Susi Susanti Kedhapuk Maning Dadi Seblang Olehsari 2022

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Mei 2022 10:25 WIB)
- Tokoh



Wis rong taun iki Seblang Olehsari sing dianakaken gedhen-gedhenan merga ana pageblug ring taun 2020 lan  2021. Taun 2022 Seblange balik maning nyang Susi Susanti, taun iki iyane maning hang kepilih dadi Seblang ring Olehsari, liwat perantarane pak Zaini. Kaya hang ana ring taun 2019 kepungkur.

Susi hang keturunan Seblang sakat teka embahe iki  dadi seblang kepilih maning ring taun iki. Kayadene keturunan Seblang sakdurunge Susi nyanggupi dadi seblang maning ambal kepindho. Sakdurunge emboke hang aran Sriwahyuni utawa Yuni bengen ya wis tau dadi seblang.

Dina Jemuah utawane Lebaran limang dina Seblang Olehsari diangkati maning . Sakmarine selametan ring panggonane Seblang, utawa sak ubenge Payung Agung para ketua adat Seblang Olehsari nerusaken adate.  

Susi kelairan Olehsari Songolas taun kepungkur iku metu teka panggonan paes aju diarak ambi wong-wong adat lan masarakat nuju nyang Payung Agung. Wis kaya apal bain para pawang lan ketua adat nyang kekarepane Susi hang wis dadi Seblang.

Ring panggonane kana ana makuta Omprog, ana para bungkil, ana kembang durma, menyan, uga Sega Woduk lan Tumpeng sekabeane sarat wis dianani. Sing lali uga kendang, gong lan saron kanggo saranane tetabuhan hang ngiring gendhing seblang.

Mari lohor Susi mangkat njuget ngubengi Payung Agung hang kelire putih. Sinden madhep ngetan nggawa Gending Seblang-seblang, Cengkir Gadhing, Lilira Kantun, Layar Kumendhung, Kembang Derma sampek Kembang Pepe digendingaken bolan-balen.

Kembang Derma dadi salah sjijine ritual hang dianteni penonton. Kembang kanthil putih lan kuning hang wis dikunduki aju diideraken ambi Seblang. Sedela bain kembang hang akehe sak tampah munjung iku wis entek. Masarakat padha rebutan milu tuku sepuluh ewu ulih telung kunduk. Wawan salah sijine dhayoh hang teka Kalimantan iku milu tuku serta diwarah kembang iku bisa dadi sarat. Dadi sarat paran bain, umpamane keneng dienggo sarate wong dodolan makene laris dodolane. Utawa diendoh ring sawah makene asile panen taun ngarep tambah akeh. Tetanduran pari sing ana wereng lan kresek hang ngerusak sawah.

Kembang Derma uga dipercaya kanggo perawan kasep hang angel ulih jodho. Kadhung gelem tuku kembang derma lan diniyati kanggo sarat bisa gancang ketemu jodhone.

Wayah mari Asar Susi hang wis kerawuhan wong alus hang akehe petangpuluh papat iki aju dijolang munggah nyang meja. “Tundik” dadi salah sijine ritual sambunge.

Susi njuget ambi merem kaya biyasahe. Gendhing Seblang sing ana lerene diiringi tabuhan teka tengahe Payung Agung. Tangan tengene Susi ngethem sampur hang sakwayah-wayah diserawataken nyang akehe penonton. Sepisan-pindho iyane njuget mari gediku sampur aju dibalangaken nibane dhayoh hang nekani hang lungguh ana ring kursi elor umah tikel balung. Dayoh hang kaiwitane nyekel kamera iku pungkase milu munggah nyang meja sakmarine nitipaken kamera gedhene. Wong hang katone asal kutha liya iku aju njuget ambi seblang.

Ngarepaken surup wayahe Seblang Subuh, Susi mudhun teka mejane. Iyane mangkat ngibat-ibataken sampure kaya dene wong nyapu ring latar. Susi hang wis dadi seblang iki ngeruwat tanah lan bumi Olehsari makene sing ana pageblug lan sing ana balak maning. Keselametane wong desa hang dadi sarat utamane. Sakmarine Susi balik maning nyang umahe dadi Susi kaya biyasahe. Naming kesuk wayah mari Lohor iyane ya bakal ngelakoni gediku maning sampek petung dina lawase sampek dipungkasi "Ider Bumi".

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf