat tandang gawe, ngedhunaken gentheng, mbongkar gedheg, lan sak piturute.

Kegiyatan iki murni ditandangi uwong-uwong merga dhasar rasa milu nduweni, "Iki sanggarisun, mulane kudu dijaga bareng, kerja bakti, gotong-royong bebarengan." Kadhung jare ruwahe Pak Sayun ring salah siji sair lagu karangane (judhule Jaga Desa): "Jaga desa iku kewajiban kita". 

Beda maning ambi persine lalare Sekar Tanjung: "Njaga sanggar iku dadi kewajibane saben anggotane". Pokoke ana kopi, udud, jajan, masuk wis, kira-kira gedigu abane uwong-uwong hang milu kerja bakti wektu iku.

Perkara picis hang dienggo tuku perinthilan bahan bangunan dikumpulaken teka akeh pihak, kabeh padha milu urun, nawi merga sangking gatine nyang sanggar. Duwe picis ya urun picis. Duwe kopi lan udud ya disuguhena iku. Solidharitase tanpa wates.

Teka kawitan ditandangi (dina Ahad, tanggal 3 Januari 2023) sampek dadi ngadeg bangunan, mbutuhaken pirang-pirangane dina. Kadhang sampek dibelani ngelembur, raina bengi ya kelaksan. Perjuwangane wong-wong iku mula aja takon wis.

Saiki tandang gawene wis mari, bangunan sanggar ya wis ngadeg, tambah apik, saya gagah, keneng dienggo geladhen maning, ngenget materi Angklung Carukan utawa nggawe materi anyar.

Bangunan sanggar hang manggon ring Dusun Krajan pojok kulon (teka perapatan masjid Semalang, melaku ngulon) iki sing mung dienggo latihan Angklung Caruk thok. Terbang utawa Hadrah Kuntulan paran iku ya ana, golongane lalare cilik.

Teka sanggar iki keahlian lalare cilik Semalang disangir. Malah kala-kala lalare teka tangga desa (umume kaya lare Pasinan, Garit, lan Singojuruh) uga ana hang milu ngangsu kaweruh. Kadhung diitung, nawi wis puluhan bakat muncul teka sanggar iki, sakat jamane Kang Cisman ngelatih sampek Cak Tohari hang gelem ngajari terbangan. 

Mula iku, hang aran sanggar iki dudu mung perkara bangunan thok, taping lebih teka iku. Bisa disebut umah. Bisa uga disebut sekolahan, padhepokan, lan sak maceme. Iku merga pungsine sanggar dadi panggon nggeladhen utawa ngelatih bakat-bakat enom hang bakal nerusaken perjuwangan nguri-uri seni budaya (hususe) Banyuwangi mengarepe.

Muga bain teka bangunan sanggar hang magih gres iki bisa njumbul lebih akeh maning bakat-bakat anyar calon penerus kesenian Angklung Banyuwangi. Saklebihe uga bisa nambah daya lan semangate lalare Sanggar Seni Sekar Tanjung Semalang nguripi salah sijine kesenian has Suku Using Banyuwangi iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : -

Editor: Hani Z. Noor