Sirwalun, Seruwal, Seluwar
Iskak Basuki (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Januari 2024 07:59 WIB)
- Esai
Unibengi alae isun sing ngimpi paran-paran. Nawi tah ngimpi hang aneh-aneh, hang ana tapsire arep kemisinen. Kaya ngimpi nguyuh ring tengahe lurung, umpamane. Jare iku pertandha arep ngalami kedadeyan hang nggawe wirang. Jare gedigu. Isun iki ketepakan arang-arang ngimpi. Unibengi ya using. Munggane yara enget. Sangking tepak apese awak bain 'mangan lupis kasinen.... kepilis kemisinen'. Isun mari kemisinen, isin ambi tangga wetan kono. Asem yara wih! Ceritane, isuk mau isun nyambang sawah ring Kenjo, nunggang montor, aju rada bedhug sithik langsung mudhun nyang kutha, mapag anak wadon, mulih sekolahe rada awal. Ring dalan rabinisun nilpun, jare jebeng kon ngeteraken nyang panggone iyane pengajian ring Sukowidi. Oke. Mider-mider nggeremeti lurung ngulon balik ngetan, ngalor balik maning ngidul, ahire beres aran tugas negara. Kari mulihe. Melaku mulih, isun mikir bengsine montor, wayahe ngisi. Tapi kaya sungkan arep nyang pom. Tuku nyang pertamini bain wis, pom-e tangga dhewek. Maning hun pikir kayane magih cukup bengsine. Misale diisi engko isuk ring pom magih nutut. Nak langsung mulih bain wis, nak terus istirahat. Kaya adate, ambi nyetir isun mesthi ambi nyetel musik. Gadug umah kira-kira kurang 200-an meter, dalane ngulon rada munggah, mara-mara mesine montor ndheredhet. Alak! Apal isun. Luput itung-itunganisun. Kok entek tibane bengsine? Sing kirane gadug umah iki. Sing bisa using kudu tuku saiki. Nong endi? Yong wis kadhung gadug kene, sing ana pertamini paran maning pertamina. Ya wis, tuku sak anane bain. Rejeki mula wis ana hang ngatur. Pengeran hang ngatur, hang ngedum. Iki tandha rejekine wong adol bengsin eceran. Rejekine kang Aji, tangganisun hang buru pirang dina iki katon mbukak tokok cilik alias kiyos ring bagiyan samping ngarep umahe; usaha cilik-cilikan, ana bengsine pisan. Biyasahe isun tuku eceran ring warung wetane maning. Serehne darurat ya iki bain hang paling parek, idhep-idhep nukoni warung anyar; hang njaga anake kang Aji, mantune wadon. Mbegh! Ya iki. Isun weruh naping sing kenal ambi lare iki. Saben dina wira-wiri ngetan-ngulon mung katon teka kadohan. Perasanisun mantune kang Aji iki meh mesthi mung kaosan ambi nganggo sirwalun bain ya. Ongkeb thok pantese. Paham sirwalun? Ucap impor iki teka basa Arab, aju diantem ilate wong kene, dijait maning ambi wong Jawa dadi seruwal utawa seluwar - ana hang nggunting maning dadi suwal - yaiku kathok. Kathok, nek diangkat ketok, gedigu jare guyonane ludruk bengen. Anggepen bain iku bener. Nawi durung mudheng, gedigi maksude. Contone wong lanang, yara biyasah nganggo sirwalun ambi sarungan. Iya, ra? Kadhung sarunge diangkat yara aju ketok terus katon; katon sirwalun-e. Endane gedigu bain sing paham? Ting, saben-saben isun liwat kono, mantune kang Aji iki sasat sing tau katon nganggo erok, tosene berukut jilbaban; tosene maning sarungan. Temune sing kathik ana hang diangkat ya ketela-tela ketok aliyas katon sirwalune. Eh! Kelendi tah? Ceritane paran setemene tulisan iki? Teka kulon, teka panggone montor mandheg ndheredhet, mengetan lurunge temurun. Montor hun gelondoraken bain mundur sampek nyang warung anyar madhep ngidul iki, hun endhegaken parek papan bengsine. Katon susun loro botol-botole, ana siji-loro hang wis kosong, liyane magih ana isine biru-biru.
"Bengsine, Dhik. Piraan...?"
"Kalih welas ewu...".
"Iya wis. Berarti seket ewu ulih petang botol yuh...?" Seket ewu susuk rong ewu. Isun setemene wis paham regane. Bengsin biru eceran ring endi-endi padha, rolas ewu. Lan, lare iku metu-metu ambi ngelayani tetep kaya jare isun mauka penganggone. Sirwalun cemeng ambi kaos buntung cemeng. Kaose kaos buntung, isun mau lali nerangaken buntunge. You can see - yukensi. Eh! Kelendi tah? Iki, saiki, katon teka parekan. Mauka apuwa isun wurung nyang pom yuh? Isun masa wani nyawang. Isin dhewek. Serta katon emeh mari - larene ngandoh botol papat hang wis kothong nong rak-e maning - isun ngetokaken dhompet teka sake celana mburi. Ana picis eketan ewu ring jerone dhompet, ketepakan kari siji ndhil. Temenan. Nyaruki sing ama kancane maning. Tapi....kok sing ana? Wohh...!! Hahh...!! Endi...? Sampek sun beliyaki, nawi nyelempit, nawi salah ndeleh nong kamar sebelahe, nyampur ambi golongane ktp, sim, stnk, atm, npwp, dll? Tetep sing ana ak...! Nggerohi sake celana kiwa-tengen ya sing ana! Ana setangan. Nong endi tah picis kertas biru mauka? Sing pernah endane dhewekan nong dhompet? Isun saya bingung campur isin ditulihi mantune kang Aji hang mbuh dhik sapa arane?
"Eh! Ulung, Dhik! Picise...eh, nong endi tah?"
"Kersane pun, mengke mawon....", abane.
"Eh! Ya Isun isin ambi Rika...." Buru nukoni sepisan wis sing beres, usikisun. Aja-aja ring esake sirwalun. Hun esaki ring seruwal? Iya paling. Lali isun. Kadhung mula iya aju kelendi njuwute? Yara kudu mbukak epek, mbukak selerekane celana! Eh! Eh! Isun kok ya terus ngomong....
"Eh, rasane ring sak njero...." Ambi ngomong gedigu isun mbukak lawange montor. Ngadeg madhep ngidul, ditingguli lawange montor isun kepeksa mbukak celana, melorotaken sithik alan-alane wong arep nguyuh nong ngisore uwit, terus nggerayangi esake sirwalun. Tangan tengen melebu sak tengen, tangan kiwa ngubeg-ngubeg sak kiwa. Eh, sing ana ya...! Endane cicir bangete ring sawah mauka? Rasane bain. Sing kerasa katut metu bangete rogoh-rogoh udud. Nagud! aju kelendi iki? Mantune kang Aji iku magih ngadeg ring kono. Jare engko bain picise sing paran-paran. Mbegh! Apes dina iki. Isin temenan isun. Kok ya sing ana pirasat utawa impen paran-paran unibengi? Tapi, hang isinan maning munggone mauka isun paca nyang pom! Mbegh! Emane wurung. Ulung Dhik nak nilpun wong wadon, nak takon nawi tah mau kelalen ring umah picise. Thut...thut...! Hing diangkat-angkat. Pantese nepaki ndonga bareng ring pengajiane, hp-ne dipateni suwarane. Dhik, dongakena isun, Dhik...!
"Mengke mawon pun, Pak", ngomong maning Dhik....Sirwalun.
(Bwi,1223.1.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pemikiran dan Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor