Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-51-52)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 10 September 2023 07:48 WIB)
- Kolom Bahasa Using
-94896.jpg)
Cathetane R. Soedira (W74-04-51-52 entek)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
apèn-apèn: Tidak sebenarnya; Berbohong.
Si Labu nyeluk Si Andon clathune: Delengen iki ana ula kari gedhe, Si Andon nuli (aju-red) marani, bareng (serta-red) wis parek Si Labu clathu: Apen-apen.
anyeng: Menarik tali.
Si Buwang iku nganyeng tali layangan.
aring-aring: Berdiang di depan api.
Si Bodhos iku ngobong dheket digawe aring-aring.
apruwa: Coba.
Si Junan kongkon Si Labu clathune: Apruwa tukokena jajan iku, arep weruh rasane.
ancik-ancik (ancik-ancikan): Orang laki yang menumpangi orang Perempuan.
Umah germa iku panggonan wong ancik-ancikan.
usan: Berhenti, beristirahat, saat menggarap sawah.
Si Waluh lan Si Labu padha nyingkal ing sawah, bareng (serta-red) kira-kira jam satengah rolas padha usan arep mangan lan makani sapi.
endok (andoh)= Menaruh.
Si Kanang iku endok klambi ring planca mburi.
amplok: Gendong di punggung.
Lare-lare lanang iku padha gendhong-gendhongan amplok gantenan.
ebug: (Tidak ada keterangan-red).
kauk: Bersorak, suara keras yang berbunyi bersamaan.
Isun rungu suwarane wong kauk, bareng (serta-red) Sun nyatakakaken ring plekat (alun-alun) ana wong gitikan.
tomplok (tomplokan): Tabrakan.
Isun ana ring pasar nemoni dhokar tomplokan kambi auto (montor-red), dhokare akeh karusakane.
tebes (nebesi): Memotong dahan kayu.
Si Waluh iku nebesi kayu asem kang ngiyubi umahe.
(Buku jilid 4, entek-red).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.