Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-49-50)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 09 September 2023 09:33 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-49-50)


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

kepaling: Nyasar, salah arah saat berjalan.

Si Ani mulih teka kebonan sing liwat dalan mula, liwat liya dalan kang ora (sing-red) weruh terusane mulane lajur kepaling.

uni: Tadi.

Uni bengi Isun nonton gandrung ring umahe Si Waluh.

terbumi (ider bumi): Masyarakat desa berjalan mengelilingi desa setahun sekali setiap tanggal 15 Ruwah (Sakban).

Uni bengi ana wong terbumi kancane akeh, nganggo muni bebarengan tembung (ucap-red) cara Arab, kayata: Astag pirla al adim, muni sateruse sarana ngubengi desa sajrone kutha, kawit jam 8 tumekane jam 12 utawa luwih.

sorèn: Sore hari, waktu jam 3 sampai jam 5 sore.

Si Andon mengko soren arep menyang sawah.

wulan haji (besar): Bulan yang menjadi rujukan orang banyak.

Saben desa wong kang arep mantu utawa nyunati anake, iku akeh kang nganggoni sajrone wulan Haji, prakara tanggale miturut senenge wong dhewek-dhewek.

dhongé-dhong: Pada saatnya.

Si Waluh lan Si Lebuh padha semayan mengko jam 8 iki padha menyang pasar, dhonge dhong mlaku Si Lebuh ngajak wurung.

biri (besiki) buru: Baru.

Pun Selo biri mlampah dhateng peken (Si Selo buru mlaku menyang pasar).

sèrèg (besiki): Segera, untuk menerangkan berjalan.

Pun Bodhos punika menawi dipun kengken sereg dhateng, awit yen (kadhung-red) mlampah akas.

gediki: Begini.

Yen nggambar jaran iku wangune (modhele-red) rai aja digawe gediki, miturut conto.

gediku: Begitu.

Yen (kadhung-red) nggambar jaran iku sikile aja kari dawa gediku, wangune (modhele-red) kurang gantheng.

amèt: Mengambil.

Si Andon iku mbuka lemari amet jajan.

neter=nggaru: Meratakan tanah sawah sehabis dibajak serta masih ada airnya.

Pa Bun iku ulihe neter sawahe durung mari.

clicih: Cepat selesai.

Si Lebuh iku yen (kadhung-red) megawe clicih, megawe buru rong wulan wis leren, golek liya pegawean maning, selawase yen megawe diku bain.

ndoboli: (Tidak ada keterangan-red).

nanggapi=nampani: Menangkap.

Si Waluh iku ulihe nanggapi jeruk kang diundhuh luput.

sakat=kawit: Sejak.

Si Andon iku sakat mari padu kambi Si Mita, terus sing ana teka mrene maning.

menyang: Pergi.

Si Labu iku saiki menyang sawah.

mrujuk, mletik: Tumbuh, tunas baru pada tetumbuhan.

Isun ndhedher paloke (pelok) poh ganda wis merujuk.

melar: Membajak sawah tapi tanpa diairi.

Pa Santa iku melar ring kebonan arep ditanduri sabrang.

gampung: Memanen padi yang masih pada pohonnya.

Si Marwati iku menyang nggampung ring sawahe Pa Kandar.

uter: Memindahkan tanaman.

Pa Buwang iku nguter tukulane wit kemuning arep ditandur ring kuburan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor