Wong Alus ring Keseniyan Banyuwangi (Bagiyan 2 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Juni 2024 07:48 WIB)
- Opini



Wong Alus ring Keseniyan Banyuwangi

(Bagiyan 2, pungkas)

Ngomongaken keseniyan tradhisional Banyuwangi mesthi bain sing bisa diselehaken ambi hang aran Perewangan (magic). Perewangan iki hang dikarepaken yaiku wujud kekuwatan sakliyane kekuwatane menungsa hang ana ring alam hang beda. Umpamane bain jim, wong alus, lelembut, roh, mbah buyut, danyang lan liyan-liyane hang wis diakoni anane ring alam keseniyan rakyat Banyuwangi. Kekuatan  liya hang awujud kaya jim, wong alus, lelembut, roh, mbah buyut, danyang lan liyan-liyane iki dipercaya bisa njangkungi utawane ngerewangi anggone wong-wong hang megiyat ring keseniyan tradhisional.

Kekuwatan-kekuwatan liya hang ana iku bisa diarani perewangan, embuh iku Perewangan ring pengertian positip utawa magic ring pengertian negatip. Bengen ring jaman rame-ramene Angklung Caruk, kira-kira ring tahun 1970-an, sing keneng dilali hang aran perewangan negatip mesthi dadi cerita hang sing keneng ditinggalaken.

 Kaya hang diceritakaken Kang Waras Badhut Angklung Caruk teka Bolot Aliyan Rogojampi. Bengen, carukan antarane grup angklung teka desa siji lan desa liyane mestine nggawa hang diarani “engkik” (wong pinter hang bisa kirim santet utawa sihir kanggo ngelarani musuh) nganggo Perewangan. Ana uga engkik hang digawa sak perlu kanggo mageri teka pesengane musuh. Gedigu ya magih ana kaya hang diceritakaken Kang Waras teka wong-wong hang milu manjak ring angklung caruk hang mari carukan. Umpamane ana hang ngising getih serta mari milu carukan, ana uga hang mutah ngising mari milu carukan. Ana uga hang cerita kadhung mari tanggapan angklung caruk, hang aran kendhang isine sumping. Alihe mbukak hang aran kendhang iki sing gampang merga dipuket ring penjalin hang kukuh lan sing sembarang uwong bisa mbukak liyane tukang kendhang. Iki merga sumping dipeseng liwat dalan gaib (magic). Gedigu ceritane Kang Waras iki uga dibeneraken ring Kang Juwono salah sijine panjak tabuhan Angklung teka Sukorejo Lemahbang Kulon kecamatan Singojuruh.

 Iku mau cerita magic negatip hang ana ring angklung caruk. Magic liyane uga ana bengen ring jaman kuntulan caruk. Bengen ring tahun 1980-an seni hadrah kuntul iku rame-ramene. Akeh grup-grup hang kesuwur merga patheng kundangan lan akeh hang kedanan. Umpamane Melati Putih teka Aliyan Kecamatan Rogojampi, lan sing kalah uga Kuntulan teka Kemiren Kecamatan Glagah. Ana bain cerita bab magic mau, umpamane mari carukan bengine serta diintep gadug umah nyatane jedhor hang arupa bedhug iki mau isine akeh jajan lan panganan merga diisi liwat dalan magic mau. Kadhung jedhor wis diisi jajan engko dikarepaken sing bisa muni apik, alias mbadheg. Kadhung wis gedigu dikarepaken ring hang ngirim magic grup mau bisa dianggep elek ring penonton.

 Sakliyane magic negatip, magic hang sipate positip uga ana ring Keseniyan tradhisional Banyuwangi. Anane magic iki biyasahe dadi kekuwatan hang bisa dienggo ngerewangi menungsa ring bab keseniyan. Merga menungsa dhewek dianggep sing duwe kekuwatan, kadhung sing ditulungi barang alus utawa magic sing bakal keseniyan mau bisa tampil apik. Ring kene keneng dienggo conto umpamane seni jaranan lan seni barong.

 Sing beda teka keseniyan-keseniyan tradhisional liyane, seni Jaranan lan Barong bisa didadekaken wujud nyatane kadhung keseniyan Banyuwangi magih kegolong seni kang nganggo perewangan Alam Alus. Iki bisa dibuktikaken anane kembang, menyan, lan japa mantera utawa jampi-jampi ring pementasane Jaranan lan Barong.

Penonton kepingine pemain jaranan sak liyane bisa njuged uga bisa ndadi (kerasukan roh). Kadhung pemain jaranan wis ndadi kerasukan roh iku sakteruse jugedane bisa tambah apik lan tambah klimaks. Sing sithik penonton seni jaranan teka ndeleng jaranan kadhung wis wayah pemain jaranane ndadi. Ring wayah iki biyasahe mari bedhug utawa wayah lohor. Pemain jaranan hang wis ndadi utawa kerasukan roh biyasahe keneng digodha, disuwiti makene nguber lan ngamuk. Kadhung pemain jaranane wis nguber penonton, iki hang paling didhemeni penonton. Kadhung ana grup jaranan hang sing bisa ndadi biyasahe sing ana hang dhemen lan sing ana hang gelem ngundang.

 Hang gedigi iki uga dilakoni grup seni Barong hang ana ring Banyuwangi. Tekane Perewangan utawane kekuwatan magic mau didadekaken bagiyane pertunjukan hang mesthi dianteni penonton. Seni Barong Kemiren uga nganggo roh mbah buyut ring wayah cerita klimaks. Biyasahe mbah buyut nekani lan melebu nyang pemain barong sak perlu milu ana ring pertunjukan mau. Ring cerita Barong Kemiren Mbah buyut mau dikarepaken teka bisa nguweni wewarah hang apik nyang penonton hang wis dianggep putu-putune hang saiki magih urip ring alam donya.

Ring keseniyan Gandrung, Perewangan biyasahe dienggo kanggo ndadekaken Gandrung bisa duwe kekuwatan sanggup njuged sewengi sing kathik ngepos lan nguyuh. Sedurunge gandrung terob mangkat nggandrung, ngelakoni ngirim nyang mbah buyut utawa sapa bain hang dianggep bisa dienggo rewang ring sewengi pertunjukane. Pawang utawa emak-emakane biyasahe hang ngelakoni sarat lan uba rampe hang dienggo ngelakoni ngundang Perewangan mauka.

 Sak liyane sarat-sarat lan sandhingan hang dilakoni gandrung sakdurunge mangkat ring pertunjukane, gandrung uga nganggo wedhak lan lipen hang wis diisi sarat ring pawang utawa emak-emakane. Sing salah kadhung ring Banyuwangi akeh wong hang bisa nggawe sarat wedhak lan lipen kanggo gandrung. Umpamane bain Mbah Pon, uwong iki wis akeh nguweni sarat hang ana ring njero wedhak lan lipene gandrung. Wedhak lan lipen hang wis disarati ring Mbah Pon biyasahe dikarepaken ndadekaken gandrung iki duwe seret hang anter tepak wayah main ring pertunjukane. Kadhung wis gedigu gandrung bisa dadi duwe rupa hang lebih ayu lan lebih apik timbang sakdurunge nganggo wedhak lan lipen hang wis disarati mau.

(Moh. Syaiful)

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Foto: Sulihbudi

Editor: Hani Z. Noor