Uba Rampe Ritual Adat Keboan (bag.2 - tamat)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 26 Agustus 2021 06:30 WIB)
- Opini



Sanggar Pamujan.

Sanggar pamujan iku arupa umah cilik hang dienggo ndeleh uba rampe kanggone sajen ring Ritual adat keboan Aliyan. Keboan Aliyan hang ana ring Sukodono lan hang ana ring Krajan Aliyan kabeh padha anane, semono uga hang ana ring Alasmalang. Hang wajib mesthi kudu ana yaiku  janur (pupuse kelapa). Iki dadi pelambang anane nur yaiku cahya penguripan hang asale teka Pengeran. Janur iku mau sakteruse direnggo ana ring umah-umahan cilik hang aran sanggar pamujan iku mau. Sakliyane ana ring sanggar pamujan janur uga dideleh ana ring singkal utawa teter hang dienggo prosesi ring ritual adat keboan.

Para Bungkil

Para bungkil iki arupa asil bumi hang wis ditandur ring wong tani. Bersih desa utawa selametan kampung sing bakal luput teka selametan bumi iki uga dienggo ngurmati nyang ibu bumi hang wis nguweni kesuburan lan bisa nguweni asil arupa uwohe tetanduran. Para bungkil bisa awujud pala-pala-an, kayata pala pendhem yaiku paran bain hang asile teka tetanduran hang kependhem mulai teka sawi, sabrang, ganyong, gembili, bothe, bentul lan liyan-liyane.

Sakteruse pala gemantung arupa uwoh-uwohan hang asile gemantung ana ring ndhuwuran umpamane kelapa, gedhang, selok lan liyan-liyane. Sakliyane iku mesthine palawija kaya dene lobok, ranti, jagung, gadhel.

Para bungkil iki sarana wajib anane ring sanggar pamujan kanggo sarat anane uba rampe ritual adat bersih desa keboan hang ana ring desa Aliyan.

Cok Bakal/Peras Gedhe

Cok (cikal) bakal (permulaan) utawa gacok bakal duwe makna gambaran kawitane anane urip lan penguripan. Mula iku sarat anane cok bakal yaiku endhog utawa tigan. Endhog utawa tigan dadi gambaran anane urip hang kawitan yaiku bakal iku mauka. Cok bakal anggone wong Aliyan hususe hang ngelakoni adat bersih desa iki dadi saranane sedekah lan rasa sukur nyang Pengeran makene diweni kelancaran anggone ngawiti penguripan sakmarine selametan bersih desa sampek ketemu ana ring selametan bersih desa taun ngarep mbisukane.

Sakliyane cok bakal hang arupa kembang setaman lan endhog uga wanci kinangan uga anane peras gedhe penting anane.  Ring peras gedhe ini mesti ana gedhang raja, keneng uga gedhang saba naming hang utamane gedhang raja. Sakliyane gedhang raja ana maning, kelapa, tali lawe, beras, lan gula. Pancen ana ring peras gedhe iki kudu jangkep merga iki selametan desa utawa bersih desa hang disangga wong sakdesa, pancen ya abot sanggane.

Lahan tepat untuk iklan anda di sini.

Hubungi: skb@belambangan.com atau WA telp 0811843457


Petung Tawar

Salah sijine uba rampe hang ana ring ritual adat bersih desa Keboan hang ana ring Aliyan lan ring Alasmalang, petung tawar wajib anane. Petung tawar iki dadi cirine adat ritual keboan. Petung tawar ana rong macem. Hang nomer siji arupa beras kuning hang durung dialusaken utawa sing dibebeg lan hang siji petung tawar hang dibebek alus.

Petung tawar dhewek asale teka beras lan kunir. Ana uga hang ngarani beras kuning. Petung tawar beras kuning biyasahe uga dadi panganane keboan hang wis ndadi utawa kesusupan.

Petung tawar alus biyasane dipolasaken rata dipoletaken ana ring bathuk utawa ana ring barang-barang hang dienggo saranane ritual umpamane ana ring tabuhan utawa ana ring singkal lan teter hang dienggo ritual adat keboan.

