Seni Patrol Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 23 Mei 2024 08:28 WIB)
- Opini



Sapa bain wong hang ning Banyuwangi, mesti padha ngerti hang aran patrol, yaiku tetabuhan hang digawe teka jajang utawa deling. Mulai hang ukuran sak jerijine wong lemu, dienggo suling lan sak ukurane kempole wong endhep, dienggo gong lan dhungdhung. Jajang hang ukurane sak lengene wong dhuwur, bisa dienggo kenthongan, angklung, kethuk, terothok, uluk-uluk, pethit. Ana hang sak wilah, rong wilah lan telung wilah.

Therotok, jajang asal katire kapal, keneng dienggo tempalan. Merga, apike patrol iku kerana tempalan. Ana hang unik, kanggo perkara patrol iku. Jare ruwahe Kang Haji Tejo, pakar angklung Banyuwangi. “Ana hang pinter nggawe patrol lan ngelaras, tapi sing bisa nabuh. Ana hang pinter nabuh, tapi sing bisa nggawe patrol. Bisane mung ngelaras.” Merga urusan nggawe patrol, sing bisa dipisah ambi urusan uwit.

Jajang paran lan hang kelendi? Dawa cendheke ros, kandel tipise kulit, lan teka endi ulihe jajang iku bisa mbedakaken unine. Hang apik jajang hang dijuwut teka pinggire banyu gedhi. Kanca teka desa Kemiren hang  ngarti bab iku. Bisa nggolet lan nggawene. Kelebu jajang katir hang dienggo caklake perahu Mandhar.

Kelompok patrol hang diarani “satu unit“, paling akeh wong limalas. Jaman wingi, sedurunge ana hang aran “satu unit”, wong lima, bisa nyekel patrol sak maceme. Aran gendhinge padha ambi wong limalas. Aju jaman saiki, wis diatur ambi tata tertib. Uluk-uluk diwatesi mung rong wilah, supaya beda ambi unine angklung sak ancak.

Merga patrol saiki, wis disebut “musik patrol,“ gandhangan lan gendhingane, enak dirungokaken. Jare wong ahli musik, wis keneng diarani ”musik orkestra.“ Anane pekara iku, merga ana Institusi hang magih ngarani Patrol iku Patroli. Artine jaga keamanan nalika bengi, sing mung nggugah wong tepak sahur.

Paran maning alat tabuhane wis ditambahi macem-macem kang dudu teka jajang. Taping ana hang nggawa galon wadhah banyu, ana dandang, ana sublukan lan sak maceme barang hang bisa muni. Kurang estestis lan kurang etis, miturut unen-unen, gandhangan lan gendhingane sing kaya musik patrol.

Para Seniman lan budayawan Banyuwangi, ngarani kahanan iku, padha ambi “Dekadensi Budaya” ngerusak tatanan budaya. Alasan hang duwe odho-odho gedigu, magih ngarani Patroli iku padha ambi patrol hang dadi musik. Merga ning panggonan liyan, kaya umpamane Jember, Probolinggo, Pasuruan lan sak liyane, hang aran patrol iku ya Patroli, hang dadi urusane pulisi.

Aju odho-odho hang ditandangi seniman lan budayawan Banyuwangi, nyathet definisi alat musik patrol hang asal jajang iku, paran arane, pira akehe, kelendi cara nabuhe. Sakwetara hang wis kecathet, ana sepuluh, yaiku: “Dhungdhung, gong, gong banyu, tempal, kenthong, kethuk, uluk-uluk, pethit, therethek lan suling.  Keluncing, merga teka wesi, magih durung katut dianggep musik patrol. Lan hang diarani Satu Unit Patrol iku “Orkestra Musik Patrol.”

Patrol Banyuwangi, sing perlu diarani Patroli. Merga seni patrol, asale mung nggugahi wong sahur, ambi nyenengaken lare-lare supaya milu sahur lan  puwasa. Jaman bengen wong Inggris hang ning Singadilagan (Inggrisan) hang ngarani patrol iku patroli, pemeriksaan.

Aju sak lakune jaman, orkesta patrol iku diangkat dadi pestipal utawa lomba, merga akehe kelompok ring endi-endi desa lan kelurahan, utamane kanggone wong Using. Asal mulane sak  Kecamatan kutha Banyuwangi antarane kelurahan. Aju saiki wis kawentar sak Kabupaten, pestipale antarane kecamatan-kecamatan, lan acarane hang ngelibengi dalanan ring kutha, teka kantor Pemda sampek pendhapa, ngeliwati dalan gedhi.

Nalika gubernur Jawa Timur Pak Basofi teka ning Banyuwangi, kerungu aran patrol iku lan dideleng  bareng ambi bupati kala semono Pak Purnomo Sidik, ulihe ngalem seni patrol iku entek-entekan. Aju njaluk nang Pak Purnomo lan Kang Haji Tejo supaya ngirim seni patrol iku nang Surabaya, milu lomba sak Jawa Timur. Banyuwangi ngirim telung unit.

Sak unit, penjalukane Gubernur Basofi lan hang rong unit, utusan teka Banyuwangi. Setemene hang sak unit mung cadhangan, kerana jumlahe mertanggung. Rong unit iku nunggang rong bis. Bis siji kurang, bis loro lebih. Pungkasane, dikirim telung unit. Nalika ning Surabaya, telung unit iku menang kabeh. Juwara siji, juwara telu lan juara harapan kepindho. Tapi ngaclake kanca-kanca Banyuwangi, sing nyebut gedigu. Tapi telung unit iku, disebut nomor siji, nomor loro lan nomor telu. Menang kabeh.

Pirang-pirang peserta teka dhaerah liyan padha nggugat nang juri. Jurine ana pitu teka RRI, TVRI, Diknas lan Sekolah Tinggi Karawitan (STKW).Tapi juri padha njawab bareng, juri sing weruh, asale dhaerah iku, hang diweruhi mung nomor dhadha. Pekara Banyuwangi menang kabeh, iku urusan Panitiya penyelenggara. Panitiya sak repotan jawabane.

Tapi kanca-kanca Banyuwangi bisa njawab. Unit pertama makili Jawa Timur, penjalukane Gubernur, unit hang kepindho, makili Banyuwangi lan unit hang ketelu mung cadhangan, mung ngeramekaken Festival Ramadhan. Pekara menang kabeh, iku urusane juri, hang sing weruh kapan telung unit iku teka Banyuwangi kabeh. Panitiya mung nguweni solusi, tahun maning sing ana kedadeyan hang gedigu.

Protes-protes iku, sing mung ning Surabaya JawaTimur. Ning Banyuwangi dhewek, uga ana protes. Tapi dudu antarane peserta, tekane teka Majelis Ulama, langsung nang salah siji anggota dewan juri, ning ngarape Masjid jamek

“Wis weruh ana wong maderusan, magih gandhangan lan jugedan.” Jawaban juri hang siji rada lugu lan lugas. “Anane gandhangan lan jugedan iku, merga ana gendhingan. Gandrung, jugedane ya Gandrungan. Gendhingan Jinggoan, jugedane Minakjinggoan. Gendhingan Barongan, jugedane ya barong.”

Tahun-tahun sak marine, panitiya penyelenggara ring Banyuwangi netepaken rute lan nguwah lakune lomba patrol. Sing liwat dalan gedhi, teka kantor Kecamatan Kutha Pemda nang Pendhapa, liwat kantor-kantor, tukuk-tukuk lan masjid. Naming liwat gang-gang hang kampunge rame, dhemen nyang patrol. Wargane padha metu, nggelar meja lan nggelar kelasa. Sak maceme panganan ombenan dijaja kanggo panitiya lan juri.

Durung mari patrole, wis ana hang protes sak pirang-pirang teka kampung lan kelurahan, merga gang lan dalane kelurahane, sing diliwati pestipal patrol. Ngadhepi protes iki, panitiya sak repotan. Kelendi carane ngatur, kadhung kabeh gang sak kelurahan  Banyuwangi kudu diliwati. Nawi pestipale perlu wektu sak ulan dhewek.

Seni patrol aja dipadhakaken ambi Patroli, hang melibeng njaga keamanan kaya jaman kolonial. Jaman saiki patroli wis nganggo montor. Patrol, utawa seni patrol, mung nduduhaken sipat gotong-royong, nggugahi tangga lan kanca makene tangi sahur.

Patrol, hang gandhangane mung jajang thok, hang ukurane beda-beda lan cara nabuhe beda, antarane siji lan liyane. Nabuhe duwe cara hang sara ditiru. Ana hang nabuh siji-siji, loro-loro, telu-telu lan nitir. Aju ditabuh bareng hang bisa dadi apike lan dadi enake, tapi magih tetep tradhisional, merga melodhine tetep ekspresi, kaya wilahane Orkestra Simponi ning  Eropa.

Ruwahe Maestro angklung Kang Haji Sutejo, tau diundang nang Blitar, dijaluk ngajari guru-guru sekolah dasar sak Kabupaten pekara nabuh patrol. Tau diundang Kabupaten Jembrana Bali, dadi juri perlombaan nabuh jegog hang dibarengaken ambi lomba Makepung. Jegog iku padha ambi Angklung, mung jajange gedhi-gedhi sak kempol, dawane sak meteran.

Jajang gedhi sak kempol lan dawane sak meteran iku ning Banyuwangi hing dadi angklung jegog, tapi dadi Belanggur bom-boman tepak ngarepaken lebaran. Unine kaya mercon lan bedhil, mimise mung karbit ambi banyu. Kelagot lare-lare iku diuber-uber polisi lan bom-bomane dirusak.

Hasnan Singodimayan

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasnan Singodimayan

Editor: Hani Z. Noor