Wis Wayahe Banyuwangi Duwe Pendidikan Formal Seni

Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Kamis, 09 Januari 2025 07:49 WIB)
- Opini



Sapa uwonge kang sing weruh, gok Banyuwangi iku sugih bab seni lan budaya. Iku wis dadi konsumsi masarakat, seperene. Kesenian ning Banyuwangi iki, ana Gandrung, Janger, Angklung, Kendhang Kempul, Barong, Kuntulan, Burdhah, Gedogan, Macaan, Praburara, Jaranan, Campursari, Wayang, lan sepiturute. Bukti kadhung Banyuwangi sugih bab seni lan budaya.

Tapi isun arep takon. Serta wis weruh kasunyatane gedigu, aju arepe paran? Apa seni lan budaya iku mau arep digeningaken bain, sampek pungkasane ilang-ilang dhewek?

Kesenian, makene urip jejeg ngeliwati ubrek-uwahe jaman, perlu didhukung, kudu disangga bebarengan. Njejegaken kesenian iku sing mung tugase panjak, wong hang njuged, pimpinan lan anggota komunitas keseniane, tapi uga perlu dhukungan masarakat lan pemerintah.

Ring bab iki, masarakat tugase dadi tukang apresiasi. Bisa kelawan cara ngundang, utawa bagiyan ndeleng thok, ya sing dadi perkara. Hang penting, kudu diengeti, dadi tukang apresiasi iku tugase dudu mung ndeleng thok, tapi uga wajib bisa njaga ketentreman lan ketertiban ning panggon pentas. Aja sampek dhong-dhonge ana kesenian tampil, aju malah nyerintungi lan ngganggu lakune acara, tukaran sekarepe dhewek.

Semono uga pemerintah. Tugase pemerintah rada abot, merga duwe tanggung jawab nggawe kebijakan sing mung nguri-uri, tapi uga ndadekaken maju lan kesuwure bandha donyane (kekayaan) negara iki. Bab iki wis diatur ning Undang-Undang Republik Indonesia No. 5 Tahun 2017 bab Pemajuan Kebudayaan. Kira-kira salah siji isine ngatur kadhung negara iku ndadekaken majune kabudayan minangka celengan (investasi) kanggo mbangun masa depan lan peradaban bangsa miturut tujuwan nasional kaya wekase UUD tahun 1945.

Teka aturan iku mau pemerintah Banyuwangi sampek saiki wis nggawe terobosan-terobosan kanggo bab kang kaucap. Pemerintah Daerah (pemda) Banyuwangi nganakaken kegiyatan rutinan Banyuwangi Festival, kang ning njerone wakeh perinthilan kegiyatan-kegiyatan seni lan budaya. Ring antarane, ana Banyuwangi Ethnic Festival (BEC), Festival Kuwung, Kebo-keboan Alasmalang lan Aliyan, Ngopi Sepuluh Ewu, Pestipal Mepe Kasur, Pestipal Seblang Olehsari lan Bakungan, Pestipal Ider Bumi, Pestipal Patrol Ramadhan, Pestipal Kuntulan Caruk, uga Gandrung Sewu lan Festival Gandrung Jawa-Bali. Kabeh iku dadi sewijine bukti Pemda Banyuwangi ngelaksanakaken tugase kelawan semesthine.

Liwat tulisan iki, isun uga kepingin urun rembug. Wis sun sampekaken kawitan mau, gok Banyuwangi iki sugih seni lan budayane. Merga iku, wis wajibe masarakat lan hususe pemerintah njejegaken kabeh bain seni lan budaya hang diduweni Banyuwangi. Merga kabeh uwong weruh, Gandrung iku kesuwur ring endi-endi panggonan. Akeh uwong, paguyuban, lalare sekolahan kang nggesahaken Gandrung lan promosine pemda dadi sewijine alasan, apuwa Gandrung bisa dadi kaya saiki, kesuwur ring endi-endi.

Tapi balik maning, Banyuwangi iku sugih seni lan budayane. Mula wis dadi tanggung jawabe masarakat lan pemda Banyuwangi nguri-uri kabeh seni lan budaya iku mau. Kabeh kudu dirumat. Dudu mung siji utawa rong kesenian tok.

Sak liyane iku, wis wayahe Banyuwangi iki duwe sekolah seni formal. Perkara iki magih ana pernahe ambi bab sak durunge. Sekolah seni formal bisa dadi jawaban kanggo nguri-uri, njejegaken, lan ndadekaken seni budaya Banyuwangi maju. Merga kelawan sekolah seni formal, lalare Banyuwangi bisa sinau kelendi carane nyuksesaken tujuwan iku. Sak liyane sinau nyuksesaken tujuwan iku, lalare Banyuwangi uga dadi duwe wadhah kanggo nyaluraken minate ring babagan seni sampek pendidikan tinggi.

Mula bener wis akeh sekolah formal seni ning Indonesia. Tapi sapa hang gelem pokus ndadekaken seni lan budaya Banyuwangi minangka punjere materi pembelajaran, kadhung dudu “wong Banyuwangi” dhewek?

Ring sekolah seni kaya STKW Surabaya contone, bener ana materi pembelajaran seni teka Banyuwangi, taping pokuse campur ambi seni teka dhaerah liya. Akibate paran? Kekayaan lokal Banyuwangi hang kudune bisa dikedhuk jeru-jeru kanggo nemokaken sapa sejatine Banyuwangi, durung bisa kelaksan.

Mulane, saiki wis wayahe Banyuwangi duwe pendidikan formal seni dhewek.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : -

Editor: Hani Z. Noor