Tumpeng Lanang-wadon

Sajen lan suguhan hang kelebu ana ring uba rampe liyane mesthi anane tumpeng. Tumpeng ana rong macem yaiku tumpeng lanang lan tumpeng wadon. Sakliyane sega putih tumpeng lanang ana iwake yaiku pethetheng pitik . Ring kene pethethenge arupa pitik hang dibakar digenengaken wutuh sing dikethok-kethok. Kabeh anane wujud pitik mau magih ana kayadene sikil, endhas, suwiwi lan jeroan sing suda kejaba wulune bain hang dibuwang.

Tumpeng wadon padha uga arupa sega putih naming sing nganggo iwak pitik naming nganggo janganan kulub kayadene kacang lanjaran, kangkung, pakis hang digengaken sing dipethiki anane sak unting-sakunting. Ragine nganggo pecel krawu yaiku parudan kelapa enom.

Sekul Arum

Sekul arum utawa menyan yaiku arupa wewangian hang diobong. Menyan iki kelebu sesajen hang sing kewujud panganan utawa barang naming arupa wewangian. Beda ambi kembang wewangian hang arupa sekul arum mung bisa dirasakaken kadhung dicolok ana ring wawa utawa geni.

Tumpeng kerucut

Tumpeng hang digawe teka ketan utawa beras ketan  wujude kaya gunungan cilik. Tumpeng kerucut digawe kelar-kelir kaya kelir abang, ijo, kuning, putih, lan cemeng panca warna. Panca warna yaiku limang kelir. Tumpeng kerucut iki gambarane sanak papat-lima badan. Sanak papat lima badan dikarepaken hang njaga awake menungsa iki.

 Jenang Abang

Sajen utawa suguhan hang wis anjrah ana ring adate wong Banyuwangi arupa jenang abang. Beras hang digawe jenang nganggo werna abang teka kelire gula abang utawa gula jawa utawa gula kelapa. Jenang abang mesti bain sandhingane santen kelapa hang kelire putih. Jenang abang iki kelebu suguhan hang keneng dipangan sakmarine ritual. Pada bain ambi tumpeng lanang wadon hang arupa sega jangan lan pethetheng pitik.

Winih Ngurit

Winih ngurit iki arupa winih pari hang bakal winih. Ring bagiyan ngurit winih iki bakal disemburaken nyang masarakat hang nekani ritual adat. Sapa bain ulih njuwut winih hang wis mari ulih berkatan iku mau hang engko bakale dibarengakken nalika para tani tandur ana ring sawahe bareng ambi winihe dhewek. Iki dikarepaken makne asile panen ulih berkah teka hang kuwasa merga wis ngelakoni sedekah bumi utawa sedekah desa liwat bersih desa.

Kewan Sawah

Ritual Adat Bersih Desa Keboan kayadene ning Aliyan lan Alasmalang iki pancene sing adoh teka urusan sedekah bumi. Hang dimaksud ring kene sakliyane ucap sukur lan njaluk selamet uga dienggo ngawiti anane tetanen. Tandur ana ring sawah lan kebonan mula iku gambarane hang ana ya mesti bain kebo. Kewan hang wis dianggep ngancani para tani iku uga dihurmati. Mula iku ring sanggar pamuja uga ana sajen hang arupa kewan sawah hang digawe cilik2 teka gelepung hang bisa uga engko dadi panganan. Gelepung beras iku dipuntir-puntir lan diulug-ulug makene dadi wujud kaya kewan sawah. Kewan sawah kayata, kebo, ula, uler, walang, garangan, manuk lan sembarang kewan hang manggon ana ring sawahan. Kabeh kewan sawah hang digawe teka gelepung kelire putih iki aju dideleh ana ring nyiru bareng ambi uba rampe liyane.

Uba rampe saktemene dienggo nyebut paran bain samubarang hang ana ring sanggar pamujan ritual adat keboan. Sajen, peras gedhe, cok bakal, sekul arum, kelapa, para bungkil  lan winih  kabeh mau kelebu ana ring uba rampe. Cok bakal lan sajen kudune dadi barang hang wajib anane ana ring uba rampe ritual adat keboan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf